Pada 1
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.
Gancaran pada 1:
Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liye, tindak-tanduk kang ora becik kaemot ing sekar Gambuh iki. Tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan ngrugekake manungsa dhewe.
Pada 2
Aja nganti kebanjur,
barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.
Gancaran pada 2:
Aja nganti manungsa iku kulina nglakoni samubarang kang ora jujur, yen wis kasep/ kebanjur bakal agawe cilaka. Mesthi wae iku ora becik. Mangka saka iku para manungsa supaya mbudidaya ajaran/ paugeran kang sejati.
Pada 3
Pitutur bener iku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra pepeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes sira anggo.
Gancaran pada 3:
Ajaran kang bener iku wajib dinut/ ditiru, senajan ajaran iku asale saka wong pidak pedarakan (kaum rendah, pangkate cilik), nanging yen ajaran utawa piwulang iku mau becik, patut ditiru.
1. Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya
2. Tindak-tanduk kang ora becik kaemot ing sekar Gambuh.
3. Tindak tanduk ala bakale ngundhuh ala.
4. Tindak tanduk ala bakale ngrugekake ngrugekake manungsa dhewe.
1. Pocapane cetha lan bener. Supaya kang ngrungokake bisa mangerti apa kang dirembug, anggone ngomong kudu cetha lan bener.
2. Intonasine kudu trep. Nalika ngandharake tanggepan, bantering swara lan nada swara kudu diwigatekake supaya bisa pas.
3. Anggone maca ora kesusu.
4. Polatan utawa mimik nalikane ngandharake tanggepan trep karo isi lan swasana kang kabangun ing carita.
5. Tindak tanduke trep ora nyalahi unggah-ungguh Jawa. anggone ngadeg lan sakabehan tindak tanduk kudu sopan.
Coba golekana dudutan utawa simpulan piwulang (ajaran/nasihat) apa wae kang ana ing Serat Wulangreh Pupuh Gambuh saka cakepan 3 Pada ing nduwur!
Upload Gladhen neng pekahebat.