Pasinaonan bab 2 iki bakal ngrembug babagan budaya lan upacara adat, mula sawise pasinaonan para siswa kaajab bisa mangerteni jinis-jinis budaya lan upacara adat ing dhaerah, nyebutake tata urut-urutane upacara adat, nindakake kegiatan upacara adat kanggo ngrukti bumi murih lestari titahing Gusti. Ing masyarakat ana sawijining kabiyasan sing wis diwarisake saka simbah-simbah biyen nganti tumekaning saiki, kabiyasan iki diarani budaya. Budaya iki tuwuh nalika warga wis nduweni pola pikir lan sosial sing wis padha lan ndadekake kabiyasan sing beda antarane dhaerah siji lan sijine. Budaya uga mujudake asil “perjuangan” warga tumraping alam lan jaman kanggo mbuktekake gemah ripahe warga kanggo ngadhepi pepalang amrih warga makmur, slamet lan bisa nampa kabegjan.
Garapan 1: Nyebutake Jinise Budaya Dhaerah
Kegiatan kapisan, ayo nyemak wacan kanthi irah-irahan ”Upacara Adat Tingkeban ing Tulungagung”. Gatekna apa bedane karo tingkeban ing dhaerahmu!
UPACARA ADAT TINGKEBAN ING TULUNGAGUNG
Mligi upacara slametan kanggo wong mbobot ing laladan Kabupaten Tulungagung ditindakake kaping pindho, yaiku wulan ka-3 utawa wulan ka-5 lan wulan ka-7. Geneya kok wulan ka-3 utawa wulan ka-5? Amarga yen wulan ka-3 wis slametan”telonan” (arane slametan wulan ka-3), wulan ka-5 wis ora slametan maneh. Semono uga suwalike, amarga ubarampe kanggo slametan ”telonan” lan slametan ”limonan” (arane slametan wulan ka-5) iku padha, yaiku takir plonthang sing bitinge dom. Dene wulan ka-7 tumrap warga kang isih nguri-uri kabudayan Jawa isih padha slametan ”tingkeban” kanthi upacara siraman. Slametan ”tingkeban” ing laladan Kabupaten Tulungagung tanpa dikantheni upacara siraman diarani slametan ”nyambung tuwuh wong mbobot” utawa ”ngrujaki” amarga ing slametan kasebut mesthi ana rujake. Yen mung dijenangake abang diarani slametan ”metri wong mbobot”. Kamangka tembung ”tingkeban” yen dijlentrehake kanthi etimologis, padha karo akronim (singkatan tembung) saka tembung ”titi wancine jangkeb” (wis ganep wektune). Ing walike pitakonan kasebut mbobot maksud yen ing wulan ka-7 bayi ing kandhutan bisa lair (diarani ”lair metu pitu”). Mula saka iku, wanita sing mbobot ing wulan ka-7 kudu ngrumat awake, ora oleh nyambut gawe abot utawa lelungan adoh. Ciri khase ing Tulungagung yaiku anane upacara siraman (calon ibu kang mbobot disirami nganggo banyu kembang). Buceng (sebutan tumpeng ing Tulungagung)dikompliti kendhi prathola lan cengkir gadhing sajodho, sarta sapungkure iku dodol ”rujak” marang sanak kadang lan tamu undhangan. Cengkir gadhing kasebutdigambari tokoh wayang, contone tokoh ”Kamajaya-Dewi Ratih utawa Arjuna-Sembadra” kanthi pangarep-arep yen bayi lair kakung nduweni watak satriya kaya Dewa Kamajaya, pasuryane bagus kaya Arjuna. Suwalike yen lair putri muga-muga nduweni watak kaya Dewi Ratih utawa Dewi Sembadra. Urut-urutane upacara ”tingkeban” ing Tulungagung antara liya, yaiku pambuka, sungkeman, ngracik toya, donga pamuji, siraman, mecah kendhi prathola, magas sukerta, glundhungan, mantes busana, angrem, pagas tumpeng, rujak uyup, lan ngaburake pitik. Upacara “tingkeban” ditindakake sapungkure acara slametan “nyambungtuwuh”. Panindake diawiti kanthi pambuka kang ditindakake dening pambiwara. Calon bapa lan calon ibu sing mbobot pitung wulan mapan ana sacedhake ubarampe sesaji. Kendhi prathola lan cengkir gadhing sajodho dideleh sacedhake calon bapa lan ibu sing mbobot kasebut. Acara ”sungkeman” diawiti calon ibu sing mbobot sungkem marang kakunge (calon bapa), dibacutake pasutri kasebut sungkem marang rama ibune kekarone (wong tuwane sakloron calon bapa lan ibu). Mungkur iku banjur dikirab tumuju papan pasiraman. Kang kapatah ngracik toya yaiku rama ibu kekarone calon bapa lan ibu sing mbobot. Sing diracik yaiku tirta sapta, sekar setaman, lan cengkir sajodho, kabeh dilebokake ana ing genthong. Acara ”donga pamuji” (hastungkara puja) ditindakake dening juru sumbaga (sesepuh). Ing acara ”siraman”, pasutri calon bapa lan ibu sing mbobot disiram (digrujug) banyu kembang. Kang kapatah nyirami (nggrujugi) yaiku rama ibu calon bapa, rama ibu calon ibu, lan para sesepuh pinilih kang gunggunge pitu utawa sanga. Acara ”mecah kendhi prathola”, diwiwiti rama ibu calon bapa paring bilasan (banyu kendhi digrujugake ana ndhuwur mbun-mbunane pasutri calon bapa lan ibu sing mbobot nganti entek gusis), banjur kendhi dipecah. Sawise dilap nganggo andhuk, calon ibu sing mbobot dibebeti mori putih rong meter, lan dikendhiti lawe wenang (janur kuning). Sawise iku lawene dipagas nganggo keris dening calon bapa kanthi madhep mungkur (ora ngingetake). Acara ”glundhungan” diwiwiti juru sumbaga (sesepuh) njupuk endhog saperlu dilebokake ing bebete calon ibu sing mbobot nganti pecah. Sabanjure, cengkir gadhing cacah loro, sing siji uga dilebokake ing bebede calon ibu sing mbobot. Sing nglebokake ibune dhewe, dene sing nampani ibu maratuwane. Bubar iku, cengkir gadhing kasebut digendhong ibu maratuwane tumuju tilamsari calon ibu sing mbobot. Cengkir gadhing sing sijine diglundhungake ing pinjunge calon ibu sing mbobot. Sabanjure, ditampa dening calon bapa tumuli disigar, banyune banjur diombekake (diunjukake) marang calon ibu sing mbobot. Ing acara ”mantes busana” iki calon ibu sing mbobot diutus ganti ageman jarit nganti rambah kaping pitu. Saben ganti ageman jarit, juru sumbaga (sesepuh) nyuwun pirsa marang para tamu ”sampun pantes napa dereng” kabeh paring mangsuli ”dereng”. Kejaba nalika calon ibu sing mbobot nganggo jarit kang pungkasan, kabeh paring mangsuli, ”sampun pantes”. Jarit gunggung enem sing ora pantes mau banjur ditata, sabanjure dilungguhi calon ibu sing mbobot sawetara. Sawise dianggep wis cukup banjur digendhong tumuju tilamsari. Kang kapatah magas tumpeng yaiku rama ibune calon bapa. Sabanjure dipagas banjur kadulangake marang calon bapa lan ibu sing mbobot. Sabanjure calon bapa lan ibu sing mbobot metu saka omah banjur dodol rujak. Para tamu banjur diaturi mundhut, dene dhuwit sing kanggo tuku ya dhuwit temenan (dudu dhuwit-dhuwitan). Ing acara iki ora lali calon bapa lan ibu sing mbobot ngaburake pitik kanggorebutan para tamu. Purnane adicara, sawise calon bapa lan ibu sing mbobot ganti busana.
(Sumber :http://www.panjebarsemangat.co.id/tingkeban-ing-tulungagung)
Garapan 2: Ngidhentifikasi Kegiatan Upacara Adat
Semaken wacan ing ngisor iki kang magepokan karo upacara adat ing wilayah Blitar. Catheten bab-bab kang wigati ngenani urut-urutane kegiatan!
