Sandiwara yaiku asale saka tembung sandi (rahasia) lan warah (ajaran). Sandiwara tegese ajaran sing diwulangake kanthi rahasia utawa ora kanthi blak-blakan. Kang ngemot amanat tumrap para panontone.
Sandiwara uga bisa diamngerteni nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.
a. Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.
b. Purusa/Paraga (tokoh) lan watake:
– Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
– Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.
– Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.
c. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.
d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.
e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas.
Miturut jenis /penyajian lakon jenis sandiwara bisa kaperang dadi wolung jenis!
1. Tragedi, yaiku lara lapane/duka. cerita sandiwara kang isine kebak kasedihan.
Pelaku utama ing ngriki saka wiwitan nganti pungkasan pagelaran nasibipun awon, kepara ing pungkasan crita peran utamanipun dipundhut Sang Illahi. Saengga penonton ndherek ngrasosaken rasa sedih. Ex. Romeo and Juliet, Malin Kundang,
2. Komedi, yaiku suka gembirane cerita sandiwara kang bisa nuwuhake rasa lucu tumrap para penontone. Kelucuan ing sajrone drama asring ngandut sindiran kritikan lan amanat kangge anggota masyarakat tartamtu, pramila kedadeyan-kedadeyan
3. Tragekomedi, yaiku cerita sandiwara kang isine kebak kasedihan ananging uga ngandhut perkara-perkara kang bisa andadekake guyuning ati. Sedih lan gumujeng asring silih geganten.
4. Opera, yaiku cerita sandiwara kang pacelathone dilagokake kanthi kairing musik/gamelan. Drama punika luwih ngutamakake lagu lan musik tinimbang lakon. Lakon namung minangka sarana mawon. Opera kang cendek diarani OPERET
5. Melodrama, yaiku cerita sandiwara kang pacelathone diucapake kanthi iringan musik/gamelan.
6. Farce, yaiku sandiwara kang wujude ora adoh saka dhagelan, kang diutamakake ing cerita iki peran lucu kang bisa gawe guyune penonton Lan krasa bungah
7. Tablo, yaiku jenis sandiwara kang ngutamakake obahing paraga utawa kaprigelane rikala akting. Para paraga boten ngucapake dialog, ananging namung gerak-gerik kemawun kang ditampilake.
8. Sendratari, yaiku minangka kolaborasi antarane seni sandiwara/drama lan seni tari, para paragane padha nduweni kaprigelan nari. Rangkaian prastawane asring diwujudake kanthi tarian kang diiringi musik tanpa dialog. Nanging wonten narasi singkat kang dipocapake kanggo ngerteni prastawa apa kang lagi kapentasaken.ex. sendratari Ramayana ing Prambanan Yogyakarta.
Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang dadi 6!
Sandiwara panggung, diparagakake ing panggung pertunjukan lan penonton wonten ing sakiwa tengene panggung saengga penonton saged mirsani, mirengake, lan ngraba para paragane. Sacara langsung.
2. Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saget dipun mirengaken ananging boten saget dipunpirsani.
3. Sandiwara TV, drama TV sadet dimirengake lan dipersani nanging boten saged dipunraba. Pamentasanipun saget sacara langsung lan uga saged sacara rekaman.
4. Sandiwara Film, drama kang migunakake layar lebar lan pertunjukane biasane digelar ing jero bioskop.
5. Sandiwara wayang, ciri khas tontonan drama inggih punika wonten cerita lan dialog. Para paraga digambarake nganggo wayang. Lan biasane dimainake dening dhalang.
6. Sandiwara boneka.
Miturut arane naskah kaperang dadi loro yaiku :
1. Sandiwara tradisional, yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah. Watak, tokoh, dialog, lan gerak-gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga.ex. kethoprak (Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi)
2. Sandiwara modern, yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog lan gerak-gerike para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/gerak-gerik kang ditampilake padha karo naskah kang diapalake.
Coba tontonen film ing nduwur, banjur golekana piwulang utawa pelajaran kang bisa mbok jumuk!
Download Lembar Jawab, Klik ( Lembar Kerja Kls9 ) Banjur di print!
Tugas ditulis tangan ing kertas lembar kang wis diprint. Menawa uwis banjur di foto. Foto Kirim tugas, carane klik ( Upload Gladhen! )