Kompetensi Dasar dan Indikator
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasalesan dalam berbagai situasi sesuai tatakrama
3.1.1 Menjelaskan unggah-ungguh basa.
3.1.2 Menjelaskan karakteristik unggah-ungguh basa.
3.1.3 Menjelaskan penggunaan unggah-ungguh basa dalam teks pacelathon.
3.1.4 Menjelaskan isi teks drama.
4.1 Melakukan simulasi penggunaan bahasa daerah dalam berbagai konteks sesuai dengan tatakrama.
4.1.1 Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah.
4.1.2 Mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis.
4.1.3 Memberikan komentar atau tanggapan tentang penampilan temannya dalam bermain teks pacelathon.
Garapan 1: Njlentrehake Unggah-Ungguh Basa
Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ragam ngoko lan
ragam krama. Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan
watake rumaket. Yen tetembungane awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa
ngoko lugu, menawa tetembungane kacampuran tembung-tembung krama
kagolongake basa ngoko alus. Dene yen tetembungane mligi krama kagolongake
basa krama. Ragam basa krama utawa basa kurmat iku basa kang nduweni drajad
sadhuwure basa ngoko. Basa krama luwih alus lan nduweni surasa luwih ngajeni.
Gatekna tuladha ing ngisor iki!
Tuladha 1 pacelathon ngoko lugu
Bagus : Drun, nyang ndi?
Badrun : Lapangan, melu ta?
Bagus : Gak, kadhung semayan karo Adul.
Badrun : Ana acara, ta?
Bagus : Biasa, motor anyar, Mas Brow.
Badrun : Ati-ati, aja ugal-ugalan!
Bagus : Weleh, kaya wong tuwek ae, tutur-tutur!
Badrun : (nggremeng) Diomongi kon ngati-ati kok malah begejegan
Tuladha 2 pacelathon krama lugu
Ibu : Rin, sinaumu wis rampung?
Rina : Sampun, Buk.
Ibu : Kok sik umeg, nyapa kowe?
Rina : Punika ringkes-ringkes, Buk.
Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!
Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat.
Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!
Tuladha 3 pacelathon krama inggil
Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Ibu : Lagi wae, Pak. Kanca-kanca ngajak mampir daleme Bu Wira.
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Ibu : Mau awan. Didherekake putra ragile.
Bapak : Mas Banu ta?
Ibu : Ya.
Bapak : Mas Banu kae sida ngasta na ndi ta Bu?
Ibu : Dinas Pariwisata kota, Pak.
Bapak : Syukurlah.
Sarampunge nyemak andharan lan tuladha ing dhuwur, rampungna garapan ngisor
iki!
1. Pacelathon ing tuladha 1 digunakake kanggo sapa ?
2. Pacelathon ing tuladha 2 digunakake kanggo sapa?
3. Pacelathon ing tuladha 3 digunakake kanggo sapa?
4. Kena apa saben pacelathon nggunakake ragam basa kang beda-beda?
Garapan 2: Njlentrehake Karakteristik Unggah-Ungguh Basa
Garapan 3: Njlentrehake Panganggone Unggah-Ungguh Basa
Adhedhasar garapan 2, kita bisa mbedakake jinise tembung kang ndhapuk
anane ragam basa ngoko lan krama. Kepriye carane mbedakake panganggone
unggah-ungguh basa?
Setitekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
Vivi : Assalamualaikum...Ibu, badhe pinanggih Devi.
Ibu : Waalaikumsalam....O, Mbak Vivi, kene! Kae Devi ing mburi.
Vivi : Inggih. Ibu badhe tindak pundi?
Ibu : Daleme Pak RT, arisan. Wis tutugna jagongane!
Vivi : Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan, inggih, Ibu.
Ibu : Ya.
Vivi : Dev, piye rasane dinobatne penari cilik sa-kabupaten?
Devi : Wah...seneng banget!
Vivi : Dev, sapa sing ngajari kowe nari?
Devi : Ibuku.
Vivi : Wiwit kapan kowe latihan nari?
Devi : TK. Yen ibuku ngajari muride aku ndeleng, ngrusuhi, lan tiru-tiru.
Vivi : Ngrusuhi? Gak didukani?
Devi : Ya jelas didukani. Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah diajari.
Vivi : Kowe wis tau pentas ping pira ?
Devi : Gak kena dietung.
Vivi : Wah, akeh no tarine?
Devi : Genah.
Vivi : Apa wae?
Devi : Gambyong, Srimpi, Remo, Golek, Sekar Kirana, Tunggulwulung, Sekarwilis, Giring Caplokan, Seruni, Sekarpegon, lan liya-liyane.
Vivi : Sing paling kosenengi tari apa?
Devi: Sekar Kirana
Vivi : Nyapa?
Devi : Nyritakake wong wadon sing ayu nanging gagah, dadi teliksandi kanggo nglawan penjajah.
Vivi : Dev, apa cita-citamu?
Devi : Penari kondhang, nyipta tari khas saka desaku, sukses sing penting bisa dadi dermawan....
Vivi : Sukses ya Dev....
Setitekna pethikan pacelathon/drama ing ngisor iki!
Dayang Ceplis : “Ndara Putri, kok Panjenengan ketingal sayah. Kula pijeti kersa?”
