WAYANG SAJRONE BEBRAYAN JAWA
Pasinaon wulangan kaloro iki sesambungan karo piwulang kabudayan. Piwulang, aji, utawa ―nilai‖ mau kadhapuk sajrone pasinaon tumrap teks carita wayang, mligine wayang purwa. Pasinaon iki kaleksanan kanggo nepungake para siswa karo perangane kabudayan Jawa, kang urip lan diuri-uri dening bebrayan Jawa panyengkuyunge. Tundhane, para siswa diajak ngonceki ajining kabudayan Jawa kang nyengkuyung mawujude piwulang budi pakarti utawa sarana panggulawenthah tumrap para siswa kabeh.
Lumantar pasinaon iki, siswa kabeh diajab bisa nggayutake lide carita wayang kalawan panguripan saben dinane. Kejaba kuwi, para siswa bisa nuduhake lan nindakake tumindak sing becik, utama, ngedohi tumindak asor utawa nistha. Kanthi mangkono, para siswa kewih gampang anggone manembah marang Gusti Kang Mahaasih. sarta ndarbeni sakehe panuwun awit saka sih marmane Pengeran, kang wis nyawiji karo wujud adiluhunge budaya.
Para siswa mesthi wis ngerti, apa kang diarani wayang satengahe kabudayan Jawa. Sadurunge nyinau bab teks wayang, ayo bebarengan migatekake cuplikan teks kakawin (puisi Jawa kuna) ing ngisor iki lan uga ngenani katrangan kang gumathok.
―Hanânonton ringgit manangis asêkêl mudha hidêpan, huwus wruh towin yan walulang inukir molah angucap, hatur ning wwang trêsneng wisaya malaha ta wihikana, ri tatwa nyan maya sahana-hana ning bhawa siluman‖
Tegese kira-kira:
‗Ana wong kang nonton wayang, lha kok nangis, sedhih, ora karu-karuwan rasane atine. Kamangka dheweke wis weruh, yen kang mobah mosik lan cecaturan mau, mung dhapur kulit kang sinungging. Mangkono mau wong-wong kang banget kaiket pancandriyane, padha ndlongop, nganti ora ngerti apa-apa. Sejatine mono,kabeh mau mung dhapur wewayangan, sulapan kewala‘.
(AW. Pupuh V. Sikharini: 9)
Anak-anakku kabeh, saka cuplikan mau, kita bisa meruhi yen: kapisan, seni pagelaran wayang (kulit) wis tuwuh lan ngrembaka nalika abad XI; taun nalika kakawin Arjuna Wiwaha mau kaanggit. Kapindho, kawasisane Ki Dhalang nalika ngurip-uripi wayang bisa ndadekake penontone kepencut marang lumakune pagelaran, saengga bisa njalari sumedhot rasane, bisa nangis ngguguk kagawa swasana jrone carita wayang; lan katelu, wayang dipercaya nduweni piguna, banget narik kawigaten, mbuh critane, juru carita utawa dhalange, utawa malah wayange mau, kang daya-dayane bisa urip lumantar kaprigelane Ki Dhalang.
Nganti tumeka saiki, abad XXI kang katelah jaman globalisasi, pagelaran lan carita wayang isih lestari anane. Wewujudane wayang ing saben jamane, tansah manut jaman kelakone. Terus ngrembaka laras karo dinamika-ne bebrayan panyengkuyunge. Wayang tansah bisa laras karo jagad sakupenge. Carita wayang nduweni watak komunikatif, tegese tansah nyambung lan bisa ngladeni bebrayan kang bisa nampa anane.
Miturut sejarahe, wayang purwa mujudake reriptane para Wali nalika ngrembakakake piwulang agama Islam ing tanah Jawa. Panggunane wayang minangka sarana dakwah Islam, kaleksanan saka kawicaksanane para Wali, kang bisa nggayutake tradisi Hindu- Buddha kalawan kapitayan anyar kang asipat Islami.Wayang mujudake asiling kabudayan kang tuwuh lan tinampa bebrayan penyengkuyunge. Kanthi crita epik utawa wira carita maneka warna, terus ngrembaka. Sumbering crita, akeh-akehe saka manca, kayata: epos Ramayana utawa Maha Bharãta saka tanah Indu. Ing tembe buri, sumber crita saya ngrembaka, kaya ta: Critane Wong Agung Menak (saka Arab lan Persia), crita Panji apadene Damar Wulan (epos lokal), crita mawa sumber mitos agama, kaya ta critane para Nabi lan Rasul saka kitab suci Injil), caritane Para Wali lan paraga Mitos Islami liyane (saka tanah Jawa), carita dongeng (kancil, lsp), lan paraga lumrah ing jaman saiki.
