Artikel yaiku karangan nyata kanthi dowo tertentu disebarake lewat koran, majalah, lan media massa liane.
Tujuane wong kang nggawe artikel yaiku kanggo ngekek i tambahan ilmu pengetahuan ngeyakinake wong kang moco, lan gawe hiburan.
Artikel bisa diartekake tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadang nglelipur, ndhidik utawa nyaruwe sawijine babagan kang pinuju sinebar liwat medhia massa sacara online utawa offline.
Artikel iku nduweni 4 struktur yaiku :
Irah irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah irahan iku gawe ngewakilake isi ing sajrone artikel.
Pambuka : Pambuka iku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora menarik , wong kang maca males nerusake macane ing artikel iku mau.
Isi : Isi tugase njlentrehno opo kang kape dijelasno. Inti saka artikel iku mau.
Panutup : Panutup iku tugase kanggo nutup artikel.
Artikel Eksploratif : Artikel kang tulisane ndungkapane fakta fakta miturut pamawase si penulis. Jenis artikel iki cocog kanggo maparake temon temon anyar. Tuladhane : Makalah paniliten, Nemokake fosil tinggalan jaman purba, lan sapiturute.
Artikel Eksplanatif : Artikel iki tegese maparaken keterangan sawijine perkoro tuladhane : tawuran antar pelajar.
Artikel Predhikatif : Artikel iki isine pitungan utawa ramalan miturut penulis tuladhane : ramalan cuaca.
Artikel Preskriptif : Artikel sing ngekek i tuntunan agar pembaca mboten keliru. Tuladhane : cara nggae kripik.
Artikel Argumentasi : Artikel kanggo mbuktiake kebenaran (pendapat e wong), tuladhane : mene sare miturut Sandy udan deres.
Artikel Eksposisi : Artikel iki tegese njlentrehake sawijining topik kanggo tambahan ilmu. Tuladhane : Kenduren.
Rusake Lingkungan Hidup
Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening ―High Level Threat Panel PBB‖. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa. Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka menawa kita bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate bisa kanggo anak putu. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa. Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
Rusake Lingkungan Saka Rubedaning Alam
Akeh dhahuru kang anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung njeblug. Gunung njeblug mujudake salah sawijine aktivitas vulkanisme lan dumadine gejala alam. Kahanan iki ora ana sing bisa nyegah panjebluge gunung mau. Akibat mbledhose/njebluge gunung bakal ngrusaklingkungan amarga gunung muntahake sawernane material padhet sing nibane sawah, omah, alas lan apa wae sing ana sakupenge. Saliyane iku lindhu lan siklon uga kalebu bencana alam sing ngrusak lingkungan. Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Nanging, sifat manungsa kang murka (srakah) njalari tumindake dhemen ngeksploitasi alam kanggo nggolek kauntungan tanpa winates, tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake alam amarga pokale manungsa yaiku banjir, longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan liar, pencemaran udara, pencemaran air, lan sapunanggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya mangkono terus-terusan, mesti wae alam ora bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.
Sumber http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html
Ukara Lamba lan Ukara Camboran Sajrone Teks
Ukara Lamba
Miturut akeh sithike rerangkene tembung, ukara dibedakake dadi rong ukara yaiku ukara lamba lan ukara camboran. Ukara lamba diarani uga ukara tunggal, yaiku ukara kang gagasane mung siji kang dumadi saka Jejer (J) lan Wasesa (W).
Ukara Camboran
Ukara camboran yaiku yaiku ukara kang gagasane luwih saka siji, Jejer (J), Wasesa (W), Lesan (L) utawa Katrangan (K) luwih saka siji.
Tuladha ukara camboran
Wacan Artikel kanthi irah-irahan ―Paedahe Sampah ing Lingkungan‖ bisa karingkes. Carane mung nulis ukara baku ing saben paragraf. Umpamane: Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah anorganik.
Saiki wis kokngerteni carane nggawe ringkesan. Isi ringkesan kudu pada karo isi wacan kang diringkes. Olehmu ngringkes, uga bisa manfaatake struktur teks iku kanggo pathokan. Bandhingna ringkesanmu karo garapane kancamu. Apa pancen isine padha persis antarane ringkesan lan wacan ―Paedahe Sampah ing Lingkungan‖ yen durung, balenana lan benerna maneh nganti kasil! Cara ngringkes kaya mangkono mau bisa kok trapake kanggo luwih mangerteni wacan liyane. Kegiyatan iki bakal krasa luwih gampang lan nyenengake yen sering kok lakoni.