LARUNG SESAJI ING PESISIR PASUR
Kesurung karep mbuktekake kabar endahe gisiking Samodra Kidul laladan Blitar brang kulon ing wayah esuk subuh, sorene penulis budhal menyang Pesisir Pasur saperlu nekani uleman saka panitia upacara adat Larung Sesaji. Kanthi dikancani kadang Kasmuji (42) lan kadang Rohman (31) budhale penulis saka Desa Tumpak Oyot wis jam papat sore. Supaya tekan papan kang dituju ora nganti bengi, budhale banjur liwat dalan sidatan pintas) sing dalane pating gronjal. Yen ndadak liwat dalan nglenyer kejaba tekan kana mesthi yen bengi uga kudu mubeng ngliwati Desa Sumberdadi, Bakung Kidul, lan Bululawang. Saka Desa Tumpak Oyot tumuju arah ngidul ngetan liwat Kalitiman (aran pategalan) dalane bledhu. Bubar iku ngliwati dalan njujrug (dalan cor-coran sing mung sedheng ban motor) lan nyabrang Kali Pancer. Kali Pancer sing kondhang akeh iwake iki minangka tapel wates Desa Tumpak Oyot lan Desa Bululawang. Amarga dalane memper dalane motor cross, tekan pakampungan pendhudhuk Pasur wis ngarepake surup. Senadyan kahanan wektu iku durung peteng, amarga ketutupan ”gunungan pasir besi” nyebabake Pesisir Pasur ora katon disawang. Mula saka kuwi, penulis banjur mesthekake nemoni panitia. Perlu kawuningan, nalika durung dadi dhusun rame, sakitere Pesisir Pasur isih wujud ara-ara lan alas gung liwang-liwung. Lagi ing taun 1960-an ana wong bara ana kana. Ana sing olah tetanen uga ana sing nggolek iwak (wektu iku isih njala utawa mancing ing Kali Pacer, durung njala utawa mancing ing segara). Sing jenenge bara ya mung yasa gubug, durung yasa omah. Nanging, sawise dibangun dalan makadham jurusan Pesisir Pasur wong-wong sing maune mung bara malih netep (manggrok) ana kono. Sabanjure, sing maune ijen banjur nggawa anak bojone, sing maune mung yasa omah gubug banjur yasa omah permanen. Nganti pungkasane dadi dhusun rame. Amarga cedhak karo Pesisir Pasur, mula banjur katelah Dhusun Pasur. Miturut katrangan Ketua RW Sutris (58), ing 1968 pendhudhuk Dhusun Pasur isih 52 KK. Wektu iku durung ana sekolahan. Lagi ana sekolahan taun 1971, yaiku sekolahan SD Inpres. Ya sawise ana SD Inpres kasebut pendhudhuk Dhusun Pasur banjur ngrembaka. Kejaba saben taun pendhudhuke tambah, ing taun 1998 uga banjur lair kesenian karawitan Wahyu Sri Budaya. Wahyu ngemu teges dununge katentreman, sri nglambangake rejeki lan budaya iku sumrambahe budaya. Taun 2013 iki pendhudhuk Dhusun Pasur wis 211 KK. Pendhudhuk samono akehe iku sing makarya dadi nelayan mung 5%, dene sing 95% makarya dadi petani. Nadyan sing makarya dadi nelayan mung 5%, saben taun (pendhak tanggal 1 Sura) mesthi ora lali nganakake upacara adat Larung Sesaji minangka atur panuwun marang Gusti Allah. Sing nduweni kajad Larung Sesaji kasebut ora mung warga nelayan, ning uga warga masyarakat lan rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya. Mung bedane, yen rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya anggone nindakake bengine, dene nelayan lan warga masyarakat anggone nindakake esuke. Wis kaping lima iki rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya anggone nindakake Larung Sesaji. Yagene anggone nindakake kok ora dibarengake karo Larung Sesaji dina maksude Larung Sesaji kang ditindakake dening masyarakat lan nelayan Pasur dina Rebo 6 Nopember 2013). Miturut katrangan ketua karawitan Suyut (52), amarga anggone nglumpuk anggotane karawitan