Senajan watake kabeh lakon wayang meh padha utawa ana empere, saben teks carita wayang uga ana sambung rapete karo jinise wayang mau. Maneka warna jinise wayang, ana sesambungane karo sumbere teks caritane. Sumber crita mau banjur mbedakake jinise wayang, siji lan sijine. Ing kene jinis lan sumbere carita wayang bisa kaprinci kaya ing ngisor iki:
Wayang purwo sumbere Epos Ramayana/Maha Bharata (India) wujude boneka-kulit
Wayang madya sumbere Maha Bharata (Jawa) wujude boneka-kulit
Wayang golek sumbere Epos Ramayana/Maha Bharata (India) wujude boneka-kayu
Wayang gedhog sumbere Epos Maha Bharata (Jawa) wujude boneka-kulit
Wayang krucil sumbere Epos Damar wulan wujude boneka-kayu
Wayang beber sumbere Epos panji wujude boneka-kulit
Wayang sadat sumbere mitos para wali wujude boneka-kulit
Wayang wahyu sumbere Nabi/Santa (kristen) wujude boneka-kulit
Wayang kancil sumbere dongeng/fabel (Jawa) wujude boneka-kulit
Wayang pembangunan sumbere Indonesia-Pos Kolonial wujude boneka-kulit
Wayang Wong sumbere Epos Ramayana/Maha Bharata (India) wujude wong
Wayang Topeng sumbere Epos Maha Bharata (India) wujude wong mawa topeng
Garapan 1 : Nyemak Teks “Petruk Madeg Pandhita”
Kocap kacarita, praja Ngamarta minangka punjere nagarane Para Pandhawa, dumadakan konclang kaya katerak dahuru. Wis ana pirang-pirang wektu, negara Amarta kena pageblug, katekan lelara nggegirisi. Akeh para nayakane praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka. Kahanan mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele Kadang Pandawa, arupa sawernaning sanjata sekti. Para kadang Kurawa saka Ngastina, babar pisan ora duwe krenteg menehi pambiyantu marang para Pandhawa kang nandhang coba.
―Adhuh ketiwasan, Rama...! Mangkono panjelihe Petruk, salah sijine paraga punakawan marang Kyai Semar, bapake. Kala semana Ki Lurah Semar lagi sapejagong karo anak-anake, ya anake sing mbarep, Nala Gareng, lan si wuragil, Bagong.
―Welhadalah, ana apa, Le, kok mlayu-mlayu adus kringet karo bengak-bengok...??‖ pitakone Lurah Semar marang Petruk, anake sing nembe teka. Ambegane sajak ngaya.
―Kang Petruk lagi kumat, Ma. Biasa, nek tanggal tuwa ngene edane kumat. Iya ta Kang Gareng?‖ Celathune Bagong karo mesam-mesem.
―Hus, ngawur kowe Gong. Aja sembrana! Deloken kakangmu siji kuwi, kaya ora sabaene...‖
―Lha witikna piye, Kang Gareng, awan-awan panas ngene bengak-bengok karo mlayu beyayakan. Mangka awak dhewe lagi kajibah nunggoni nDara Arjuna kang lagi semadi neng papan kana...!
―Iya bener kandhamu, Gong, ning sajake pancen ana sing wigati banget‖
―Wis,.wis. aja malah padha regejegan. Rungokna apa jalarane sedulurmu iki mlayu- mlayu sajak kesusu.!
―Kaya wong dioyak macan ................... ‖ selane Gareng.
―Ora, Kang, dioyak Yu Limbuk, Kulon Pasar kae. Witikna bar mangan, ra gelem bayar. !
―Wis dha menenga! Kowe kabeh wis tuwa, ning pancet wae kalakuwane! Swarane Lurah Semar santak, sajak murina.
―Wah katiwasan tenan, Rama‖ Kandhane Petruk karo ngos-ngosan, ambegane kaya wong kang lara napas kumat asmane. ―Kae lho Ma, ....................................................................... karo kowe kabeh Kang Gareng apa
dene Bagos. ‖
―Den Mas Bagong, Truk! Kok saenake dhewe, Bagong kok dadi Bagos! Nek bagus, iya !
―Lha witikne kowe kuwi, lho Gong! Ana wong bingung, malah dikira edaan!
―Wis Truk, rasah dipaelu, adhimu siji kuwi. Cene rada kurang ganep, kok ...................... ‖
celathune Gareng.
