Sing kudu digatekake nalika ngringkes supaya mangerteni cerita rakyat, kudu latian ngringkes sak-paragraph dhisik. Yen wis kulina banjur dibacutake ngringkes isi paragraph liyane, mangkono sak-teruse. Sakliyane kui, nalika ngringkes kang paling wigati utawa paling penting digatekake yaiku idhe pokok kang ana ing saben paragraph. Supaya gampang anggone ngringkes lan nggawe sinopsis.
1. Apa kang dadi undering/inti crita;
2. Sapa sing dadi paraga ing wacan kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa kasebut dumadi;
4. Kapan kedadeyane;
5. Apa sebabe prastawa iku bisa dumadi;
6. Kepiye langkah kanggo mrantasi prastawa mau.
1. Tema yaiku bab kang dadi dhasare crita
2. Alur yaiku rerangkening crita kang kadhapuk kanthi logis utawa urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita
3. Paraga yaiku wong kang dicritakake ing sajroning crita
4. Latarwektu, papan, lan swasanav yaiku wektu, papan panggonan, lan swasana ing sajroning cerita kang dicritakake.
5. Sudut pandhang, yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita