Ramayana iku mujudake salah siji saka loro buku babon crita wayang. Buku babon kang sijine yaiku Mahabarata. Crita Ramayana apadene crita Mahabarata iku crita wayang kang dawa banget. Manawa dicritakake nganti komplit mbutuhake wektu wulanan. Sanadyan crita kuwi dawa banget nanging isine nyenengake. Wong ngrungokake utawa maca critane ora bakal bosen. Apa maneh manawa nonton crita wayang kasebut kang ditayangake ana ing salah siji stasiun televisi, bakal luwih nyenengake lan ora bakal bosen. Crita wayang Ramayana apadene Mahabarata iku maneka warna irah-irahane. Ing kene mung arep ngrembug crita wayang Ramayana wae.
Apa kowe ngerti bedane crita Ramayana karo crita Mahabarata? Crita lelorone kuwi kabeh crita bab wayang kang isine piwulang kang utama. Kabeh nyritakake manawa laku kang ala iku wusanane bakal dikalahake dening laku kang becik lan bener.
Bedane crita Ramayana karo crita Mahabarata yaiku manawa Ramayana iku nyritakake Prabu Ramawijaya kang memungsuhan karo Prabu Rahwana amarga ndhusta Dewi Sinta, dene Mahabarata iku nyritakake kulawarga Barata utawa kang paling gampang dieling-eling yaiku nyritakake Pandhawa lan Kurawa.
RESI JATHAYU
Prabu Rama wangsul saking anggenipun nglari kidang kencana, manggihi ingkang garwa sampun boten wonten. Prabu Rama duka sanget. Garwa ingkang dipuntresnani sanget ical kadhustha. Samubarang ingkang wonten ing salebeting wana badhe dipunsirnakaken. Wonten wit-witan, kewan- kewan, toya lan menapa kemawon ingkang ketingal boten wonten ingkang kantun. Makaten dukanipun Prabu Rama kados-kados sadaya badhe dipunbesmi tanpa sisa. Raden Lesmana lajeng nglilihaken panggalihipun Prabu Rama kanthi tetembungan ingkang alus lan sareh. Wusananipun Prabu Rama saged lilih penggalihipun, lan sampun boten duka malih. Ugi sampun boten badhe nyirnakaken menapa-menapa. Prabu Rama matur nuwun sanget dhateng ingkang rayi ingkang sampun atur pemut.
Raden Lesmana remen manahipun amargi ingkang raka sampun boten duka. Prabu Rama lajeng ngajak Raden Lesmana kagem madosi Dewi Sinta. Saestu, Prabu Rama lan Lesmana lajeng madosi Dewi Sinta. Nembe tindak sawatawis tebihipun Prabu Rama manggihaken peksi ingkang sakalangkung ageng kanthi kawontenan ingkang mrihatosaken. Paningalipun merem, katingal manawi nembe ngraosaken sakit ingkang saestu. Badanipun ndhrodhog, kadoskados sampun badhe pejah. Prabu Rama lan Raden Lesmana nyelaki peksi kala wau.
Dumadakan peksi kalawau melek lajeng ngendika, ”He Ramawijaya, sampun rangurangu dhateng kula. Kula punika rajaning peksi, nami kula Jathayu. Kersaa panjenengan mirengaken cariyos kula .... Kula nembe kemawon tandhing kaliyan Prabu Rahwana. Ingkang dados sababipun amargi Prabu Rahwana ndhustha ingkang garwa inggih Dewi Sinta. Ingkang garwa njerit nyebat asma paduka, ugi asma Lesmana lan Prabu Dasarata. Sarehne kula punika mitranipun Prabu Dasarata mila kula lajeng nyusul Prabu Rahwana. Paprangan ageng dumados ing angkasa. Kula kaliyan Prabu Rahwana sami aben ajeng badhe ngrebat Dewi Sinta. Sajatosipun kula saged mejahi Rahwana, nanging sasampunipun kuwandanipun kenging siti, piyambakipun saged gesang malih. Wusananipun swiwi kula dipunsengkleh ingkang sisih kiwa lan kula boten saged mabur malih .... Kula nyuwun pangapunten dene boten saged ngluwari ingkang garwa saking Prabu Rahwana. Sapunika Dewi Sinta dipunbeta dhateng Nagari Alengka. Sadaya kula sumanggakaken dhateng paduka supados ngluwari ingkang garwa. Namung satunggal weling kula, Prabu Rahwana menika kagungan Aji Pancasona, ingkang nyebabaken saged gesang malih sasampunipun pejah menawi kenging siti.” Sasampunipun pesen, Resi Jathayu lajeng pejah. Kunarpanipun lajeng dipunobong dening Prabu Rama lan Raden Lesmana.
Nb: jawaban ditulis A, B, C ples ukarane neng lembar jawab!
Tulisen jawabanmu langsung neng lembar jawab, banjur uploaden foto garapanmu neng aplikasi kelasQ.
Download Lembar Jawab, Klik ( Lembar Kerja Kls 8 ) Banjur di print!