Tanggepan yaiku panyaruwe utawa reaksi pawongan sawise nyawang, ngrungokake apadene ngrasakake sawijining bab. Nanggepi utawa menehi tenggepan marang sawijining bab iku padha karo ngetokake uneg-uneg, idhe, saran, lan panemu ing bab isi, tembung, basa, lang pigunane bab kasebut.
Nanggepi bisa kanthi lesan, nanging bisa uga tinulis. Basa kang digunakake kudu basa kang apik. Basa kang apik kui yen laras karo tatanan panganggoning basa lan manut unggah-ungguhing basa.
a. Ngrungokake kanthi premati crita kang diwacakake
b. Nemtokake pokok-pokok prekara kasebut upamane gegayutan karo bab-bab :
· Apa kang dadi undering masalah;
· Sapa sing dadi paraga ing wacan kasebut;
· Ing ngendi papan prasatwa crita kasebut dumadi;
· Kapan kedadeyane;
· Apa sebabe prastawa iku bisa dumadi;
· Kepiye langkah kanggo mrantasi prastawa ing crita mau.
c. Nyimpulake prekara
a. Gatekake crita
b. Nyathet bab-bab wigati sajrone crita
c. Nyimpulake wos crita
d. Ngomentari panyaruwe narasumber
RESI JATHAYU
Prabu Rama wangsul saking anggenipun nglari kidang kencana, manggihi ingkang garwa sampun boten wonten. Prabu Rama duka sanget. Garwa ingkang dipuntresnani sanget ical kadhustha. Samubarang ingkang wonten ing salebeting wana badhe dipunsirnakaken. Wonten wit-witan, kewan- kewan, toya lan menapa kemawon ingkang ketingal boten wonten ingkang kantun. Makaten dukanipun Prabu Rama kados-kados sadaya badhe dipunbesmi tanpa sisa. Raden Lesmana lajeng nglilihaken panggalihipun Prabu Rama kanthi tetembungan ingkang alus lan sareh. Wusananipun Prabu Rama saged lilih penggalihipun, lan sampun boten duka malih. Ugi sampun boten badhe nyirnakaken menapa-menapa. Prabu Rama matur nuwun sanget dhateng ingkang rayi ingkang sampun atur pemut.
Raden Lesmana remen manahipun amargi ingkang raka sampun boten duka. Prabu Rama lajeng ngajak Raden Lesmana kagem madosi Dewi Sinta. Saestu, Prabu Rama lan Lesmana lajeng madosi Dewi Sinta. Nembe tindak sawatawis tebihipun Prabu Rama manggihaken peksi ingkang sakalangkung ageng kanthi kawontenan ingkang mrihatosaken. Paningalipun merem, katingal manawi nembe ngraosaken sakit ingkang saestu. Badanipun ndhrodhog, kadoskados sampun badhe pejah. Prabu Rama lan Raden Lesmana nyelaki peksi kala wau.
Dumadakan peksi kalawau melek lajeng ngendika, ”He Ramawijaya, sampun rangurangu dhateng kula. Kula punika rajaning peksi, nami kula Jathayu. Kersaa panjenengan mirengaken cariyos kula .... Kula nembe kemawon tandhing kaliyan Prabu Rahwana. Ingkang dados sababipun amargi Prabu Rahwana ndhustha ingkang garwa inggih Dewi Sinta. Ingkang garwa njerit nyebat asma paduka, ugi asma Lesmana lan Prabu Dasarata. Sarehne kula punika mitranipun Prabu Dasarata mila kula lajeng nyusul Prabu Rahwana. Paprangan ageng dumados ing angkasa. Kula kaliyan Prabu Rahwana sami aben ajeng badhe ngrebat Dewi Sinta. Sajatosipun kula saged mejahi Rahwana, nanging sasampunipun kuwandanipun kenging siti, piyambakipun saged gesang malih. Wusananipun swiwi kula dipunsengkleh ingkang sisih kiwa lan kula boten saged mabur malih .... Kula nyuwun pangapunten dene boten saged ngluwari ingkang garwa saking Prabu Rahwana. Sapunika Dewi Sinta dipunbeta dhateng Nagari Alengka. Sadaya kula sumanggakaken dhateng paduka supados ngluwari ingkang garwa. Namung satunggal weling kula, Prabu Rahwana menika kagungan Aji Pancasona, ingkang nyebabaken saged gesang malih sasampunipun pejah menawi kenging siti.” Sasampunipun pesen, Resi Jathayu lajeng pejah. Kunarpanipun lajeng dipunobong dening Prabu Rama lan Raden Lesmana.
Tulisen jawabanmu langsung neng lembar jawab, banjur uploaden foto garapanmu neng pekahebat.com bagian Tugas!
Download Lembar Jawab, Klik ( Lembar Kerja Kls 8 ) Banjur di print!