Serat Wulangreh iku siji saka ewoning kasusastran Jawi kang ana. Serat Wulangreh iku ngemu 13 pupuh tembang, yaiku; Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 30 pada, Duduk Wuluh/ Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22 pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.
Serat Wulangreh karipta dening swargi (Almarhum) Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang jumeneng ing Keraton Surakarta Adiningrat (1788-1820). Jejuluk (gelar) jangkebe panjenengan dalem nalika jumeneng nata yaiku Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah IV.
Nalika isih timur (enom) kaparingan asma Raden Mas Subadya. Panjenengan dalem wiyos (lair) ing Surakarta tanggal 2 September 1768. Banjur jumeneng nata 29 September 1788 lan seda 2 Oktober 1820.