Sing kudu digatekake nalika ngringkes teks deskripsi, kudu latian ngringkes sak-paragraph dhisik. Yen wis kulina banjur dibacutake ngringkes isi paragraph liyane, mangkono sak-teruse. Sakliyane kui, nalika ngringkes kang paling wigati utawa paling penting digatekake yaiku idhe pokok kang ana ing saben paragraph. Supaya gampang anggone ngringkes lan nggawe sinopsis.
Nanggepi Karangan Deskripsi
Nanggepi utawa menehi tenggepan marang sawijining bab iku padha karo ngetokake uneg-uneg, idhe, saran, lan panemu ing bab isi, tembung, basa, lang pigunane bab kasebut.
Nanggepi bisa kanthi lesan, nanging bisa uga tinulis.
Basa kang digunakake kudu basa kang apik. Basa kang apik kui yen laras karo tatanan panganggoning basa lan manut unggah-ungguhing basa.
Tanggepan kasebut upamane gegayutan karo bab-bab :
1. Apa kang dadi undering masalah;
2. Sapa sing dadi paraga ing wacan kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa kasebut dumadi;
4. Kapan kedadeyane;
5. Apa sebabe prastawa iku bisa dumadi;
6. Kepiye langkah kanggo mrantasi prastawa mau.
Tuladha Nanggepi
Teks Deskripsi
Peristiwa Budaya
Pranyatan prastawa : Para warga padha ngungsi.
Tanggapan : Setuju amarga kanggo nylametake jiwa lan raga.
Alesan : Yen ora padha ngungsi bakale akeh kurban jiwa lan raga saka pangamuke bencana.
Saran : Para warga liyane padha mbiyantu nyedhiyani papan panggonan kanggo ngungsi.
TINGKEBAN
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing pitung sasi meteng lan pisanan kali. Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Maknane Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren.
Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'. Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis.
Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem conthong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Manut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15).
Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang. Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak.
Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.