Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakanthi.
Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak. Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.
1. Nggunakake tembung-tembung kang apik lan pilihan.
2. Cacahe/ jumlah guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ora ditentokake utawa ora kaiket.
3. Sajake bebas.
4. Ngemot isi kang apik, lan becik.
5. Isine lumrahe ngemot sindiran, kritik, pitutur, piweling, pamundhut, lan sapanunggale.
6. Kadang nggunakne basa purwakanthi, swara, lan sastra.
7. Kadang nggunakake tembung Kawi.
A. UNSUR FISIK
1. Diksi yaiku Pilihan Tembung.
Nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembung utama ing geguritan. Ing perangan iki bisa awujud irama lan rima.
2. Citraan
yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
3. Majas: Wujud ukara kang bisa narik kawigaten.
4. Tipografi: Bentuk Geguritan
B. UNSUR BATIN
1. Tema
yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane. Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius) tema kamanungsan,tresna, patriotisme,perjuangan,urip kang gagal,alam,kritik sosial,keadilan,demokrasi,lan tema kekadangan (persahabatan).
2. Perasaan/rasa pangrasa
yaiku rasa pangrasa kang kepingin diandharake dening pangripta nentokake nolak, nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa iku.
3. Nada/irama
yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikap pangripta marang marang riptane.
4. Amanat / Pitutur.
Lumantar tulisan, pangripta geguritan bisa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.
Tulisen jawabanmu langsung neng lembar jawab, banjur uploaden foto garapanmu neng pekahebat.com bagian Tugas!
Download Lembar Jawab, Klik ( Lembar Kerja Kls9 ) Banjur di print!
Tugas ditulis tangan ing kertas lembar kang wis diprint. Menawa uwis banjur di foto. Foto Kirim tugas, carane klik ( Upload Gladhen! )