Legendha yaiku salah sawijining crita kang dipercaya tau kedadeyan. Biasane gegayutane karo dumadine panggonan, utawa gegayutan karo pawongan kang misuwur sing nduwe kasekten, lan kaluwihan.
1. Cerita dianggep menawa wis tau kedadeyan.
2. Sifatipun sekuler (kadonyan).
3. Kalebu karya kolektif (diduweni masarakat sekitar).
4. Crita babagan panggonan, utawa wong sekti.
Legendha Agama yaiku legenda sing gegayutan kauripan keagamaan. Tuladhanipun crita Walisongo.Narasi Sugestif yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate fiksi(khayalan), tuladha: novel, cerkak, dongeng, roman, hikayat.
Legendha Pawongan yaiku crita legenda babagan tokoh tartamtu sing dianggep nduweni kasekten lan kaluwihan.
Legendha dumadine papan panggonan yaiku crita kang ana gegayutan kedadeyan papan panggenan.
Tema yaiku bab kang dadi dhsare crita.
Alur yaiku rerangkening crita kang kadhapuk kanthi logis utawa urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita.
Paraga yaiku wong kang dicritakake ing sajroning crita.
Latar wektu, papan, lan swasana yaiku wektu, papan panggonan, lan swasana ing sajroning cerita kang dicritakake.
Sudut pandhang, yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita.
"Legendha Walisongo"
"Legendha Rawa Pening"
"Legendha Ki Ageng Selo"
Coba golekana tuladha liyane saka legendha agama, legendha pawongan, legendha dumadine papan panggonan!
Banjur pilihen salah siji saka tuladha sing wing kok-goleki mau, tulisen kanthi ringkes nganggo basamu dhewe! (nggunakake basa Jawa)!
*Jawaban ditulis neng lembar kerja kang wus disediakke*
Download lembar kerja ing ngisor iki ya!