Pacelathon yaiku guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab apa ta apa.
1. Apa kang dadi undering/ inti crita ing pacelathon;
2. Sapa sing dadi paraga ing pacelathon kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa pacelathon kasebut dumadi;
4. Wektu kedadeyan kang ana ing sajroning pacelathon;
5. Apa sebabe pacelathon kasebut kedadeyan;
6. Kepiye pacelathon kasebut kedadeyan.
7. Ana pirang paraga kang melu pacelathon.
Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks pacelathon:
1. Gawe salah siji tema sing bakal digawe drama.
2. Nemtokake paraga lan wewatakane paraga kasebut.
3. Gawe alur crita,adegan, lan pacelathon saka paraga.
4. Nemtokake wektu,latar, lan papan panggonan crita.
5. Wiwit nulis lan bayangake menawa drama kasebut dipentasake supaya bisa menjiwai
6. Menawa ana sing dirasa kurang trep, naskah drama bisa diowahi sadurunge naskah kasebut dipentasake.
Ibu : “Kapriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”
Yani : “Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi dwijane. Ngendikane Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal dwijane gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucale, meniku kadospundi ta, Bu ?”
Ibu : “Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematiku, ya sing mulang guru Matematiku, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”
Yani : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu : “Ya. Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Yani : “Wonten kelas 7 A, Bu.”
Ibu : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Yani : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Ibu : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Yani : “Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Ibu : “Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ?Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”
Yani : “Dipunwiwiti dening wali kelas nepangake rumiyin. Panjenengane ngendika nami saha alamate. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangake kanthi nyebatake nama, tanggal lair, alamat, asmane tiyang sepuh, saha cita-citane, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”
Ibu : “Kancamu piye Yan? Rak ya apik kabeh ta?”
Yani : “Boten Bu. Wonten ingkang asmane Rudi menika nakal sanget Bu, remene godhani tiyang estri. Kula pengen jotos mawon kok Bu.”
Ibu : “Wis ora entok ngono. Sapa sing nandur bakale ngundhuh, dadi yen kowe dinakali ora usah diwales, mengko rak Rudi entuk walesan dhewe saka sing gawe urip.”
Yani:“Nggih Bu, matur nuwun sampin dipun paringi pitutur ingkang luhur.”
Ibu : “Yo wis ndang mangan kana, segane ning meja.”
Yani : “ Inggih Bu.
Sapa wae paraga ing tuladha pacelathon ing nduwur?
Bab apa kang diomongke?
Kepiye swasanane nalika omong-omongan?
Papan panggonan ngendi wae kang ana ing pacelathon mau?
Ragam Basa apa kang digunakake dening Ibu lan Yani?