Bab-bab kang digathekake nalika sesorah yaiku:
Nyepakake underan/tema sesorah.
Nyiyutake tema dadi irah-irahan (judhul).
Nliti kahanan pamireng.
Gawe cengkorongan/kerangka sesorah.
Nemtokake ancase/tujuane sesorah.
Nglumpukake bahan sesorah.
Ngrembakakake cengkorongan.
Gladen sesorah.
1. Basa, yaiki basa kang digunakake kudu cocog/trep karo sing mirengake.
2. Busana, yaiku naliko sesorah prayogane migunakake busana kang becik lan sopan. Bab iki kajaba ngrumati sing mirengake, bisa uga kanggo njaga lan ngajeni awake dhewe.
3. Swara, yaiku swara sing kapenak dirungokake. Ora keseron ugo ora alon banget. Anggone ngucapake tembung kudu cetha, ora groyak, ora kecepeten saengga kang diandharake bisa gampang ditampa. Kajaba iku, anggone sesorah uga nganggo irama, aja kaya wong maca buku.
4. Swasana, nalika arep sesorah kudu bisa mangerteni adicara saengga bisa ngetrepake basa lan busanane. Nalika sesorah kudu bisa tanggap ing sasmita saka para lenggah.
5. Solah bawa/patrap, yaiku solah bawane wong kang sesorah kudu madhep, mantep lan teteg. Madhep amrang para lenggah, aja tumungkul, lan aja ndangak. Supaya solah bawa bisa madhep, mantep, lan teteg iku mbutuhake gladen lan wektu.
1. Anggone guneman ora nglantur.
2. Prayogane wose wae, cekak, aos, lan cetha.
3. Ora ngulur-ulur wektu, kudu bisa maca kahanan.
4. Aja kumalungkung, yen ngadeg kudu ndeleng swasana ing kiwa tengene.
5. Tetep nuduhake yen nguwasani kahanan, ora malah ngatonake yen ora bisa.
1. Ngadeg tanpo nggatekake papan panggonan.
2. Ngadeg kanthi lendhehan.
3. Ngadeh kaku utawa kosok baline, lemes ora ana greget.
4. Ngadeg kanthi skil rapet utawa mbegagah amba.
5. Ngadeg kanthi lelambaran sikil siji.
6. Siyaga kang digawe-gawe.
7. Ngguyu kanthi digawe-gawe.
8. Mbesengut.
9. Gugup.
10. Ora nggatekake tamu.
Gawea video kowe maca teks sesorah sing winginane wis mbok gawe. Banjur video diupload menyang Youtube banjur link e ditumpuk menyang Pekahebat.com bagian Tugas.