Pasinaon iki ngrembug babagan pranatacara lan pamedhar sabda (pewara dan pidhato). Ancase supaya para siswa bisa tambah kawruh ing babagan pewara lan pidato. Ing pangajab sarampunge pasinaon bisa gawe teks pewara lan pidato kanthi trampil lan ngecakake.
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Wacan 1.
PRANATACARA
Tembung pranatacara iku asale saka tembung lingga tata lan acara. Tata tegese tatanan, dene acara ngemu teges pahargyan. Dadi tembung pranata cara mau ngemu teges wong sing kajibah nata lakune adicara. Pranatacara uga bisa karan pranata adicara, pranata titilaksana. Dene ing Basa Indonesia diarani Pewara, lan ing Basa Inggris diarani Master of Ceremony ( MC). Ing jaman saiki akeh acara-acara kang mbutuhake pranatacara, kayata: adicara ijab, temu manten, sepasaran manten, tasyakuran, pengajian, wong kepaten, sunatan, rapat, lan liya-liyane. Iki nuduhake yen jejering pranatacara dibutuhake kanggo nata supaya sawijining acara bisa lancar. Bisa digambarake kaya apa dadine yen sawijining adicara ora ana sing nata, mesthi semrawut ora karuwan. Minangka wong kang kajibah nglantarake lakune adicara, jejibahane pranatacara ora sithik. Pranatacara kudu mangerti kanthi cetha lan gamblang babagan apa wae kang ana gegayutane karo adicara kang bakal dilantarake. Wiwit saka apa acarane, sapa pawongan kang melu nyengkuyung, kapan acarane, kepriye kahanane lan lakune adicara, lan liya-liyane. Kena diarani yen titilaksanane sawenehing adicara gumantung marang kawasisane pranatacara anggone nglantarake adicara mau.
Wacan 2.
BUNG KARNO ORATOR KANG GAMBEN
Insinyur Sukarno, ya Bung Karno, proklamator kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia, pancen mujudake tokoh kang asmane wis kawentar ora mung ing negara Indonesia wae, nanging uga kondhang ing saindenging jagad. Manut crita sejarah, Bung Karno banget disuyudi dening para pemimpin negara-negara liya ing jaman semana. Panjenengane kondhang kaloka saka kewasisane lan perbawane nalikane pidhato, nganti digambarake sapa wae kang ngrungokake kaya kena daya hipnotis. Mula ya ora nggumunake yen Bung Karno kalebu tokoh donya kang katulis ing buku “Speeches that Changed The Word” kang dijarwakake “ Pidhato-Pidhato yang Mengubah Dunia”.
Kewasisane Bung Karno pidhato sing kapisan, kang njalari dadi kawigatene masyarakat saindenging donya, yaiku nalika pidhato ing sangarepe “Pengadilan Pemerintah Hindia Belanda” kanthi irah-irah “ Indonesia Menggugat”. Pidhato kang isine “pembelaan diri” amarga Bung Karno ditangkep dening Bangsa Walanda mau kedadeyan ing Bandung nalika taun 1931. Wektu iku Bung Karno isih durung dadi presiden. Nalika pidhato panjenengane babar pisan ora duwe rasa wedi ngadhepi para “penegak hukum” sing kabeh wong Walanda mau. Malah Bung Karno kasil ngyakinake para hakim yen panjenengane ora salah, mula Bung Karno kasil bebas, luwar saka paukuman.
Sajrone pasinaon iki para siswa diajak ngidhentifikasi teks pranatacara lan teks pamedhar sabda. Kanthi nyemak teks lelorone mau para siswa diajab bakal mangerteni struktur teks lan unsur basa kekarone.
Garapan 1 : Ngidhentifikasi Struktur Teks Pranatacara
Semaken wacan teks pranata cara ing ngisor iki!
Assalamu’alaikum Wr. Wb. (1)
Nuwun, kawula nuwun. (2)
Para Alim Ulama, para Rama Kyai ingkang tansah dados panuntune kawula dasih ingkang dahat kinabekten. (3)
Para sesepuh, pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang dahat kinabekten. (4)
Para pangemban pangembating praja ingkang minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang dahat sinudarsana. (5)
Para rawuh kakung sumawana putri, wredha tuwin taruna ingkang satuhu dahat kinurmatan. (6)
Keparenga kula cumantaka ngadeg, sowan wonten ing ngarsa panjenengan sami, awit ngemban jejibahan dhawuh saking panjenenganipun Bapa Prasetya ingkang hamangku karsa. Kepareng kula jejer minangka panata adhicara wonten ing adhicara dhauping kang putra kinasih nun inggih kang asesilih sang kusumaning Ayu Dyah Puspita Harumingtyas ingkang arsa kadhaupaken kaliyan putra bagus kang asesilih SangKusumaning Bagus Arga Putra Dewa, putra saking panjenenganipun Bapa Puja Sentika, ingkang mijil saking tlatah Kartasura Hadiningrat. (7)
Para Rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan, (8)
Sumangga adicara siyang punika kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.