―Tobat tenan kowe kabeh, Gareng, Petruk, Bagong! Aja malah dha guyon, ora prayoga. Kae lho Bendaramu bisa kaganggu olehe lagi nandhang prihatin! Wis ta Le, Petruk, caritakna, kenangapa kok teka mlayu kaya ana sing wigati banget!‖ Petruk, ya Ki Lurah kanthong Bolong, banjur carita, sakwise ngunjal napas sauntara.
Mangkene critane:
Saka pratikele Patih Sengkuni lan didhombani dening Pandhita Durna, Kurawa malah duwe panganggep yen kahanane praja Ngamarta iki mujudake sawijine kalodhangan kanggo nyirnakake para Pandhawa. Sadurunge kasil gawe cilakane kadang Pandhawa, para Kurawa satus lan Narpati Basukarna kasoran ing jurit, lan kaperjaya dening Sang Nagarangsang, ula naga saka kraton Cundharante kang gedhene tanpa upama(, ).
Kala semana, Raden Arjuna nembe mangun semedi saperlu nuwun sih-kanugrahaning Jawata, awujud usada tumrap pageblug ana ing Praja Ngamarta, sarta baline kabeh pusaka kang ilang tanpa lari. Ing kono Raden Janaka banjur midhanget pisambate Patih Sengkuni dalah Pandhita Durna kang nembe ginawa mlayu dening Jim sakembaran. Kanthi migunakake minyak Jayengkaton, Raden Arjuna bisa ngonangi playune Jim Pesatnyawa dalah Sambernyawa. Raden Arjuna enggal methuki Jim sakembaran, lan njaluk supaya Priyagung Ngastina lelorone dibebaske.Sulayane rembug, dadi perang. Eman Raden Arjuna asor yudane, lan gugur ana pabaratan.
Bareng nguningani bendarane nemoni tiwas, Petruk, ya Ki Lurah Kanthongbolong sigra cancut taliwanda. Senajan tata laire arupa batur utawa punakawan tumrap para kadang Pandawa, Ki Lurah Petruk mono sejatine sawijine gandarwa saka nagara ing dhasare samudra. Kanthi sangu pusaka sekti Kembang Candra Urawan, duweke Ratune Gandarwa,Petruk namur laku lan ngedegne pratapan anyar ana tepis wiringe Praja Ngamarta. Ki Lurah Petruk madeg dadi pendhita. Dheweke banjur sesilih Ajar Panyukilan. Kejaba ulah tapa, Ajar Panyukilan kang awatak loman, dhemen aweh usada tumrap kawula kang nandhang lelara.
Dene Ki Lurah Semar, Gareng dan Bagong kang bingung awit Raden Arjuna nemoni tiwas, enggal-enggal sowan marang Praja Ngamarta nyuwun pambiyantune putra Pandhawa. Bareng nguningani yen Raden Arjuna nemoni tiwas, para satriya mau banjur ngamuk punggung ana praja Cundharante. Sakawit bisa unggul yudane, nanging bareng dipapagake Sang Nagarangsang, Raden Wrekudara, Raden Gatutkaca, Raden Antareja, Raden Setyaki, sarta para satriya liyane, kasoran lan tiwas ana madyane paprangan.
Sabanjure saka dhawuhe Prabu Kresna, Raden Abimanyu minta sraya marang Ajar Panyukilan, saka patapan Karangsinamur. Kadang Pandhawa lan kabeh para putra kang nemahi tiwas, diusadani dening Sang Ajar. Kabeh waluya temahe jati. Semono uga Adipati Karna kang nandhang wuta, bisa saras maneh. Pungkasane, Ajar Panyukilan uga pininta sraya dadi senapatine prang saka praja Ngamarta, saperlu ngadani paprangan lumawan praja Cundharante.
Kabeh tetungguling praja Cundharante bisa kasor yudane dening Ajar Panyukilan. Ewa semono, bareng kena upase Nagarangsang, Ajar Panyukilan badhar dadi Ki Lurah Petruk. Ki Lurah Petruk murina, banjur namakake pusaka Kembang Candra Urawan marang Nagarangsang sak wadyabalane. Nagarangsang badhar dadi pusaka Dwarawati, pusakane Prabu Kresna awujud sanjata Cakra Baskara. Jim sakembaran badhar dadi Raden Antasena dalah Raden Irawan. Semono uga para Kadang Satriya Kajiman saka Cudharante kabeh malih rupa, bali wujud pusaka piyandele kadang Pandhawa. Ratune kajiman kang bela pati kataman Kembang Candra Urawan badhar dadi Raden Sadewa, dene kembang Candra Urawan malih dadi cangkok Wijaya Kusuma, piyandele Prabu Kresna.
