LAKON (DRAMA)
Gb. 3.1 Salah sawijing adhegan ing pagelaran lakon ―Kukut‖ sing digelar Teater Pelajar SMA Batik 1 Solo ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT), Minggu (17/11/2013. (Sumber Foto: Mahardini Nur Afifah/JIBI/Solopos)
Yen nonton polatan lan sandhang panganggone, pawongan kang ana ing gambar ndhuwur nuduhake pawongan kang wis tuwa lagi nandang kasusahan. Ananging yen ditaliti kanthi nastiti, pawongan kang ana ing gambar mau pranyata isih enom. Mula gambar mangkana iku bisa nuwuhake pitakon kang maneka warna.
1) Gambar iku mujudake kadadeyan kang nyata apa karekayasa?
2) Yen iku mujudake kedadeyan kang karekayasa, kedadeyan iku dumadi ing adicara apa?
3) Apa ancase ngrekayasa kedadeyan iku?
4) Apa gunane ngrekayasa kedadeyan iku?
5) Sapa wae pawongan kang kasangkut melu ngrekayasa kedadeyan ing gambar?
Ewa semana, sawise maca katerangan gambar ing ngisore foto, kita bakal nemokake yen maneka warna pitakon iku wangsulane mung siji, yaiku: gambar mau mujudake foto pagelaran lakon. Apik lan elok ta? Yen para siswa kepengin bisa maragakake lakon kaya gambar, tindakna sakabehe garapan lan pakaryan ing wulangan 3 iki kanthi greget lan tanggung jawab!
Bab wigati sabanjure, coba andharan ngisor iki wacanen kanthi setiti.
Percaya apa ora yen ana wong kang sekolahe mung tamat SD, nduweni moral ngungkuli wong kang sekolahe luwih dhuwur? Pancen wewarah bab moral iku ora mung bisa digoleki ing bangku pamulangan utawa sekolahan wae, jalaran sumbere ilmu iku akeh cacahe. Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakake endahe asil karyane para seniman, ananging kita uga bisa ngundhakake ilmu lan kaweruh. Saka nonton lan maragakake lakon utawa sosiodrama, kita bisa antuk pitutur luhur werna-werna kang sok ora tinemu ing sekolahan lan bebrayan.
Pitutur luhur kang awujud wewarah iku pungkasane bisa nuwuh lan ngrembakakake moral kang migunani ing alam bebrayan. Manungsa iku diajeni ing bebrayan, ora jalaran saka akehe gelar, drajat, lan pangkate, ananging jalaran saka moral e kang becik.
Tembung moral asale saka basa Laten mores kang tegese: kasusilan, tabiat, utawa solah bawa. Sabanjure, moral nduweni teges: tuntunan-tuntunan, wejangan-wejangan, pranatan lisan utawa tinulis bab kepriye manungsa kudu urip lan tumindak.
Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral kang cocok lan trep. Amarga, tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa, ananging kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake, wewarah bab moral bisa rumesep lan kajiwaraga. Pagelaran lakon kang sumbere saka kedadeyan- kedadeyan kang ana ing masyarakat, nduweni nile-nile kang endah, unik lan adi luhung. Paraga utawa tokoh-tokoh ing lakon kang nduweni watak becik, bisa dadi conto lan tuladha. Apa maneh yen pagelaran lakon iku migunakake basa Jawa, mesthine luwih akeh maneh wewarah kang bisa didudut, awit ing basa Jawa ana unggah-ungguh kang nuntun manungsa supaya tumindak netepi tata krama. Mula saka iku kita wajib nelakake rasa syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha Welas, awit wis kanugraha basa kang edi peni lan murakabi.
Sadurunge maca teks lakon kanthi irah-irahan ―Nulung Menthung‖, wangsulana pitakon-pitakon iki!
1) Apa awakmu wis tau nonton lakon?
2) Apa gunane nonton lakon?
3) Apa sing kok weruhi ngenani lakon?
4) Kepriye carane supaya lakon bisa nuwuh lan ngrembakakake piwulang bab moral
‗kasusilan‘?
5) Kepriye basa sing digunakake sajerone lakon?
Kanggo narik kawigaten ing sajrone adicara penyuluhan utawa sosialisasi, biasane panitia utawa penyaji materi nyuguhake drama cekak kang awujud lakon utawa sosiodrama. Drama cekak kasebut digelar sadurunge penyuluhan utawa ceramah, sabanjure para rawuh kaajak diskusi ngenani tema utawa isine drama kagathukake karo kasunyatan lan pranatan sing lumaku.
