Sing kudu digatekake nalika ngringkes teks narasi, kudu latian ngringkes sak-paragraph dhisik. Yen wis kulina banjur dibacutake ngringkes isi paragraph liyane, mangkono sak-teruse. Sakliyane kui, nalika ngringkes kang paling wigati utawa paling penting digatekake yaiku idhe pokok kang ana ing saben paragraph. Supaya gampang anggone ngringkes lan nggawe sinopsis.
1. Apa kang dadi undering/inti crita;
2. Sapa sing dadi paraga ing wacan kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa kasebut dumadi;
4. Kapan kedadeyane;
5. Apa sebabe prastawa iku bisa dumadi;
6. Kepiye langkah kanggo mrantasi prastawa mau.
1. Tema yaiku bab kang dadi dhasare crita
2. Alur yaiku rerangkening crita kang kadhapuk kanthi logis utawa urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita
3. Paraga yaiku wong kang dicritakake ing sajroning crita
4. Latarwektu, papan, lan swasanav yaiku wektu, papan panggonan, lan swasana ing sajroning cerita kang dicritakake.
5. Sudut pandhang, yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita
Upacara Kirab Pusaka ing Kraton Surakarta Hadiningrat sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken saben surya kaping 1 Muharram utawi 1 Syura. Adicara punika nggadhahi ancas tujuan, supados kula tuwin panjenengan tansah pinaringan kasarasan, kaslametan, dipuntebihaken saking alangan tuwin godha rencana.
Upacara punika samangke kawiwitan saking makempaling para nayaka praja, sentana dalem, abdi dalem ing papan ingkang sampan sumadya, inggih salebeting Kraton peneripun ing kanan keringing sitinggil punika. Sadaya ingkang badhe ngayahi jejibahan punapa dene ingkang badhee hangombyongi sampan siyaga salebeting Kraton wiwit pukul 8 dalu utawi tabuh 20.00 WIK kala wau. Sadaya ubarampe kangge kirab sampan sumadya. Wondene para-para ingkang tinanggenah ngayati jejibahan inggih sampun baris tharik-tharik.
Kinten-kinten tabuh setengah sewelas, para piyantun ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun sami baris. Kaleres tabuh 12 dalu, wonten tengara, bilih upacara Kirab Pusaka badhe kawiwitan. Anggenipun ngasta pusaka ingkang badhe kakirab kedah ngatos-ngatos. Sasampunipun wonten pratandha mlampah, para abdi, nayaka ingkang kajibah ngasta pusaka sami mlampah medal Baluwarti Karaton.
Medalipun pusaka ingkang dipunkirab nut lampahing Kyai Slamet ingkang tansah paring panuntun, margi pundi kemawon ingkang dipunlangkungi. Kyai Slamet ingkang awujud maesa bule, kapitados sekti mandraguna dening bebrayan agung, mliginipun masyarakat Surakarta. Kirabipun ngubengi kitha Solo tuwin wangsul malih dhateng lebet Karaton. Sadaya kalau inggih dipuntuntun dening Kyai Slamet.