Nyai Baka : “Yo kene ndang pijetana. Karo aku ki pengin takon.”
Dayang Ceplis : “nDangu menapa ta, Ndara Putri?”
Nyai Baka : “Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta?”
Dayang Ceplis : “Lah kok Panjenenganipun mundhut pirsa kula ta, Ndara?”
Nyai Baka : “Ya, aku ki kepengin kaya awakmu sing singset kuwi lo!”
Dayang Ceplis : “O, kula niki mboten diet Ndara, namung sregep Senin Kemis. Kenging napa Ndara kok ngersakaken diet niku?”
Nyai Baka : “Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne aku diet,
ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.”
Dayang Ceplis : O....?
Sarampunge nyetitekake pacelathon/pethikan drama ing dhuwur, isenono pitakon ing ngisor iki!
PERTEMUAN 3
CERITA CEKAK (CERKAK)
“Gusti Niku Sae”
Ing setunggaling dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pas-pasan lan gadah anak taseh sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo ngeterake anake sekolah, banjur mangkal teng pinggir dalan, ngentosi pelanggan lewat hpne seng wus rusak. “Alhamdulillah, enek sing arep pesen?”. Atine Pak Bejo seneng banget, banjur pak Bejo nukokne nopo sing di peseni pelanggan wau.
Sakwise Pak Bejo nukokne panganan shing dipesen pelanggane, seng wektu iku enteke okeh banget sekitar 700 ewu lan ijik gawe duwite dewe. Pak Bejo goleki lan delengi alamat seng podo karo alamate shing pesen, bareng wus ketemu omahe Pak Bejo kanti sae lan santun maringne pesenan niku wau.
“Leres inggeh niki dateng Bu Suprih, niki pesenane jenengan Buk?”. Ibuke niku bingung kok pesenane akeh, padahal meng pesen siji. “Loh, Pak niki kok katah pesenan kula, kula niku namung pesen setunggal, nek sementen berarti telase katah Pak?” Pak Bejo inggi melu kebingungan “La teng mriki ibuk pesene 7 porsi buk, terus niki sisane pripun?”. Banjur ibuk wau mboten purun, amergi mboten gadah yotro 700 ewu. “Buk, kuloniki nggih mboten gadah yotro, soale anak kula nggih butuh berobat?”.
Akhire sego 6 porsi niku dibeto Pak Bejo, banjur Ibuk wau nyuwun ngapuro dateng Pak Bejo. Pak Bejo numpak sepeda motor karo bingung lan ngroso sedih amergi duwite telas damel tumbas panganan niku wau.
Pak Bejo mandek ing pinggir dalan lan mampir ing masjid, Pak Bejo ngakoni sholat lan dedongo marang Gusti Pangeran. Sak wuse Pak Bejo ndongo, Pak Bejo mbagikne panganan wau teng bapak tukang becak, wong dodol keliling, lan sak liane. Sak wuse niku segone diturahne setunggal damel mangan anake.
Pak Bejo kanti ngronto ningali yogane sing ijik cilik lan gadah penyakit niku, nanging Pak Bejo mboten ngetokne kasedihane, Pak Bejo ngajak anake mangan ing pinggir dalan, dumadakan enten tiang ikngkang lewat mriku maringi arto katang disukakne teng amplop. Pak Bejo langsu sujud sukur marang Gusti, sampun digantos ingkang langkung katah amerki kesabarane niku.
” Budi Anak Petani”
Budi ya iku, bocah kang taseh sekolah ing bangku SD kira-kira sampun kelas 5, panggaweane sabendina, sak sampune wangsul sekolah mangan, sinau banjur ngewangi bapak lan ibu ne menyang sawah damel ngramut godhongan, sing biasane di dol ing pasar rongdina pisan. Nanging budi teng mriku mboten ngramut godhongan nanging pados kayu damel masak boke teng gria.
Saben sore Budi ngaji TPA teng masjid ing desone nganti bengi. Budi dados bocah kang apik lan santung marang wong shing luwih tuwo, amergi sangune ngaji lan didikane wong tuwo ingkang sae.
“Mbok, kulo bidal sekolah riyen nggih?”. Pitakon budi karo nyalami Bapak lan Ibuke lan nyuwun doa restu. “Oh, iyo len shing ngati-ati lan seng tenanan olehe golek ilmu”. Pas budi mangkat sekolah enten mbah-mbah wus tuwo gowo depok isi telo teko kali, Budi ngroso mesakne dateng mbah niku langsung ditulungi lan di terake nganti tekan omah.
Budi niku tiang ingkng sae, nek teng sekolahan di senengi kalian gugu-guru lan rencang-rencange. Najan anake wong nora duwe, nanging Budi gadah akhlak ingkang sae, seneng tinulung, lan welas asing marang liyane.
TUGAS !
(1) Kanggo garapanmu, gawea teks pacelathon/ drama saka salah sijine crita cekak kang kapacak ing dhuwur . Dawane teks drama kang kokkarang paling sethithik 2 kaca kertas folio.
(2) Karanganmu wenehna kancamu supaya diwenehi komentar/ panyaruwe supaya dadi luwih apik maneh.
(3) Yen wis didandani kumpulna minangka tugas portofolio.