Lakon utawa sosiodrama (yen ing televisi asring kasebut fragmen), yaiku teks cerita naratif sing kagelar kanthi wujud drama prasaja (tanpa rerenggan tata artistik) sing nduweni ancas kanggo sesuluh ngenani bab-bab kang magepokan karo fenomena sosial, tuladhane: kenakalan remaja, narkoba, gambaran kaluarga sing otoriter, lan liya-liyane. Amarga sipate sing prasaja, lakon uga asring kagelar ing adicara pahargyan ing sekolahan, bale desa, plataran mushola lan papan liyane kagandheng karo kesenian lan adicara liyane. Lumantar lakon kita bisa: a) ngatonake lan ngetokake rasa pangrasa, b) antuk wawasan anyar bab paugeran lan pranatan sing gumathok, c) ngundhakake kaweruh bab
tatacara ngudhari reruwet lan perkara kanthi maneka cara.
Supaya awakmu luwih paham ngenani bab teks lakon, ing ngisor iki kababar sawijine teks kanthi irah-irahan ―Nulung Menthung‖.
Naskah Lakon
Dening: Auliya Akbar
Swasana : Ing bale (ruang tamu), Liesmina mbagekake rawuhe Pak Warta kang lagi dolan tilik putu.
Antawacana :
Pak Warta : Assalamualaikum
Liesmina : Waalaikum Salam, mangga-mangga, Ibu kok boten ndherek?
Pak Warta : Ora, iki mau aku lagi bar njupuk pensiun saka kantor Pos Caruban. Aku ruh bocah mulih sekolah dhampyak-dhampyak, aku kelingan karo Budi
putuku, aku njur numpak ojek mrene!
Liesmina : Ibu mangke napa boten madosi?
Pak Warta : Ibu mu lagi rewang ing daleme Bu Lina kidul omah, lan ya wis tak SMS. Hla awakmu kok ya kadingaren ana ngomah?
Liesmina : Niki wau bakda kerja bakti penghijauan massal, kangge ngirangi pangaribawaning pemanasan global. Mila kalih Kepala kantor dipunidini mantuk enjing. Najan kraos kesel nanging remen.
Pak Warta : (clingukan) Budi ing ngendi kok ora katon, apa wis bubuk…apa ngaji ing TPA? Iki dakgawakake jajan pasar. (maringaken Jajan)
Liesmina : Inggih matur nuwun, mangga lenggah (nampa jajan karo nyumanggakake lenggah, ulate sing maune sumringah owah dadi peteng)! Budi kok bubuk siyang utawi ngaji, lare niku duka pripun? mbandhel, luput suwuk Pak!
Pak Warta : Luput suwuk piye? Apa malih nakal? Apa males sinau?
Liesmina : Boten namung mekaten. (karo lungguh madhep Pak Warta) Saben wangsul sekolah, boten nate langsung mantuk teng nggriya, nanging langsung teng warnet…main game online… napa play station.
Pak Warta : Ing ngendi olehe dolanan?
Liesmina : Ing warnet sakilenipun pratigan nika. Malah kala wingi sonten kula purugi, kula malah diamuk, kula ditundhung ken wangsul. Mila lajeng kula ajar teng enggen. Rebo…wingi malah kula ditimbali teng sekolahanipun, awit Budi asring nyuwuni arta kancane…istilah mriki malak utawi mreman ngoten.
Pak Warta : (Ambegan landhung) Sing dakkuwatirake dhek biyen pranyata wis kelakon.
Bapak wis nate ngelingake, nalika bojomu metu saka pabrik gula lan nggunakake pesangon saka pabrik minangka modhal dadi rentenir, bapak wis meling, ―Aja, aja nganakake dhuwit‖! Jalaran wong nganakake dhuwit iku dadi larangan negara lan agama.
Liesmina : Lajeng menapa gegayutanipun kalih Budi yoga kula?
Pak Warta : Wong sing mangan dhuwit anakan iku kena diparibasakake ―mangan getihe liyan‖, jalaran wong sing nyaur utang iku mesthi ora ikhlas. Apa sing dipangan lan diombe anakmu iku dadi daging, balung, getih, tenaga, pikiran, lan tingkah polah. Yen barang sing dipangan asale ora bener, budi pekertine anakmu ya mesthi keblinger.
Anggada : Hlo…Bapak! Kula kinten Pak Widodo nasabah kula saking Njiwan. Sampun dangu Pak? (mlebu salaman karo ngambung astane Pak Warta, banjur melu lungguh)
Liesmina : Bapak rawuh menika wau dereng dangu, ngendikane kapang kalih Budi.
