Teks narasi yaiku teks kang nyritakake kadadeyan kang di gawe supaya wong kang maca kaya ngalami dhewe kadadeyan kang dicritakake.
Ir Soekarno
Ir. Soekarna, presiden Republik Indonesia kang kapisan, yaiku sawong nasionalis. Dheweke mimpin PNI ana ing tahun 1928. Soekarno ngentekake waktune ning panjara lan ning papanan pengasingan amarga sipat wanine mbabagan penjajah. Soekarno ngumandhangake pidato babagan dasar-dasar Indonesia merdeka kang dijenengi Pancasila ana ing sidang BPUPKI tanggal 1 Juni 1945.
Soekarno barengan Mohammad Hatta dadi wakil bangsa Indonesia memproklamasikaken kemerdekaan Indonesia ana ing tanggal 17 Agustus 1945. Dheweke ditangkap Walanda lan diasingake ana ing Bengkulu tahun 1948. Soekarno dibalekake menyang Yogya lan dipulihkake kedudukane dadi Presiden tahun 1949.
Soekarno bebarengan pemimpin-pemimpin negara liane dadi juru bicara kanggo negara-negara nonblok ana ing Konferensi Asia Afrika ing Bandung tahun 1955. Soekarno pemimpin kang nduweni sipat pemimpin lan berjuang kangge bangsa lan negara.