Bismillah irohmanirohim. (9)
Tumapaking adicara salajengipun waosan Ayat suci Al Qur’an. Dhumateng ingkang kajibah, kula sumanggakaken. (10)
………………. Waosan ayat suci Al Qur’an ………………………….. (11)
Makaten ngumandhanging dhawuh-dhawuh luhung saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang kaserat wonten ing kitab suci Al Qur’an, mugi sageda anambahi iman lan taqwa kita dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan. Salajengipun ngancik adicara madya, Atur pambagyaharja. Dhumateng Bapa Harja Waskito, ingkang minangka sesulih saking ingkang hamangku gati, sasana pangandikan kula aturaken. (12)
………………… Atur Pambagyaharja …………………………………… (13)
Tatas titis mrantasi tan ana kang kacicir sadaya dhawuh pangandikanipun sulih pangandikan saking Bapa Prasetyo ngkang hamangku gati nun inggih Bapa Harja Waskito, kula namung saged ndherekaken sugeng lenggah malih kanthi suka mardikaning manah. Tumapak adicara salajengipun nun inggih Atur Pasrahe sang pinanganten kakung. Dhumateng Bapa Wisnu Tinulat, ingkang minangka sesulih saking kadang besan nun inggih Bapa Pujo Sentika sakulawangsa dalasan para pangombyonge pinanganten saking Tlatah Kartasura Hadiningrat, sasana pangandikan kula aturaken. (14)
…………………. Atur Pasrah……………………….........................................................(15)
……………………Atur Panampi………………………......................................................(16)
…………….Adicara kirab Kanarendran lan lerem…………........................................(17)
……………Adicara Kirab Kasatriyan…………………………............................................(18)
Paripurna kirabe sri penganten, keparenga kula ngaturi para-para ingkang mangke kula sebat asmanipun keparengan jumeneng jajar kaliyan sri penganten badhe kapundhut foto sesarengan Pinanganten kekalih. (19)
………….. Adicara Foto………................................................................................(20)
Sajak sampun dumugi purnaning adicara, kangge sangune lampah sri atmaja kekalih anggenira ambyur ing samudraning bebrayan, murih pikantuk berkah, rahmat saha hidayahipun Gusti Kang Murbeng Jagat, keparengan konjuk dhumateng Rama Kyai Muhammad Aziz, mangarsani panjurunging donga. Sasana pangandikan kula aturaken. ……………..Adicara donga…………………............................................................. (21)
Mugi kanthi panjurunge donga kalawau, sageda ugi sumrambah dumateng kita sedaya saengga tansah pinaringan pangayomaning Gusti Allah SWT, saengga saparipurnaning pahargyan punika mangke, kula dalah panjenengan sami tansah ginanjar wilujeng, bagaswaras boten kirang sawiji punapa. Amin. Lan sumangga adicara menika kita pungkasi sesarengan kanthi munjokaken raos puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi kanthi atur hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirobil’alamin. Wasana saking kula minangka panatacara, menawi wonten kirang trapsila, kirang nuju prana, kula tansah nyadong duka saha sih lumunturing samodra pangaksama. Wasana Wasallamu’alaikum wr. wb. Nuwun. (22)
Cathetan Wigati:
Yen njingglengi wacan ing dhuwur, para siswa bisa ngidhentifikasi perangane wacan. Bakune wacan kasebut mung nduweni struktur: 1) Pambuka, 2) Isi, lan 3) Panutup. Kanggo sarana mangun teks pranatacara lan pidhato (pamedhar sabda) kudu mangerteni struktur teks kekarone mau. Kajaba iku, kang perlu digatekne yaiku babagan apa sing padha lan apa sing beda ing antarane lelorone mau. Ing dhuwur wis diterangake yen antarane teks pranatacara lan teks pidhato (pamedhar sabda) sing beda mung ing perangan struktur isi. Tegese ing struktur pambuka lan panutup bisa padha. Murih gampange mangun teks pranatacara lan pidhato, semaken tuladha-tuladha teks pambuka lan panutup ing ngisor iki!
