Sesorah yaiku micara ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah ana ing bahasa Indonesia diarani pidhato. Ancase wong sesorah utawa medar sabda yaiku kanggo ngutarake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandhikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diwadharake.
1. Kanggo menehi pangerten utawa kawruh.
2. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya.
3. Aweh panglipur.
4. Mbujuk supaya sing ngrungokake melu diadharake pamicara.
1. Miturut gunane, sesorah kabage dadi telu, yaiku:
a. Sabdatama (sesorah tunggal),
b. Pambagyaharja (mahargya rawuhe tamu), lan
c. Tanggap wacana (sesorah kang kudu antuk tanggapan).
2. Miturut kahanane sesorah, yaiku:
a. Sesorah resmi,
b. Sesorah setengah resmi, lan
c. Sesorah ora resmi.
3. Miturut pendekatan isine sesorah, yaiku:
a. Sesorah intelektual, lan
b. Sesorah moral.
4. Miturut ancase sesorah, yaiku:
a. Atur pambagyaharja, yaiku sesorah kanggo nampa rawuhipun para tamu ing adicara apa wae. Tuladha: ing pahargyan (pista), sukuran, lan sapanunggalane.
b. Menehi informasi utawa pawarta, yaiku informasi bisa arupa palapuran utawa sawijining bab kanthi gamblang/cetha. Tuladha: sesorah ing rapat, promosi barang, lan sapanunggalane.
c. Atur panglipur aweh hiburan, yaiku sesorah iki nduweni ancas wong kang mirengake seneng penggalihe. Tuladha: ing acara layatan, atur saking pambelasungkawa.
d. Pangajak, ancase sesorah iki kanggo milut atine wong saengga gelem nindakake apa kang diwedharake. Tuladha: penyuluhan kesehatan, penyuluhan pendhidhikan, lan sapanunggalane.
Download Lembar Jawab, Klik ( Lembar Kerja Kls9 ) Banjur di print!
Tugas ditulis tangan ing kertas lembar kang wis diprint. Menawa uwis banjur di foto. Foto Kirim tugas, carane klik ( Upload Gladhen! )