Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncen tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern.
Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna.
Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan. Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yen cakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karo geguritan? Tuladhane tembang dolanan lan tembang campursari kaya ing ngisor iki.
PATULADHAN
Dening: Davit Harijono
kang mimpin
ora ana ing ngarep
nanging cahyaning
patuladhan iku kudu
ngaton mangejawantah
yen wus madhep mantep
tegese tegen
ngendhaleni panguwasa
nyekel pusara
ya pusakaning adil
yen jirih wateke
mung bakal tansah
singidan dhedhemitan
samun kang dadi
patuladhane kuthung
pancen kang
mimpin iku dudu
empuke kursi kok
apamaneh kerta aji
angen-angen kurang duga
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu
awit karsaning bumi iki bisaa lestari
ing tentrem lan ing makmur
manitis sukmaning kusuma bisaa
ngambar arum saindenging nuswantara
*Panjebar Semangat 12, 22 Maret 1997
A. Struktur Lair
Struktur lair yaiku wujud kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan. Kanggo ngenali struktur lair geguritan, para siswa kudu ngeling-eling marang tembung, ukara, gatra, pada, lan tata panulisan kang ana ing geguritan. Ing kalodhangan iki, struktur lair kang dirembug yaiku;
Tipografi- Blegere Geguritan.
Sing dimaksud tipografi geguritan yaiku wujud nyata utawa blegere geguritan kang bisa dideleng langsung. Ana geguritan kang ditulis mepet baris sisih kiwa, ana kang malah mepet ing sisih tengen, ana uga kang rata ing tengah. Ana kang pada siji nganti telu mepet kiwa, banjur pada sateruse rada nengah, utawa nganggo cara liyane. Iku kabeh murni wewenange panggurit, lan para siswa utawa pamaos nduweni wenang kanggo ngartekake tipografi mau.
Ana kang tembung-tembunge saben gatra cekak-cekak banget, ana uga kang tembung-tembunge saben gatra dawa banget. Ana kang saben gatra diwiwiti aksara gedhe, ana kang kabeh tembunge nganggo aksara cilik. Ana kang nggunakake tandha titik (.), tandha panyeru (!), ana uga kang babar pisan ora nggunakake tandha pamaca.
Imaji – Panyitra
Sajrone geguritan para panggurit nggunakake tetembungan kang nduweni daya panyitra/ imaji kanggo nglairake gagasane. Panyitra geguritan iku ing antarane pandeleng, pangrungu, pangganda, pangrasa, lan panindak. Umpamane ana ukara arume asmamu (pangganda), kumrosake banyu (pangrungu), endahe esemmu ibu (pandeleng), abote panandhang iki (pangrasa), lan para mudha gumregah bangkit. (panindak). Amarga geguritan nggunakake basa minangka sarana, mulane yen para siswa bisa nemokake daya panyitra/ imaji ing sawijining geguritan, iku bakal dadi sangu kang wigati banget kanggo nyinau lan ngerteni isine geguritan.
3. Gaya - Lelewane Basa
Lelewane basa ing geguritan yaiku kaendahan tembung lan ukara, lan basa kang digunakake dening panggurit. Kang kalebu ing lelewane basa: tembung Kawi, pepindhan, tembung entar, tembung saroja, yogyaswara, lan sapanunggalane. Kepriye lelewane panggurit nggunakake basa kang endah ing geguritane bisa nuduhake sepira endahe geguritan kang diripta. Panggurit tansah milih tembung-tembung kang bisa kanggo sarana nglairake maksud lan gagasane. Pamilihe tembung (diksi) mau ditata, direngga murih endah lan bisa nuwuhake rasa tartamtu kaya karepe panggurit.
4. Enjambemen – Tembung Sumambung
Ing geguritan, enjambemen iki asring digunakake dening panggurit. Enjambemen ing kene diarani tembung sumambung, yaiku tembung-tembung kang sengaja diseleh ing akhir gatra utawa madeg dhewe ing sawijining gatra, kang gunane kanggo nguwatake gatra ing dhuwur lan ing sangisore.
Tuladhane mangkene :
pancen kang/mimpin iku dudu/ empuke kursi kok....
iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu/awit karsaning bumi iki/ bisaa lestari/ ing tentrem
lan ing makmur/ manitis sukmaning kusuma/ bisaa/ ngambar arum saindhenging nuswantara....
