Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit.
Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modern.
1. Mitos
Crita ngenani makhluk-makhluk gaib/lelembut. Paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara lsp. Tuladha crita mitos kayata Crita Kangjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, Crita Nyai Lanjar ing pesisir lor, Crita Sunan Lawu ing Karanganyar, lsp.
2. Legendha
Crita legenda kadadeyan ing bumi lan crita mau kaanggep bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lsp. Tuladha crita legend kayata: Crita Baru Klinting, Crita Endang Nawangsih, Crita Asal-usule Grojogan Sewu ing Tawangmangu, lsp.
3. Sage
Crita ngenani kepahlawanan lan kegagahan utawa ketangkasan putra raja. Tuladhane Lutung Kasarung, Cindelaras, Sawunggaling, lsp.
4. Fabel
Crita ngenani kewan kang tumindake kaya manungsa. Tuladhane Kancil lan Baya, Walang lan Semut, lsp
Crita rakyat duweni titikan kan beda saka cerita liyane, yaiku ing ngisor iki:
1. Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
2. Kolektif, amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masyarakat bebarengan.
3. Nyritakke bab ala lan becik.
4. Nggambarake kadadean-kadadean kang mokal (imajinatif).
5. Dicritakake kanthi lesan.
6. Sing nyritakake saka generasi ke generasi (turun tumurun). Mula kuwi, crita rakyat gampang owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan utawa panggonan sing nyritakake.
Endang Nawangsih
Kacariyos wonten ing Dhusun Canditoro wonten satunggaling prawan ingkang sulistiya ing werni, luhur bebudinipun ugi tansah sumedya paring pitulung dhumateng sanesipun, ingkang asmanipun Endang Nawangsih. Endang Nawangsih menika remen nenanem taneman janganan, teh kaliyan kopi, pawadanipun taneman menika saged damel warga sakiwa tengenipun ingkang boten gadhah ugi mbetahaken pitulungan.
Enjing menika nalika Endang Nawangsih taksih manen sawi, kepanggih kaliyan jejaka bagus ingkang asmanipun Citrasoma, putranipun Raja Hajipamoso panguwaos Pengging, ingkang nembe niti priksa wewengkon ramanipun kaliyan ngenggar-ngenggar manah wonten mriku. Saking pepanggihan menika, Citrasoma dados kesengsem dhumateng Endang Nawangsih. Pramila nalika kondur wonten ing Pengging, Citrasoma boten caos palapuran ngengingi kahanan wewengkon ramanipun, ananging malah ngandharaken pepenginanipun krama kaliyan Endang Nawangsih.
Semanten ugi Endang Nawangsih nalika dumugi dalem, age-age matur kaliyan Ki Ageng Pantaran menawi wau kepangggih klawan Citrasoma, dereng ngantos diwangsuli dening Ki Ageng Pantaran, Citrasoma, Raja Hajipamoso, kaliyan Syeh Maulana malah sampun dumugi mriku. Kanthi sedya badhe nglamar. Mesthi kemawon Endang Nawangsih kaget sanget, dereng ngantos gantos dinten kok Citrasoma sampun dumugi wonten ing dalem. Nanging Endang Nawangsih banjur kelingan menawi putranipun Raja Pengging menika pancen misuwur kasektenipun, kagungan ajian Angin Selaksa, ingkang saged kangge ngrampungaken ayahan ugi mlayu kang rikat.
Endang Nawangsih matur kaliyan Raja Hajipamoso menawi purun nampi lamaran menika sawise Citrasoma saged damel tuk ing Dhusun Canditoro. Mireng ature Endang, Citrasoma banjur bidhal saking mriku saperlu tapa.
Sajroning tapa Citrasoma dipunganggu dening 457 jin kaliyan 678 lelembut, ananging bola-bali amargi sekti pramila jin kaliyan lelembut wau saged dipunkalahaken dening Citrasoma, ugi dados ngrencangi Citrasoma. Anggenipun tapa Citasoma pitung dinten dangune, ugi boten muspra, nggrojog toya wening saking lerengipun Redi Merbabu tumuju dhateng dhusun Canditoro. Endang Nawangsih kaliyan Ki Ageng Pantaran nggumun ngertos kasektenipun Citrasoma.
Tiyang sadesa banjur nemoni Citrasoma ingkang taksih tapa. Sedaya padha maringi pangalembana dhumateng Citrasoma, nanging nadyan dipunalaem Citrasoma boten dados kumalungkung, malah saya andhap asor. “Kula boten nyipta tuk menika, “wangsulane Citrasoma kanthi alus. “Nanging menika sedaya peparingan saking Gusti kang Maha Asih, sanesipun ugi saking donga pangestunipun Ki Ageng Pantaran.”
Mireng ature Citrasoma kados menika, Ki Ageng Pantaran dados trenyuh, wonten putranipun raja tur sekti kok nggih andhap asor sanget. Wusananipun Ki Ageng Pantaran paring idin menawi Endang Nawangsih saged dipunpundhut kaliyan Citrasoma. Kanthi wiwit manika Dhusun Canditoro dipungantos dados Dhusun Pantaran.
“Kapethik saka kumpulan crita rakyat Jawa Tengah, kaca 30-34”
*Sumber materi: http://narahayu.blogspot.com/2018/03/rpp-cerita-rakyat-bahasa-jawa-kurikulum.html*
Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi trep lan bener!
1. Ana dhukuh ngendi omahe Endang Nawangsih?
2. Ketemu sapa Endang Nawangsih nalika nanem sawi?
3. Apa wae tanduran sing biasane ditandur dening Endang Nawangsih?
4. Sapa sejatine Citrasoma iku?
5. Kepriye sejatine ajian Angin selaksa iku?