bisane mung pendhak bengi, mula anggone nindakake uga banjur ajeg bengi. Ubarampe sing dilarung bengi lan esuke intine padha. Sing ora padha mung nalik budhal tumuju pesisir, sing bengi (maksude rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya) dikantheni (kairing) gong, lha sing esuk ora. Wondene ubarampene yaiku lodho sega gurih, gedhang raja setangkep, kembang tebu, jenang werna pitu, jenang sura, buceng mas, buceng kuwat, sega golong, sega mule (sega lawuh endhog), jenang abang, lan kolak gedhang emas. Jenang werna pitu kanggo ngaweruhi sedulur sing momong jiwa ragane masyarakat dhusun Pasur. Kolak gedhang emas kanggo ngaweruhi Kanjeng Ratu Emas. Sapungkure nglarung sesaji sing bengi banjur diterusake acara wayangan. Sadurunge iku isih diacarani slametan nyambung tuwuh nyiram tuwuh. Wondene tujuane wayangan mung kanggo melekan. Ya krana mung kanggo melekan kuwi banjur ora ana acara ruwatan. Geneya? Amarga ing dina candhake isih ana acara Larung Sesaji! Mula saka iku, ing bengi iku penulis sarombongan banjur pilih mancing ing Kali Pancer. Esuke (sawise tangi turu) penulis sarombongan uga langsung tumuju menyang Kali Pancer maneh. Geneya mrana maneh? Amarga Kali Pancer kejaba minangka tapel watese Desa Tumpak Oyot lan Desa Bululawang uga kanggo pangkalan prahu. Wektu iku sang bagaskara isih lagi ngelekake ”mripate”. E… jebul ora muspra, jalaran kabar iku ora ngayawara. Pesisir Pasur sing mapan ing Dhusun Pasur Desa Bulula hina durung katon kemliwere janma manungsa. Rada lumayan nalika penulis tumuju Kali Pancer ora dhewekan mlebu ketele alas bonse tumuju tepining samodralaya. Baka siji ana ibu, bapak, lan putrane saka sakiwa tengene pesisir sing mlaku lon-lonan ing gisiking samodra. Nganti pletheke srengenge mung watara wong 10 ngenggar-enggar ati ing pesisir sing endah iku. Pesisir ing walike ”gunungan pasir besi” sing wiwit kena cahyane bang-bang aruna, nyimpen segere angin segara, lan njekute hawa mangsa bedhidhing. Sawenehe ibu-ibu sing didherekake putrane banjur olah raga ing pesisir iku kanthi peplayon rindhik sinambi nyaruk-nyaruk gisik sing kadhangkala kasiram pethite ombak sing diuncalake alun sing tanpa pedhot gumuruh pating jlegur. Samodra sing nyuguhake sesawangan jembar tanpa watesan aweh pangaribawa marang bocah cilik sing isih terus mekar wawasane. Mula momong ing tepine samodra kejaba nyehatake salira uga mekarake pancadriyane bocah. Mangkono pratelane Bu Wagimah (41) kang pidalem ing Tumpak Oyot, Blitar, sing esuk iki nunggoni putrane dolanan ing tepine samodra. Sinambi ndulang putrane Bu Wagimah mratelakake, ”Seganten menika rak ngandhut sakathahing mineral murni ingkang sae sanget kagem kesehatanipun makhluk gesang ta Pak, mila rekreasi dhateng pesisir menika raosipun lajeng seger dhateng salira ta?” pratelane marang penulis. Banjur, ”Napa malih pesisir mriki kathah wana ingkang ketel ingkang mahanani hawa langkung resik lan seger”, pratelane. Endahe esuk iku tansaya ganep barang weruh gelaran wedhi (pasir) ing sapinggire pesisir, krasa lembut ing dlamakan. Sumilire angin kang midid kuwawa ngalahake keangkuhane sang bagaskara. Kabukti, najan panas sumelet wong-wong akeh sing padha ketungkul ngadeg ing sapinggire pesisir, ngrasakake kelembutane pasir pesisir sinambi nyawang jumlegure ombak ing kadohan. Sauntara bocah-bocah uga luwih seneng kekeceh ing banyu segara sing mung cethek