Ana 3 yaiku: Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru basa/lumaksita.
a. Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting swarane, utawa bisa diartekne purwakanthi sing pengulangane mangggon ana ing mburi tembung/frasa lan sing diulang iku vokal. tuladha.
1. rata-rata padha lara mata.
2. witing tresna, jalaran saka kulina.
b. Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang awewaton runtuting sastrane, utawa bisa diartekne purwakanthi kang pengulangane manggon ana ngarepe tembung. tuladha.
1. sluman, slumun, slamet.
2. bobot, bibit, bebet.
3. Pak Kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep lewat kreteg Kertasono.
c. Purwakanthi guru Basa/ lumaksita yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine tuladha:
a. Nandhang lara, larane wong lara lapa.
b. Rujak degan, degane krambil ijo.
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek utawa dibatang.
dibedhek.
Wujude cangkriman
1. Cangkriman wancahan tembung yaiku cangkriman kang wujud cekakan saka tembung-tembung.
Tuladha:
tongyong rengreng
Bedhekane : gotong royong bareng-bareng
Pitutur : gotong-royong
burnaskopen
Bedhekane : bubur panas kokopen
Pitutur : sareh, ora kesusu
wiwawi teles badhonge
Bedhekane : uwi dawa wite, tales amba godhonge
Pitutur : kawruh bab tanduran
2. Cangkriman Irib-iriban yaiku cangkriman kang bedhekane ngemu surasa irib-iriban utawa emper-emperan(kaya dene).
Tuladha:
Sega sakepel dirubung tinggi
Bedhekan : salak
Pitutur : panglipur
Pitik walik saba meja
Bedhekan : sulak
Pitutur : panglipur
3. Cangkriman Blenderan/Plesedan
Tuladha:
a. Bakule krambil dikepruki
Bedhekan : sing dikepruke krambile
Pitutur : panglipur
Tulisan Arab macane saka ngendi1?
Bedhekan : alas
Pitutur : panglipur
4. Cangkriman awujud tembang
Tuladha:
Pocung
Bapak pocung yen enom klambine gadhung
Yen wis rada tuwa
Si pocung klambine kuning
Tuwa pisan si pocung klambine abang
Bedhekan : mlinjo
Pitutur : panglipur
5. Cangkriman awujud ukara wantah
Tuladha:
Sing cendhek dikedhuki, sing dhuwur diurugi
Bedhekane : timbangan
Pitutur : panglipur
Anake diidak-idak, mbokne dielus-elus.
Bedhekane : andha
Pitutur : panglipur
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan. Tembung wangsalan nunggal teges karo tembung wangsulan (jawaban). Ing sajrone wangsalan ngemu unen-unen lan unen-unen mau mbutuhake wangsulan minangka batangane.
Jenise wangsalan ana 3.
a. Wangsalan Padinan. yaiku wangsalan kang dienggo nalika guneman saben dina.
Tuladha:
1. wah, sajake lagi nglapa muda (Degan : Dheg-dhegan)
b. Wangsalan kang rinacik ing ukara.
Tuladha:
Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti ( Bathok)
c. Wangsalan kang dumadi saka rong gatra.
Tuladha:
carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang, wong urip ing alam donya.
(Carang wreksa : pang, wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip)
Coba goleka tuladha liyane ngenani Wangsalan lan Purwakanthi cacah 3 wae!