Piwulang ing serat wulangreh iku maneka warna. Pustaka kang ditulis dening Sunan Pakubuwono ka-IV arupa tembang iku ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing gelem maca. Pupuh Sinom isine bab dhasar-dhasaring tingkah laku .
01
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.
Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya
02
Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong
03
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan.
Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah
Bab Kang Wigati Nalika Ngeki Tanggapan Bab Isi
Serat Wulangreh pupuh Sinom
1. Pocapane cetha lan bener. Supaya kang ngrungokake bisa mangerti apa kang dirembug, anggone ngomong kudu cetha lan bener.
2. Intonasine kudu trep. Nalika ngandharake tanggepan, bantering swara lan nada swara kudu diwigatekake supaya bisa pas.
3. Anggone maca ora kesusu.
4. Polatan utawa mimik nalikane ngandharake tanggepan trep karo isi lan swasana kang kabangun ing carita.
5. Tindak tanduke trep ora nyalahi unggah-ungguh Jawa. anggone ngadeg lan sakabehan tindak tanduk kudu sopan.
Coba tulisen piwulang utawa pelajaran saka cakepan 1-3 tembang sinom ing nduwur!