5. Purwakanthi
Purwa = wiwitan, ngarep; kanthi = nggandheng, melu. Purwakanthi iku nggandheng utawa melu karo sing wiwitan utawa sing ana ing ngarepe. Purwakanthi iku tembung kang nnduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra kaya dene ing geguritan. Bisa runtut ing sagatra, bisa uga runtut ing antarane gatra. Kanggo meruhi anane puwakanthi, para siswa kudu ngenali jenis purwakanthi.
purwakanthi guru swara : yaiku aksara swara (vokal), swarane kang runtut. Umpamane ana kutipan mangkene : ibu kang dakderes iki luh-mu/ dadi srana lelaku. Ing kutipan iku swara akhire padha yaiku swara u. Bocah-bocah bajang/ nyangking sada lanang. Kutipan saka geguritane Widodo Basuki sing kaloro iku nggunakake purwakanthi swara ang. purwakanthi guru sastra : geguritan nduweni purwakanthi guru sastra yen sing runtut nurut sing ngarep aksara sigege (konsonan). Kanggo nggoleki purwakanthi guru sastra, para siswa kudu ngenali jinis-jinis konsonan. Jinis-jinise konsonan, kaya ta : w, p, m, b iku diarani aksara lambe (bilabial); h, k, g, ng iku padha dene aksara sigeg ing gorokan (velar); n, d, t, s aksara untu (dental); c, j, y, ny aksara cethak (palatal), lan r, dh, l, th aksara ilat (alveolar). Tuladhane ing kutipan iki : dakantu tekamu/kaya wengi kapungkur/gemriyak swaramu paring lelipur/ kanggo rasa atisku kutipan geguritane Hery Lamongan iku akeh nggunakake purwakanthi guru sastra, yaiku swara gorokan ing tembung dakantu, tekamu, kaya, wengi, kapungkur, gemriyak, paring. Yen diwaca bola-bali lan dirasakake nyebabake geguritan dadi kepenak lan lancar. Apamaneh ing kono uga ana purwakanthi swara ur ing tembung kapungkur lan lelipur.
Purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita : yaiku purwakanthi kang ngurutake wanda (suku kata) utawa tembung. Dadi ana wanda, tembung kang sengaja dibaleni dening panggurite. Kalebu ing purwakanthi guru basa menawa ing geguritan sengaja nggunakake ukara kang dibaleni maneh (repetitif). Ukara kang dibaleni iku lumrahe ing wiwitane pada. Tuladhane kaya geguritane Bonari Nabonenar mangkene : jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna. Tembung apa sing dibolan-baleni dening panggurite? Bener, tembung tresna.
B. Struktur Batin
Kejaba struktur lair uga ana struktur batin, yaiku wujud geguritan kang ora kasat mripat, jenenge bae batin. Struktur batin iki diwangun dening struktur lair mau. Mulane antarane struktur lair lan struktur batin geguritan iku padha pentinge (wigatine). Kanggo nemokake isi, arti, maksud, lan tujuan panggurit bisa ditintingi saka lelorone. Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku
1. Tema – Gagasan Pokok
Tema yaiku gagasan pokok kang dadi dhasar panggurit ngrakit tembung dadi geguritan. Geguritan iku nggunakake sarana basa, mula kaya sipate basa, geguritan kudu nnduweni surasa/makna. Bab utawa gagasan pokok sing ndhasari panggurit nulis geguritan diarani tema geguritan.
2. Wirasa-Swasana
Yen masakan, rasa iku ana legi, pait, asin, tawa, getir, pedhes, lan sapiturute. Dene rasa-swasana ing geguritan iku bakal nemokake kepriye tanggapan utawa panemune panggurit marang gagasan pokok ing geguritane. Wirasa-swasana ing geguritan iku bisa awujud pangalembana, pakurmatan, pangajak, seneng, sedhih-prihatin, nesu, ngelikake, lan sipat-sipate manungsa liyane. Gampange mangkene, nalika ana musibah banjir (tema), panggurit bisa sedhih, bisa nesu, bisa uga malah nyokurake. Lha, kabeh rasa-swasana mau bakal nuwuhake piweling-amanat kang dadi tujuan ing geguritan.
3. Amanat – Tujuan/Pesene Panggurit
Saben panggurit mesthi nnduweni tujuan nalika ngarang geguritan. Tujuan utawa amanat iki didhelikake, sinandhi ing walike reroncen tembung, ukara, gatra, lan pada ing geguritan. Amanat/pesen iki sing kudu ditemokake dening para siswa. Sinau geguritan diarani kasil yen para siswa wani gawe dudutan, banjur kandha mangkene, “iki lho tujuane panggurit lumantar geguritane!” Amanat-tujuan ing geguritan iku lumrahe bisa dituduhake lumantar kutipan ukarane, kanggo bukti kang nyengkuyung panemumu. Geguritan kang becik iku geguritan kang duwe guna paedah tumrap bebrayan utawa tumrap para pamaose. Mulane aja wedi salah, saben ngadhepi geguritan, temokna amanat-pesen ya piwelinge. Saka tuladha ing dhuwur, bab-bab wigati kang bisa kajupuk, yaiku:
a. geguritan iku jebul nyimpen isi awujud wewarah/ pitutur luhur.
b. isi awujud wewarah mau bisa digoleki kanthi cara nliti struktur lair lan struktur batine.
c. struktur lair sing nuntun marang struktur batin.
d. struktur lair iku werna-werna, kang disebutake ing dhuwur iku mung saperangan tuladha bae. Dadi para siswa bisa ngembangake luwih jembar maneh supaya geguritan bisa dimangerteni isi lan piwelinge.
