Aksara Murda menawa ing basa Indonesia iku diarani huruf Kapital. Fungsine kanggo:
Nulis jeneng wong.
Kanggo nulis gelar pakurmatan yaiku kalungguhan lan pangkat tuladhane Prabu, Senopati, Gubernur, Bupati, Kiyai, lan liyane.
Kanggo nulis jenenge instansi sekolah, perusahaan, paguyuban lan sakpiturute.
Kanggo nulis jenenge panggonan/papan.
Saben satembung cukup siji wae sing ditulis nganggo Aksara Murda. Carane Diurut saka ngarep dhewe nganti mburine tembung lan ditulis aksara murdane. Dene ing tembung mau ora ana aksara murdane, tegese ora prelu nganggo Aksara Murda.
Adapun aturan yang harus diperhatikan untuk menulis Aksara Murda adalah setiap kata cukup ditulis dengan satu Aksara Murda, caranya dengan mengurutkan dari awal sampai akhir kata hingga ketemu Aksara Murda-nya. Namun apabila Aksara Murda tidak ditemukan pada kata tersebut, maka tidak perlu menggunakan Aksara Murda.
Wiwitan ukara ora prelu ditulis nganggo Aksara Murda, kaya ing tata tulis huruf kapital bahasa Indonesia, nanging nalika wiwitan ukara mau jeneng uwong, gelar, instansi, tetep ditulis nganggo Aksara Murda.
Aturan selanjutnya adalah pada awal kalimat tidak perlu menyertakan Aksara Murda, seperti tata cara penulisan huruf kapital dalam bahasa Indonesia. Namun jika awalan kalimat yang Anda tulis tadi ada nama orang, gelar, tempat, maka penggunaan Aksara Murda tetap diperhatikan.
Aksara Murda ora bisa dadi panyigeg wanda atau ora bisa dadi paten.
Aksara Murda yang tidak dapat menjadi huruf mati atau panyigeg wanda.
Karanganyar
Nyai Darini
Menteri Sosial