Nanging Budi dereng mantuk, lajeng kula aturi yen Budi sak menika tambah nakal.
Anggada : Inggih Pak! Kados pundi menika? Kamangka sampun kula kursus-aken, sampun kula les-aken teng Bimbingan Belajar ingkang kondhang, larene kok pancet goblok mawon. Raport-e jiiian, ngisin-ngisini!!!
Pak Warta : Hla awakmu ya tau ngancani Budi sinau?
Anggada : Ahh… boten sempat Pak, boten wonten wekdal. Yen pinuju tanggal nem, sok-sok kula nagih ngantos dalu, awit nasabah kula sakniki sampun sumebar wiwit Madiun ngantos Ngawi.
Pak Warta : Yen ngono saiki aku wis ngerti. Budi dadi nakal lan bijine elek, iku sababe ana ing wong tuwane sakloron. Sing sepisan, Budi iku kurang
kasih sayang, kekurangan rasa welas asih.
Liesmina : Ah…rumaos kula kok boten Pak. Budi niku sangune, yen ditandhing kalih kanca-kancane malah paling kathah. Sandhang panganggone, nggih kula tumbasaken ingkang paling modhis. HP-ne paling canggih, inggih paling awis. Dados bab kasih sayang, Budi mboten kekirangan.
Pak Warta : Awakmu iku gagal mahami kasih sayang utawa welas asih. Donya brana sing mbok grojogake marang Budi iku mung mujudake saperangan cilik saka rasa welas asih. Budi nduweni tingkah polah sing kaya mangkono iku, sejatine mung golek kawigaten.
Anggada : Nanging kula merdamel ngantos ―suku kula damel sirah, sirah kula damel suku‖, menika mangkene rak inggih kangge Budi.
Pak Warta : Mosok nyempatna wektu sedhela wae ora bisa, mumpung durung kebacut. Yen nganti kasep, mengko sida ana ―anak polah bapa kepradah‖. Yen iku sing dumadi, ndonya sak isine ora bisa kanggo nuku rasa isin lan getunmu.
Liesmina : Inggih, mangke badhe kula cobi nata jadwal merdamel kula.
Pak Warta : Sing angka loro (nyawang Anggodo), supaya anakmu bisa pinter uteke lan bener tumindake…gatekna apa sing dipangan!
Anggada : Ooo…yen bab pangan…gizi…Budi mboten kirang. Pancen leres, kompor ing griya niki mboten nate ngebul. Jalaran, ing zaman ingkang sarwa instan menika…kanthi gampil kula kantun nilpun…nengga sekedhap… masakan saking restoran siap saji sampun dugi. Kantun nedha, raosipun sarwa mirasa.
Pak Warta : Sing dakkarepake iku dudu wujude panganan, nanging asal-usule dhuwit sing mbok blanjakake kanggo kulawargamu. Ringkese, lerenana anggonmu dadi rentenir!
Anggada : Hla…kenging menapa kula kedah kendel? Wong pakaryan kula mboten ngrugekaken tiyang, kula malah nulung tiyang ingkang nandang kesusahan.
Pak Warta : Katone pakaryanmu iku nulung, ning sejatine menthung! Anggada : Kok ngaten?
Pak Warta : Saiki coba delengen! (mandheg sedhela) Kepriye nasibe wong-wong sing jaremu mbok tulung, tambah untung apa tambah buntung?
Anggada : Inggih pancet mawon. (matur alus) Malah Pak Brodin kidul lepen nika minggu wingi badhe utang malih, kamangka cicilanipun tasik kathah. Mila mboten kula sukani malih, nanging wusananipun malah utang tiyang sanes. Kula ngertos, lajeng kula tagih peksa…sepedhane kula sita, kula sade.
Liesmina : Kamangka…niku sepedha sing dienggo sekolah putrane.
Pak Warta : Wusanane… Pak Brodin saanak bojone mesthi gething lan muring.
Sabanjure mesthi ndonga ala tumrap awakmu sakulawargamu. Ya iki sing njalari memala tumrap bale somahmu.
Liesmina : Inggih Mas Anggodo, dhawuhe bapak miturut kula… leres. Wiwit sakniki, mangga dipunkendeli pakaryan Panjenengan.
Anggada : Banjur aku mergawe apa?
Pak Warta : Hla wong omah pinggir dalan gedhe kok bingung, ya adeg toko pakaian apa mracang rak bisa.
Anggada : Inggih kula nurut, kula ndherek dhawuhe Bapak.