Tuladha teks pambuka:
Nuwun, Bapak Kepala Sekolah minangka pangarsaning pawiyatan SMA….. ingkang satuhu kinabekten, Bapak saha Ibu guru saha para karyawan SMA-….ingkang dahat kinabekten ugi, para tamu ingkang dahat kinurmatan, sarta para kadang siswa SMA… ingkang kula tresnani. Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran Ingkang Mahawelas lan Asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang tanpa pepindhan dhumateng kula dalah panjenengan sedaya, saengga taksih kepareng pinanggih wonten ing mriki kanthi kawontenan rahayu wilujeng kalis ing rubeda. Tan katalompen sholawat saha salam mugi konjuk ngarsa dalem Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun para umat wiwit jaman jahiliyah ngantos islamiyah, ingkang satuhu kita antu-antu safaatipun ing mbenjang dinten kiyamat. Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ingkang mundhi dhawuhipun Ketua panita, Bapak Suharmanto, kapasrahan minangka pranatacara wonten ing adicara perpisahan punika badhe ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika.
Nuwun, mugi kinalisna ing sarusiku, tinebihna ing tulak sarik bendu panyendhu anggen kula kumawani ngadeg ing ngarsa paduka para tamu ingkang minulya, sarta paripaksa nigas wacana munggel pangandikan para tamu ingkang nembe sekeca imbal wacana. Sedaya wau awit saking mradapa mundhi dhawuhipun. Bapak-Ibu Suhardi kinen ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Para pepundhen ingkang dahat pinundhi. Para pinisepuh, kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para tamu wredha miwah taruna ingkang sutresna. Sumangga tansah kula dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Mahawelas lan asih ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun inggih kebagaswarasan, satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing sasana ngriki saperlu paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara pawiwahan penganten sarimbit nun inggih Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Tan kantun, sholawat saha salam mugi katur konjuk dhumateng junjungan kita, titah linuwih Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita ajeng ajeng safaatipun ing yaumul kiyamah mangke.
Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom Rama Kyai Haji Masduki, ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pandonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung langkung panjenenganipun Bapak Wahyu Yuwono ingkang minangka duta sraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pangombyong temanten saking tlatah Sampung Kadipaten Ponorogo, ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan. Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, saengga wonten wekdal menika kula panjenengan saged makempal wonten papan menika kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Tuladha teks panutup:
Para rawuh ingkang minulya, kados sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila sampun dumugi purnaning titi laksana. Kula sakadang ingkang ndherekaken tumapaking adicara ngaturaken agunging panuwun dhumateng kawigatosan panjenengan, bilih kula sampun pinitados ndherekaken lumampahing adicara pepisahan punika. Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna dungkaping atur miwah solah bawa, cicir cewet adamel kuciwa, keparenga panjenengan sedaya kersa paring pangaksama. Nuwun.
Purwa, madya, wus dumugi pungkasaning adicara. Kula minangka pranatacara ingkang ndherekaken adicara ndherek mangayubagya dhumateng risang penganten sarimbit, sageda nggayuh gesang ingkang atut runtut rerentengan ngantos kaken-kaken ninen-ninen kadya mimi hamintuna. Kula ugi ngaturaken panuwun rehning sampun pinitados ndherekaken gatining laksana pawiwahan sri pangaten. Kalamun wonten kalepatan, kirang pana ing pandhapuking basa, kirang wikan ing pangandikan, kirang runtut pangrakiting ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang sayektine wit saking bodho kawula, pungkasaning atur sedhah siti boga kang binuntel roning kalapa apuranta yen wonten lepat kawula. Nuwun.
Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati. Kula sakadang ingkang ndherekaken gatining laksana, ndherek mangayubagya risang penganten mugi saged nggayuh gesang ingkang kebak ing kabagyan, ndhapuk kulawarga ingkang sakinah mawaddah warohmah. Bokmenawi anggen kula ngracik saha mranata laksitaning adicara wonten ingkang cicir cewet adamel kuwica, mugi bapak Suharmanto sakulawangsa miwah para tamu kersa ngluberaken sih samodraning aksama. Sugeng kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya, nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun.
Kepriye carane meruhi perangan pambuka, isi lan panutupe? Kanggo nggoleki lan milah-milah perangan mau bisa kanthi cara luwih dhisik nggoleki gagasan ing saben pada. Dene kanggo nggoleki gagasan ing saben sapada, luwih dhisik digoleki isine saben ukara.
