Tembang kinanthi nduwene watak sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan. Mula biasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Uga digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.
PADA 1
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
pesunen sarinarira,
sudanen dhahar lan guling
Tegese :
Pada ajaran/nglatih ati,
Supaya batinmu dadi pinter,
Ojo seneng mangan lan turu,
Gen iso kawujud opo sing dikarepake,
Prihatino awakmu,
Kurangono mangan lan turu
PADA 2
Dadiya laku niraku,
Cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan - sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka,
nyuda prayitaning batin
Tegese :
Supaya dadi kebiasaan,
Nyegah mangan lan turu,
Lan ojo seneng - seneng
Oleh seneng - seneng nangig sauntara wae,
Jalaran wong seneng - seneng iku ala
Marakake sudha prayitnane ati
Paugeran Tembang Kinanthi
1. Guru Gatra
Guru gatra yaiku cacahing gatra ing tembang macapat (jumlah baris yang ada di tembang macapat)
2. Guru Wilangan
Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra (jumlah suku kata tiap satu baris). disimbolke nganggo angka.
Tuladha:
ukara "aja turu sore kaki"
pethilan cakepan tembang asmaradhana nduweni guru wilangan 8 saka "a-ja tu-ru so-re ka-ki"
3. Guru Lagu
Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (jatuhnya huruf vokal terakhir tiap baris).
Coba golekana guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan saka cakepan tembang kinanthi !