1. Tembung Lingga
Tembung lingga yakuwi tembung sing urung owah saka asale (kata asal/kata dasar).
Tuladha : Ciwit, kursi, meja, deleng, dolan, laku, turu, tandur, cekel
Tembung lingga sing mung sekecap diarani tembung wod.
Tuladha : dom, seng, sak, pring, bak, rak.
2. Tembung Andhahan
Tembung andhahan yakuwi tembung kang wis owahsaking linggane.
Tuladha :
Lingga Andhahan
Umah Umahe, umahmu
Latar Latare
Tuku Tetuku
Ciwit Nyiwit, diciwit
Tandur Nandur, ditandur, daktandur
a. Ater-ater (awalan)
Yakuwe wuwuhan/imbuhan kang mapan ana ing sangarepe tembung lingga.
1. Ater-ater hanuswara (am, an, any, ang)
Am + laku » mlaku
Am + baling » mbalang
Am + Pandeng » mandeng
An + tangis » nagis
An + tuku » nuku
An + tandur » nandur
Any + ciwit » nyiwit
Any + sandhing » nyandhing
Ang + gawa » nggawa
Ang + gendhong » nggendhong
2.Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
Tuladha : Dakgawa, kokgawa, digawa
Dakcekel, kokcekel, dicekel
3. Ater-ater liyane (ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kami, kapi, tar)
Ma + lumpat » malumpat
Ka + limpe » kalimpe
Ke + sandhung » kesandhung
Sa + gegem » sagegem
Pa + lilah » palilah
b. Seselan/sisipan
Yakuwi wuwuhan ana tengah-tengahe tembung lingga (um, in, el, er)
Gantung + um » gumantung
Guyu + um » gumuyu
Tangis + in » tinangis
Serat + in » sinerat
Kuban + el » keluban
Beber + el » bleber
Cuwi + er » cruwil
Titis + er » Teritis
c. Panambang (akhiran)
Yakuwi wuwuhan kang mapan ana samburine tembung lingga.
Teka + i » Tekani
Jupuk + en » Jupuken
Gawa + a » Gawaa
Jaluk + ake » Jalukake
Bapak + e » Bapake
3. Tembung Rangkep (Kata Ulang)
Tembung rangkep yakuwe sakabehing tembung kang diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung, bisa mung sewanda. Tembung rangkep dibagi ana telu.
a. Tembung dwilingga
» Dwilingga padha swara :
Abang-abang
Kewan-kewan
Ibu-ibu
Bapak-bapak
Lumba-lumba
» Dwilingga salin swara :
Bola bali
Wira-wiri
Molak-malik
Selang-seling
Golang-goling
Kolang-kaling
» Dwilingga semu :
Athi-athi
Undur-undur
Ondhe-ondhe
Awug-awug
b. Tembung dwipurwa, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep.
Tuladha: Lalayu, geguyu, Jejupuk, Lelumpuk
c. Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
Tuladha: Bebisik, cengingis, cekiki, cekakak, cewiwi, celili
4. Tembung Entar
Tembung entar yakuwi tembung sing nduweni teges ora sawantahe/ora sebenere utawa kiasan, sing bisa ditegesi /diartikna manut surasane ukara.
Gatekna ukara ngisor iki!
a) Saben esuk Wiga adus banyu anget.
b) Direwangi adus kringet saben dina, Mbah Jono durung bisa gawe omah sing bagus.
c) Gaman kethul ya nggo negor pring angel banget.
d) Bocah kethul pikire kon nggarap soal gampang be meneng bae.
Katerangan/ Penjelasan:
a) tembung adus nduweni teges sewantahe yakuwe adus ngresiki awak, dene adus neng ukara sewantahe yakuwe adus ngresiki awak,
dene adus ing ukara b) nduweni teges nyambut gawe utawa sregep olehe nyambut gawe.
c) tembung kethul nduwe teges lugu utawa sawantahe yakuwe ora landhep.
d) tembung kethul nduwe teges bodho.
Tembung adus lan kethul nang ukara a) lan c) nduwe teges sawantahe utawa kalebu tembung lugu.
Dene tembung adus keringet lan kethul uteke nang ukara b) lan d) nduwe makna ora sawantahe utawa kias, mula tembung mengkono diarani tembung entar.
Tuladha tembung entar:
Abang kupinge = jengkel
Bening atine = nyenengna
(m)balang liring = nglirik
Cagak urip = kanggonyambung kebutuhan urip
Dawa ususe = sabar
5. Tembung Tanduk
Tembung tanduk yaitu tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara m, n dan ny. Artinya adalah kata dasar yang mendapat awalan m, n, dan ny.
Ukara tanduk adalah kalimat yang predikatnya (wasesane) menggunakan kata kerja (tembung kriya) tanduk atau mendapatkan ater-ater anuswara (n-, m-, ng-, ny-) dan subjek (jejer) melakukan pekerjaan. Ukara tanduk dalam bahasa Indonesia disebut kalimat aktif.
Tembung tanduk kaperang dadi 3, yaiku:
a) Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora olèh panambang(akhiran).
Contoh: maju, ngadeg, nyapu.
b) Tembung tanduk i- kriya yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i.
Contoh:
n+tulung+i >> nulungi,
ng+umbah+i >> ngumbahi,
ny+sapu+i >> nyaponi,
c) Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké.
Contoh:
seleh+ ake >> nyèlèhaké,
tuduh + ake >> nuduhaké,
6. Tembung Tanggap
Tembung tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater (awalan) tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan (sisipan) –in.
Jenis jenis tembung tanggap:
a)Tanggap tripurasa yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa
Contoh : kojupuk, dakpangan, dibalangi
b)Tanggap na yaiku tembung lingga sing oleh seselan –in
Contoh :
tulis +in >> tinulis,
tubruk + in >> tinubruk,
temu + in >> tinemu
c)Tanggap tarung yaiku tembung dwilingga sing oleh seselan –in tripurasa
Contoh :
cokot-cokot + in >> cokot-cinokot,
sawang-sawang + in >> sawang-sinawang,
d)Tanggap ka yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater ka- kanthi teges dijarak.
Contoh :
ka + obong >> kaobong,
ka + mangan >> kapangan,
ka + gendhong >> kagendhong,
ka + tulis >> katulis