Tuladha:
Ukara nomer 1 lan 2 ====== salam pambuka
Ukara nomer 3- 6 ====== atur pakurmatan
Ukara nomer 7 ====== panyapa
Ukara nomer 8- 9 ====== pangajak miwiti adicara
Garapan 5: Nganalisis Bedane Unsur Basane Teks Pranatacara lan Pidhato
Yen kita jingglengi tuladha teks pranatacara lan pidhato ing garapan 2 lan 3, kita bakal nemokake bedane struktur bahasa kang digunakake.
Pranatacara :
Basa dicocogake karo pamiarsane
Nggunakake ukara panyapa
Bola-bali nggunakake ukara pakon jumbuh karo susunan acarane
Bola-bali wicara, ing saben miwiti lan mungkasi sawijining acara manut susunan acarane
Pidhato :
Basa dicocogake karo pamiarsane
Nggunakake ukara panyapa
Nggunakake ukara andharan, ngandharake sawijining bab manut prentahe pranatacara
Kaping sepisan micara, cocog karo prentahe juru pranatacara
Garapan 6 : Nintingi Jejibahane Pranatacara
Kaya kang wis diterangake ing dhuwur, babagan jejibahane pranatacara lan juru pidhato iku bisa ditintingi saka struktur teks lan basa kang digunakake. Jejibahane pranatacara iku pancen abot lan akeh, kari ngenut lan manut kabutuhane adicara kang diayahi. Umpamane yen dadi pranatacara ing pahargyan temu manten, ayahane pranatacara tambah akeh amarga kajaba ngayahi jejibahan ngatur lakune adicara, uga kudu nyandra kirab, kapara malah sok kudu gelem aweh lelipur nembang lan sapanunggalane kang dirasa bisa gawe regenge swasana. Yen dijingglengi tuladha teks pranatacara ing dhuwur, bisa dijupuk dudutan titikane dadi pranatacara, yaiku :
Nata urutane acara.
Ngatur lakune acara.
Miwiti acara.
Ngaturi/ prentah marang paraga liya cocog karo ayahane.
Nutup acara.
Tanggung jawab rendhet rancage acara.
Kepriye supaya bisa dadi juru pranatacara kang becik? Andharan ing ngisor minangka paugerane:
1. Olah swara
Kedaling lathi kudu digladhi murih bisa luwih cetha ing pangucap (lafal), luwih cetha metune swara, lirih utawa seru (vokal), lan luwih trep wirama wedharing ukara (intonasi), sarta mumpuni mapanake swara abot, entheng, endhek, lan dhuwur
kang trep karo kahanan (modulasi), uga mathuk karo wiramane gendhing (tumrape pranatacara) yen pancen kairing gendhing. Kajaba iku, pangolahe swara mau kudu katon apa anane, ora katon yen digawe-gawe.
2. Olah busana
Ajining raga gumantung busana, bab panganggone busana iki uga kudu digladhi, tegese cara manganggo klambi kudu pantes lan jumbuh karo kepreluane.
3. Olah subasita lan solah bawa
Juru pranatacara kudu ngerti babagan pranatan solah bawa mungguhing bebrayan Jawa, saengga anggone tumindak ora nerak subasita utawa tata krama. Polatan lan tindak tanduk kang nyengsemake, sumanak nanging bisa njaga kawibawan.
4. Olah basa lan sastra
Juru pranata cara kudu sugih kaskaya basa, mumpuni lan ngerti unggah-ungguh basa sarta tansah nambah kawruh endahing basa lan sastra. Basa sing digunakake kudu manut tatanan paramasastra, pamilihe tembung kang rinonce dadi ukara kudu mentes lan trep, jumbuh karo acara lan kang mirengake.
5. Olah kawruh linuwih
Juru pranatacara kudu akeh kawruhe kanthi cara sregep maca, ndeleng, ngrungokake pawarta, sarta golek wewarah marang para winasis.
Garapan 7 : Nintingi Jejibahane Juru Pidhato
Yen kita jingglengi teks pidhato ing garapan 3, utawa teks – teks pidhato liyane, kita bisa meruhi apa tugase juru pidato, yaiku: medharake pawarta marang pamiarsane. Kewasisane lan kaprigelan juru pidhato (pamedhar sabda) banget dibutuhake murih nalikane pidhato mau bisa oleh kawigaten kang tundhone apa kang dadi intine rembug mau bisa dimangerteni kanthi cetha trawaca. Dene bab isine pidhato bisa asipat:
Ngandharake (naratif ).
Ngajak/ nyemangati (persuasif ).
Menehi alasan-alasan kang kuwat marang sawijining bab kanggo ngyakinake (argumentatif).
Pidhato Tanpa Teks
Pidhato Mawa Teks