Sing kudu digatekake nalika ngringkes teks narasi, kudu latian ngringkes sak-paragraph dhisik. Yen wis kulina banjur dibacutake ngringkes isi paragraph liyane, mangkono sak-teruse. Sakliyane kui, nalika ngringkes kang paling wigati utawa paling penting digatekake yaiku idhe pokok kang ana ing saben paragraph. Supaya gampang anggone ngringkes lan nggawe sinopsis. Ora lali kudu nemokake piwulang utawa pelajaran kang ana ing crita kasebut.
1. Apa kang dadi undering/inti crita;
2. Sapa sing dadi paraga ing wacan kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa kasebut dumadi;
4. Kapan kedadeyane;
5. Apa sebabe prastawa iku bisa dumadi;
6. Kepiye langkah kanggo mrantasi prastawa mau.
1. Tema yaiku bab kang dadi dhasare crita
2. Alur yaiku rerangkening crita kang kadhapuk kanthi logis utawa urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita
3. Paraga yaiku wong kang dicritakake ing sajroning crita
4. Latarwektu, papan, lan swasanav yaiku wektu, papan panggonan, lan swasana ing sajroning cerita kang dicritakake.
5. Sudut pandhang, yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita
ASAL – USUL SEMARANG
Nalika samana, Kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining dina Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas kang gung liwang-liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbuka alas mau dienggo nenandur lan pomahan.
Emane durung bisa ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling, ”Ngger anakku Pandan Arang, olehen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja.”
Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur lan makmur.
Sawijining dina, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Arang ngendika, ”Rakyatku, papan iki kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukulan aseme arang-arang. Mula kang saka iku, papan iki bakal dakjenengi Semarang saka tembung asem kanga rang – arang.”
Sumber: Remen basa Jawa kanggo SD Kelas VI