Pawarta/berita/kabar yaiku laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan disiyarake kanthi cepet lumantar radio, tivi, internet, lan mediya liyane. Sumber pawarta yaiku asal usule pakabaran utawa laporan kedadeyan, bisa saka manungsa , lan prastawa/peristiwa kang dumadi wektu iki.
Pawarta kang disiyarake lumantar radhio, tivi, lan internet luwih cepet ditampa/dingerteni masarakat tinimbang pawarta kang ditulis ing ariwarti/koran, kalawarti/majalah, lan mediya liyane.
Miturut Bausastra Jawa anggitane S. Prawiro Atmodjo (1998: 321) pawarta mengku teges kabar, warta. Ing Kamus Lengkap Basa Jawa anggitane Sudarmanto (2008:387) pawarta tegese wartos (basa krama) kabar, warta.
1. Apa kang dadi undering/ inti crita;
2. Sapa sing dadi paraga ing crita kasebut;
3. Ing ngendi papan prasatwa kasebut dumadi;
4. Wektu kedadeyan kang ana ing sajroning crita;
5. Apa sebabe crita kasebut kedadeyan;
6. Kepiye crita kasebut kedadeyan.
Unsur utawa perangan-perangan pokok pawarta ana enem (6) kang diarani 5 W + 1 H. Cekakan iki saka basa Inggris yaiku:
what (apa),
who (sapa),
when (kapan),
where (ing ngendi),
why (kena apa, apa sebabe)
how (kepriye lumakune crita, pawarta).
Konsentrasi
Mangerteni pesen pokok saben ukara/kalimat
Nyathet bab-bab kang kang wigati/penting saka pawarta mau
Nerangke/ngandharake kanthi ringkes saka pokok-pokok pawarta mau
KAPAL PATROLI NJEBLUG
Para pamiyarsa, ngaturaken wilujeng ing dalu menika. Pinanggih malih kaliyan Farah Nadia Karima kaliyan Marlita Pramuharti ing pawarta basa Jawi lumantar Radhio Emo Lumpat Programa 4 Boyolali ing dalu punika.
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu,Deli Serdang, Jemuah (15/7) bengi. Wong 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala. Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buwah kapal nedya nguripake genset kanggo mbacutake patroli, ujug-ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara.
Direktur Jendral Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan wektu gensete arep diuripake. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
Para pamiyarsa, mekaten pawarta basa Jawi ingkang saget kita aturaken ing dalu punika, mugi wilujeng ingkang sami pinanggih. Nuwun
(Panjebar Semangat Edisi 31 tanggal 30 Juli 2011)
Coba wacanen tuladha Pawarta 'Kapal Patroli Njebluk' ing nduwur,
banjur jawaben pitakonan ing ngisor iki! Gladhen digarap neng lembar kerja! Jawaban ditulis a b c sak kalimate! "tuladha: A. Kapal Patroli"
1. Pawarta ing nduwur disiyarake lumantar ....
a. Ariwarti / Koran
b. Kalawarti/ Majalah
c. Radio
d. Televisi
2. Pawarta ing ndhuwur disiyarake wayah apa?
a. awan
b. bengi
c. esuk
d. sore
3. Apa pegaweyane Farah Nadia Karima lan Marlita Pramuharti?
a. Nulis pawarta
b. Maca Pawarta
c. Penyiar Radio
d. Wartawan
4. Ngendi panggonane stasiun Radio Emo Lumpat?
a. Kutha Belawan
b. Kutha Medan
c. Kutha Boyolali
d. Kutha Delli Serdang
5. Pawarta ing ndhuwur medharake bab apa?
a. Petugas Patroli
b. Petugas Bea Cukai
c. Kapal Njeblug
d. Direktur Jendral Bea Cukai
6. Sapa sing ngalami prastawa kang kasebutkake sajrone pawarta ing ndhuwur?
a. Farah Nadia Karima
b. Marlita Pramuharti
c. Agung Kuswandono
d. Petugas Patroli Kantor Bea Cukai Belawan.
7. Kapan dumadine prastawa kapal patroli kantor Bea Cukai Belawan njeblug?
a. Dina Jumat tanggal 15 Juli wayah awan
b. Dina Jumat tanggal 15 Juli wayah bengi
c. Dina Jumat tanggal 15 Juli wayah esuk
d. Dina Jumat tanggal 15 Juli wayah sore
8. Ing ngendi dumadine prastawa kapal patroli kantor Bea Cukai Belawan njeblug?
a. ing pesisir kutha Medan
b. ing pesisir Labu,Deli Serdang
c. ing pesisir kutha Boyolali
d. ing pesisir kutha Belawan
Garapanmu banjur di foto trus di kirim neng link iki (Upload Gladhen! )!
Batas Wektu Pengumpulan: Dina iki tabuh 23.59 wib