Crita yaiku tuturan kang mratelakake maneka warni kedadosan yaiku arupi kedadosan kang kasunyatan utawi mung rekaan.
Pengalaman yaiku sawijining prastawa kang wis dialami.
Dadi crita pengalaman iku mratelake utawa cerita babagan kedadeyan kang wus tau dialami dening salah sawijining pawongan. Pengalaman saben wong kuwi beda-beda.
1. Apa kang dadi undering/inti crita;
2. Sapa sing dadi paraga ing wacan kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa kasebut dumadi;
4. Kapan kedadeyane;
5. Apa sebabe prastawa iku bisa dumadi;
6. Kepiye langkah kanggo mrantasi prastawa mau.
1. Tema yaiku bab kang dadi dhasare crita
2. Alur yaiku rerangkening crita kang kadhapuk kanthi logis utawa urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita
3. Paraga yaiku wong kang dicritakake ing sajroning crita
4. Latarwektu, papan, lan swasanav yaiku wektu, papan panggonan, lan swasana ing sajroning cerita kang dicritakake.
5. Sudut pandhang, yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita
A. Manut swasanane, crita pengalaman kaperang/ terbagi dadi 2:
Pengalaman kang nyenengake
Pengalaman kang nyedhihake.
B. Manut wektu kedadeyane, crita pengalaman kaperang dadi:
Crita kang kedadeyan mbiyen.
Crita kang kedadeyan saiki.
C. Manut umur kang crita, kaperang dadi:
Crita pengalaman nalika isih cilik
Crita pengalaman nalika isih enom
Crita pengalaman nalika wis diwasa/ tuwa
Tekaku Telat
Kaya padatan, esuk iku neng ngomahku rame. Kabeh wis arep nindakake kewajibane dhewe-dhewe. Bapak badhe tindak kantor, aku lan adhiku uga arep mangkat sekolah. Adhiku loro jenenge Rini lan Wulan.
Bapakku tindak kantor nitih sepedha motor. Anggonku mangkat sekolah numpak sepedha. Aku mboncengake Wulan, dene Rini nyepedha dhewe. Ana tengah dalan, sepedhane nggembos. Dheweke katon bingung banget. Rini banjur takkongkon nganggo sepedhaku lan mboncengake Wulan, banjur takkongkon budhal dhisik supaya ora telat. Aku ngompakake sepedhane Rini sing nggembos.
Amarga ndadak ngompakne sepedha dhisik, aku dadi telat. Sekolahku kahanane wis sepi, nalika kuwi ing kelasku pelajarane Bu Ani, guru Basa Jawa. Bu Ani iku ora seneng yen ana murid sing telat, nanging takwanek-wanekake mlebu. Tekan ngarep kelas, aku ndhodhogi lawang, banjur Bu Ani ndhawuhi aku mlebu kelas. Aku ngaturake panuwun marang Bu Ani amarga wis ngijinake aku mlebu kelas.
Aku banjur nata ambegan lan matur alon-alon nanging cetha, tanganku ngapurancang sirahku ndhingkluk banjur njaluk ngapura marang Bu Ani amarga aku telat. Aku menehi alesan yen kudu ngompa ban sepedha dhisik. Bu Ani ngapurani lan ngijinake aku melu wulangan ing esuk kuwi.
Bu Ani banjur ngendika ing ngarep kelas karo murid-murid kabeh. Mangkene ngendikane: ”Alangan iku pancen ora bisa dinyana-nyana, senajan manungsa wis ngati-ati. Ora ana wong sing bisa nampik alangan, kaya kedadeyan kancamu Dedi. Tumindake Dedi iku wis bener, matur apa anane lan enggal nyuwun pangapura yen rumangsa luput, awit tekane telat.
(Dening: Dhea Amalia, kapethik tanggal 30 Mei 2014)