Nggancarake (memparafrase) geguritan iku nduweni tujuan supaya geguritan bisa luwih gampang dimangerteni. Tembung lan ukara ing geguritan iku sipate ringkes, padhet, kebak arti. Kanggo ngerteni apa kang dadi maksude panggurit, dudu kang gampang. Mulane geguritan mau kudu digancarake luwih dhisik. Tatacara nggancarake geguritan :
1. Sapada geguritan lumrahe dadi sapada gancaran, sebab saben sapada geguritan iku lumrahe nduweni sagagasan.
2. Bisa nenambah tembung ing saben gatra lan pada, supaya dadi ukara kang becik.
3. Tembung-tembung sing angel, diganti dadi tembung kang umum diweruhi.
4. Tata panulise manut tata panulisane gancaran
Tuladha nggancarake geguritan kaya ing ngisor iki :
Geguritan
URIPKU
Nglamunku sigar ing pucuk himawan
Nalika warsa mbanjiri pangarasan
Uripku
Saya suwe saya ngambang
Ilang
Ora nemu dalan
Dhuh Gusti
Paringana kula kesabaran
Kanggo nerusake panguripan
Ngalor ngidul sampun kula lakoni
Jakarta Surabaya sampun kula liwati
Ora ana wangsulan sing mesthi
Gancaran
URIPKU
Nglamunku sing mumbul tekan
angkasa buyar dadakan. Sebabe udan
dumadakan nelesi bathukku. Ing
nglamunku mau, uripku dakrasakake
saya nglambrang. Suwe-suwe ilang,
kaya wong mlaku sing ora nemu dalan.
Dhuh Gusti, mugi Panjenengan
paringi kawula kesabaran, kangge
nglajengaken gesang menika. Gusti,
ngalor-ngidul, lunga saparan-paran wis
daklakoni. Kutha Jakarta nganti tekan
Surabaya wis dakliwati. Gusti, kok boten
wonten wangsulan ingkang mesthi?
Maca endah iku sawijining ketrampilan basa kang nggandhengake unsur basa lan kaendahan utawa seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil lan apik yen para siswa wis bener lan pener ing bab basane (lafal, intonasi, andhegan, lan sapanunggalane) lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solah-bawa, wirama,lan sapanunggalane). Ana sing luwih penting maneh, maca endah geguritan iku tujuane sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling,lan kaendahaning geguritan sing diwaca. Amarga geguritan iku mapan ing alam kabudayan Jawa, kabeh mau kudu didhasarake wewatakan, tatakrama, lan sopan santun Jawa. Maca geguritan iku kudu njawani.
Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku:
Geguritane kudu wis ditemokake struktur lair-batine (interpretasi geguritan)
Geguritane diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bagean kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.
Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan tandha andhegan. Yen perlu geguritan iku bisa ditulis maneh manut interpretasine para siswa.
Kanggo gladhen, geguritan mau diwaca manut tandha pamaca lan tandha andhegan, uga katrangan solah bawane. Gladhen dianggep cukup yen para siswa wis bisa kanthi lancar lan ora rumangsa isin, kikuk, kaku, salah tingkah nalika maca endah geguritan.
Vokal/Swarane
Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab ing ngisor iki :
artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. Para siswa kudu bisa milih tembung-tembung ing geguritan lan carapangucapane.
tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin diwedharake.
dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
andhegan : andhegan = jeda (Bahasa Indonesia), yaiku pedhotane tembung lan ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.
ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).
Solah Bawane
Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake geguritan apa sing lagi kawaca, solah bawakudu bisa :
komunikatif : maca endah geguritan iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati supaya bisa nggeterake atine pamirsa.
ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang struktur lair-batin geguritan mau diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa kang becik lan endah.
konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.
Tandha andhegan
Maca endah geguritan dadi luwih gampang yen para siswa uga menehi tandha andhegan, yaiku tandha pambiyantu nalika praktek maca endah geguritan. Ing ngisor iki tandha andhegan kang umum digunakake. Para siswa bisa bae nggunakake tandha liyane kang luwih gampang lan becik asile.
Tandha Arti lan Gunane
/ Mandheg sedhela saetungan
// Mandheg rada suwe, telung etungan
/// Mandheg suwe, kanggo akhir pada utawa akhir geguritan
~ Swara alon, lagune alus kaya bebisik
~~ Swara alon, lagune alus
~~~ Swara kang seru, banter, lagune kasar
√ Swara dicethakake nanging cendhak
√√ Swara dicethakake rada dawa
√√√ Swara dicethakake lan dawa
__ Swarane munggah, mendhuwur
__ _ Swarane ngendhek