lan banyune bening kinclong-kinclong, saengga sawernane panguripan ing njero banyu kasebut bisa dideleng kanthi cetha wela-wela. Kaelokan sing ditawakake Pesisir Pasur ora kalah karo Pesisir Kuta utawa Nusa Dua ing Bali. Kaluwihane Pesisir Pasur, pesisire isih alami. Paribasane prawan ayu sing lugu. Najan tanpa paesan kaluguane, keayuane, kumawa gawe getere ati. Ora ana hotel utawa bangunan mewah ing wewengkon kono. Omah-omah duweke warga uga ora ana sing dibangun loteng. Kabeh racake mung kloneng. Ngono wae saupama wulu metune sawah lan pategalan ora apik mbokmenawa ya mung digawe saka gedheg utawa kayu. Mula yen disawang sakeplasan pancen mung prasaja, nanging malah bener-bener nyawiji karo alam. Ing sapinggire pesisir isih akeh wit-witan, mligine wit cemara. Wit cemara sing tuwuh ing sadawane pesisir iku ukurane gedhe-gedhe. Dhuwure ana sing telung meter luwih. Wit-wit cemara sing mapan ing saurute pesisir wis ditata apik lan peni. Nanging witwit sing rada adoh saka pesisir, isih dijarake tuwuh alami, wujud grumbul utawa alas cilik. Lan bab kuwi uga dadi daya tarik sing mirunggan. Kejaba sesawangan alame sing mencutake, Pesisir Pasur mujudake siji-sijine pesisir sing duwe garis pesisir sing paling dawa ing antarane pesisir-pesisir sing sumebar ing wewengkon Blitar. Sing luwih mencutake maneh, ing sangisore banyu segara sing bening kinclong-kinclong iku sumimpen sesawangan sing ngedab-edabi. Mawarna-warna penguripan ing njero segara bisa ditonton kanthi mripat mlaha. Wiwit maneka jinis iwak hias, molusca (sabangsane siput laut), sing dumadi saka maneka jinis kerang mawa cangkang nganti sing tanpa cangkang, lan liya-liyane bisa katemokake ing antarane kembang kerang lan ganggeng utawa rumput laut. Ganggeng kuwi wae jinise uga maneka warna lan maneka rupa, yen digatekake luwih adoh kaya-kaya mujudake alas ing sangisore banyu. Bener-bener sesawangan sing ngedab-edabi lan kuwawa ndudut ati. Kabeh mau ora mung saderma bisa dinikmati nganggo mripat, nanging uga bisa dirasakake nganggo tangan. Tegese bisa dicekel utawa disenggol. Pungkasane sawise krasa ngelih, penulis sarombongan banjur ninggalake Pesisir Pasur. Nanging saeba kagete bareng nyumurupi warung-warung padha ora ana sing bukak. E…pancen arep padha nindakake Larung Sesaji, mula ya bener yen ora ana warung sing bukak. Kaya padatan saben nindakake upacara adat Larung Sesaji, saben omah ingdhusun Pasur padha cepak jajan (istilah kana bada). Mula saka iku, kanggo golek ganjel weteng, penulis sarombongan banjur mertamu menyang omahe Ketua RW. E… pranyata ora mung entuk jajan, ning uga entuk sega barang. Mula nalika melumelu mikul ubarampe kanggo Larung Sesaji uga semangat tenan (maksude rosa). Tumpeng (ubarampe sesaji) kang dilarung esuk iku (watara jam sanganan) cacahe ana loro. Sing siji tumpenge masyarakat, sing sijine tumpenge nelayan. Iring-iringan tumpeng cacah loro kasebut dibudhalake saka omahe Ketua RW. Sadurunge dilarung, didongani dhisik dening Mbah Sunari (sesepuh desa). Kejaba diestreni warga masyarakat uga dirawuhi Muspika Kecamatan Bakung. Sapungkure didongani banjur digotong ditumpakake prahu, lan sabanjure dilarung ing tengahe segara. Muga-muga sapungkure Larung Sesaji, masyarakat dhusun Pasur tansah ayem tentrem, murah sandhang lan pangan sarta ora kena musibah. (*)
(Sumber: http://www.panjebarsemangat.co.id/larung-sesaji-ing-pesisir-pasur)