Gancare carita, Praja Ngamarta lan Dwarawati bali marang kahanan sakawit, gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem karta raharja.
(Dening Purnama Kahar, kaadhaptasi saka Giyaran Ringgit Purwa, Dening Ki Dhalang Hadi Sugita)
Garapan 2 : Niteni Struktur Teks
Para siswa kabeh, perlu kaweruhi yen paraga punakawan jrone pawayangan Jawa, mesthi didhapuk dadi perangan kang wigati lan mesthi anane. Punakawan duwe jejibahan ngampingi paraga satriya, utawa danawa. Miturut critane, punakawan mujudake paraga kang kadhapuk dadi pangiring sarta pandhereke para satriya utawa danawa mau. Tata lair, punakawan padha karo batur tumrap satriya bendarane. Sejatine, punakawan uga dadi pamomong lan ―guru‖ tumrap para satriya kang dieloni. Kejaba dadi abdi, pamomong, juru panglipur utawa tukang banyol, panakawan uga kadhapuk dadi pangiket antarane pagelaran wayang kalawan para pamiyarsane. Lumantar punakawan, pamiyarsa utawa penonton bisa ngerteni pesen-pesen moral utawa kautaman kang sumirat sajrone pagelaran, kanthi basa kang wanthah. Lumantar punakawan, ajine teks carita wayang bisa luwih gampang dingerteni lan digayutake karo kanyatane urip saben dinane.
Lakoning crita sajerone wayang, bisa dingerteni lumantar lakoning paraga, pamaragan, utawa sesambungane personase, patrap lan pocape paraga. Sajerone lakon wayang, bab mau maujud lumantar aktivitas lan makna kang kohesif utawa trep. Sesambungan mau mangun sawijine struktur reriptan naratif. Jrone reriptan fiksi Jawa kang jangkep, sesambungan mau arupa struktur tematik (underane prakara), struktur ruwang (papan tumindake lakon), struktur waktu (titi wancine sawijine lelakon kaleksanan), lan struktur wewatakan (naratif). Kejaba iku, peprincene struktur karya, kawawas saka struktur generike, uga bisa kawancah dadi papat; yaiku: orientasi, komplikasi, resolusi, dan koda (coda).
Kanggo niti struktur utawa wangunane teks wayang, para siswa migatekake urut- urutan critane. Banjur perangane teks wayang kang kowaca, pilah-pilahna adhedhasar perangan struktur generik urut-urutane caritane, kaya ta: 1) pambuka (orientasi), arupa perangan pambukane carita. Perangan iki kawedhar kanggo nepungake para paragane, swasana kang dumadi, lan pamurwane lelakon, tumuju carita sabanjure. 2) pasulayan utawa konflik (komplikasi), arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane sakehe perkara. Perkara-perkara kang diadhepi dening para paragane carita wayang mau, lan, perangan 3) pangudhare (resolusi), kabeh prakara kang dumadi mau. Perangan iki arupa pamungkasane pasulayan utawa dredah jrone carita, sarta 4) panutup (coda), arupa panintinge dudutan dening para pamaca atau pamiyarsa .
Sawise nyimak cerita wayang ngenani "Gathot Kaca Gugur" wangsulana pitakon ing ngisor iki!
Para siswa kabeh, yen kita titi kanthi taliti, tuladha teks dhialog utawa pacelathon ing dhuwur mau mujudake teks kanthi trap-trapan utawa tatarane basa kang beda-beda. Basa kang digunakake paraga aku lan kanca-kancane nalika wawan gunem, dhialog karo Pak Dhe Sastro, beda karo basa kang digunakake paraga mau marang kanca-kancane. Ing kene, Bedane basa, diarani ragam basa arupa undha-usuke basa. Dene jinise ragam mau sajrone teks pacelathon mau ana loro, yaiku ragam ngoko lan ragam krama. Panggunane undha-usuke basa mau kudu laras karo pangetrape unggah-ungguhe basa Jawa.
Undha-usuke basa dhewe, tegese tatarane basa Jawa manut penganggone. Banjur kang diarani unggah-ungguhe basa iku panatane basa Jawa miturut lungguhe tatakrama. Sejatine pangetrape unggah-ungguh basa mau kanggo ngluhake awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing dijak guneman, sing pancen kudu diajeni.
Saka owah gingsire jaman, luwih-luwih kanggo nggampangake para siswa anggone nyinaoni basa Jawa, pranatan undha-usuke basa Jawa saiki cukup kaperang dadi 2 (loro), yaiku siji,
Basa ngoko, wujude arupa ngoko lugu lan ngoko alus kaloro, tataran basa krama, dumadi saka basa krama lugu lan krama alus (inggil). Titikane saben-saben ragam basa mau, kaya ing ngisor iki.
