Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara.
Pariwara kuwi sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung (masarakat).
Gunane Iklan/ Pariwara kaya ing ngisor iki:
Kanggo menehi pengaruh/ persuasi
Bisa kanggo menehi hiburan/ parodi masarakat kang gunakake iklan kasebut
Bisa kanggo menehi informasi marang masarakat bab wigati kang durung dingerteni.
Gawea iklan wujud gambar kaya tuladha ing nduwur. Aja lali nganggo basa kang apik lan narik kawigaten! Aja lali diwerna supaya luwih narik kawigaten!
Garapanmu banjur di foto trus di kirim neng link pekahebat.com!
Batas Wektu Pengumpulan: Rebo, 8 Desember 2021 tabuh 23.59 wib