Pawarta yaiku informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar medhia cethak, elektronik, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Prastawa biyasane ngandhut informasi kang wigati. Informasi kang wigati iki biyasane diarani pokok informasi.
Ukara sajroning informasi kaperang dadi loro, yaiku fakta lan opini. Fakta minangka andharane kang nduweni sipat nyata lan bisa kabuktekake lumantar grafik, poto, tabel, lan liya-liyane. Dene opini yaiku andharane kang anyar winates panemu, pamikir, lan panjangkane panulis durung kelakon.
Pawarta nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki:
1. Tinemu nalar (logis).
2. Informasi lengkap lan jumbuh karo rumus 5W + 1H.
3. Struktur basa trep.
4. Diksi trep, ora ambigu.
5. Narik kawigaten.
6. Basa kang nengsemake.
Pawarta iku bisa wujud:
1. Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik.
Tuladhane: TV, Radio, lan sapanunggalane.
2. Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak.
Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggalane
Aktual
Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
Adoh/Cedhak.
Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
Wigati (Penting)
Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggpe perangan kang penting, amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung.
Akibat
Sawijing bab dadi pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan.
Congkrah/Konflik
Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane cecongkrahan.
Tintrim
Ketegangan. Tuladhane : Nalika nulungi wong ing kacilakan.
Kemajuwan Tekhnologi
Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten pamaose.
Emosi
Sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela.
Tuladhane :
Nemokake bayi ing pawuhan
Coba gatekna video ing nduwur!
Garapanmu banjur di foto trus di kirim neng link iki (Upload Gladhen! )!
Batas Wektu Pengumpulan: Dina iki tabuh 23.59 wib