Nulis Teks Pacelathon Adhedhasar Tema
Trap-trapan nulis teks pacelathon, yaiku:
1. Nemtokake tema
Manawa tema “Gemi Nggunakake Energi” krasa kejembaren, tema bisa kaciutake dadi anak tema.
2. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete karo tema sing dipilih (sumber informasi bisa digoleki saka buku, koran, majalah, utawa internet).
3. Nemtokake cacahe pawongan sing melu omong-omongan ing pacelathon.
4. Ngrerembakake tema sing dipilih dadi ukara.
5. Nyusun teks pacelathon kanthi nggunakake tata tulis sing pener lan bener.
Tatakrama Sajrone Teks Pacelathon
Sajrone pacelathon, kita guneman kudu nganggo tatakrama sing diarani unggahungguh basa. Unggah- ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuane kanggo ngajeni wong liya. Unggah-ungguh basa bisa nuduhake kapribadene masyarakat Jawa. Yen unggah-ungguh basane trep ateges pribadine luhur, kosok baline yen unggah-ungguh basane ala, ateges pribadine asor.
Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, Basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Basa Ngoko kaperang dadi Ngoko Lugu lan Ngoko Alus, dene Basa Krama kaperang dadi Krama Lugu lan Krama Alus.
1. Basa Ngoko, kaperang dadi:
a. Ngoko Lugu
Ngoko Lugu aiku basa Jawa sing kadadean saka tembung-tembung ngoko kabeh
Tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil.
Ngoko lugu digunakake:
Kanca sing wis rumaket
Wong tuwa marang bocah enom
Pawongan kang lagi ngunandhika
b. Ngoko Alus
Ngoko alus yaiku basa Jawa sing ukarane kacampur antarane tembung ngoko lan
krama.
Ngoko alus digunakake:
Kanca padha kanca kang wis akrab nanging luwih ngajeni.
Ibu marang bapak.
Adhi marang kangmas utawa mbakyu.
Wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur.
2. Basa Krama, kaperang dadi:
a. Krama Lugu
Krama lugu yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung krama.
Krama lugu digunakake:
Wong kang durung akrab utawa durung kulina.
Wong sing luwih dhuwur drajate marang wong sing luwih tuwa.
b. Krama Alus
Krama alus yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil.
Krama alus digunakake:
Marang wong kang diajeni banget.
Abdi marang bendara.
Ibu : “Kapriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”
Yani : “Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi dwijane. Ngendikane Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal dwijane gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucale, meniku kadospundi ta, Bu ?”
Ibu : “Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematiku, ya sing mulang guru Matematiku, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”
Yani : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu : “Ya. Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Yani : “Wonten kelas 7 A, Bu.”
Ibu : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Yani : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Ibu : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Yani : “Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Ibu : “Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ?Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”
Yani : “Dipunwiwiti dening wali kelas nepangake rumiyin. Panjenengane ngendika nami saha alamate. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangake kanthi nyebatake nama, tanggal lair, alamat, asmane tiyang sepuh, saha cita-citane, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”
Ibu : “Kancamu piye Yan? Rak ya apik kabeh ta?”
Yani : “Boten Bu. Wonten ingkang asmane Rudi menika nakal sanget Bu, remene godhani tiyang estri.”
Ibu : “Wis ora entok ngono. Sapa sing nandur bakale ngundhuh, dadi yen kowe dinakali ora usah diwales, mengko rak Rudi entuk walesan dhewe saka sing gawe urip.”
Yani:“Nggih Bu, matur nuwun sampin dipun paringi pitutur ingkang luhur.”
Ibu : “Yo wis ndang mangan kana, segane ning meja.”
Yani : “ Inggih Bu.
Coba ukara ing ngisor iki benerna menyang basa krama alus!
Mase ameh mangkat ngaji, bu.
Lha bapak apa wis mulih kerja?
Simbah apa gelem takjupukne mangan?
Pakdhe mau mara rene, Mas.
Sesok isuk, Ibu bali saka Semarang.