Ngoko Lugu, wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh, ora kacampuran tetembungan krama. Penganggone beda-beda, ing kene tumrap: 1) Kanca padha kanca sing wis akrab. 2) tumrap wong sing kalungguhane luwih dhuwur nalika sesambungan karo wong kang wong sing drajad utawa kalungguhane luwih endhek. Banjur 3) Kanggo situwasi resmi (formal) sing pancen perlu nggunakake ragam lan tembung-tembung ngoko (umpamane tulisan ing majalah utawa buku).
Tuladha panganggone ragam basa ngoko mau:
a. Dhimas weruh ora ya, yen mengko sida gladhen tari lan wayangan?
b. Kowe iku yen dijak dolan kok mesthi ora gelem, kenang apa ta?
c. Aku arep lunga menyang perpustakaan, golek buku drama tradisional.
Ngoko Alus kang wujude kanthi nggunakake tembung-tembung basa ngoko, dicampuri tetembungan krama inggil sawatara. Tembung-tembung krama sing ana, digunakake kanggo aweh pakurmatan marang mitra wicara. Dene tembung sing perlu dikramake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.
Penganggone basa Ngoko Alus tumrap: siji, antarane kanca raket nanging padha dene olehe ngajeni (umpamane wong kang padha-padha nduweni kalungguhan utawa pangkat). Loro, wong tuwa utawa wing sing luwih dhuwur drajate, marang wong enom, nanging wis akrab banget. Telu, nalika lagi ngrembug wong liya sing diajeni banget. Papat, Wanita marang sisihan (bojo)-ne, yen dheweke nggunakake basa ngoko. Lima, digunakake kanggo ngarang sawijine karangan ing majalah kanggo ngajeni wong sing maca.
Tuladhane:
a. Sepedha montore sida diagem ora, mas Budi?
b. Panjenengan wingi diaturi pinarak kok ora kersa, geneya ta?
c. Pak Dhe Sastro isih durung bisa rawuh saiki jalaran isih tindak rapat ana Kabupaten.
d. Panjenengan kok ora ndhang siram dhisik ta Pak, saiki wis awan lho!
e. Matur nuwun marang sapa wae sing wis kersa paring panyaruwe.
Krama Lugu, wujude tetembungan arupa tembung-tembung krama lugu, ora dicampuri krama inggil apadene ngoko. Basa krama lugu nduweni watak ngajeni marang sing diajak guneman nanging kurang utawa ora nemen bab aluse. Ing kene, tambahan ater-ater lan panambang nalika ndhapuk tembung. kudu dikramakake.
Penganggone yaiku: Sepisan, tumrap wong sing sadrajad nanging padha dene ngajeni. Loro, digunakake dening wong biasa sing durung nate tepung utawa durung akrab. Katelu, digunakake saben-saben paraga, sajerone swasana resmi (upamane lagi macakake rantaman adicara).
Tuladhane:
a. Man Bilung, Bagong taken: ‗Sampeyan sampun mbeta napa kemawon?
b. Kula pireng, Sampeyan malah sampun angsal dhawuh, sinten ingkang sanjang?
c. Kula nuwun, adicara salajengipun inggih punika pagelaran ringgit wacucal.
Krama Alus. Perangan basa Jawa iki nggunakake basa sing luwih alus lan ngajeni banget, wujude basa krama kacampuran tembung krama inggil. Dene tembung sing perlu dikramakake, yaiku: wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke. Ana kene, awake dhewe (pamicara) ora kena dikramakake inggil.
Wondene penganggone yaiku: Kapisan, digunakake dening wong sing sadrajad utawa padha pangkate, kang padha ajen-ingajenan banget, antarane siji lan sijine. Kaloro, digunakakr marang wong sing luwih dhuwur drajade (kayata, anak marang wong tuwa, murid marang guru, abdi marang bendarane lan sapanunggalane). Kaping telu, digunakake dening wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab.
Tuladhane:
a. Kakang mas, menapa Panjenengan mangke estu tindak dhateng Kediri?
b. Bilih wonten dhangane penggalih Panjenengan kula aturi rawuh!
c. Nuwun sewu, menapa Panjenengan ta ingkang asma Ki Dhalang Murwa Kandha, punika?
Para siswa kabeh, coba andharan bab unggah-ungguh mau sinaunen kanthi becik, gawenen tuladha liyane saben-saben jinise. Yen wis rampung, wacanen kanthi titi swara lan rasa pangrasa sing bener lan trep.