Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro kang nduweni sifat ingkang podho utawa podho tegese banjur digawe bebarengan lan nduwene teges mbangettake.
( Tembung saroja adalah, dua kata yang mempunyai sifat atau arti sama, dan dijadikan satu rangkaian kata serta memiliki arti yakni menguatkan atau menegaskan.)
Tuladha Tembung Saroja
Contoh Rino wengi : Siang malam
Tuladha : Rino wengi tansah kelingan, perawan ayu Kalimantan
Contoh Ajur mumur : Hancur berkeping-keping
Tuladha : Amarga gempa, bangunan ing sekitar kecamatan Gantiwarno dadi ajur mumur
Contoh Gemah ripah loh jinawi : Subur banget
Tuladha : Kabupaten Klaten kuwi terkenal amarga gemah ripah loh jinawi
Contoh Campur aduk : Campur bawur
Tuladha : Uripe campur adhuk sakomah dadi siji karo sedulur-sedulure
2. Tembung Entar
Tembung entar yakuwi tembung sing nduweni teges ora sawantahe/ora sebenere utawa kiasan, sing bisa ditegesi /diartikna manut surasane ukara.
Gatekna ukara ngisor iki!
a) Saben esuk Wiga adus banyu anget.
b) Direwangi adus kringet saben dina, Mbah Jono durung bisa gawe omah sing bagus.
c) Gaman kethul ya nggo negor pring angel banget.
d) Bocah kethul pikire kon nggarap soal gampang be meneng bae.
Katerangan/ Penjelasan:
a) tembung adus nduweni teges sewantahe yakuwe adus ngresiki awak, dene adus neng ukara sewantahe yakuwe adus ngresiki awak,
dene adus ing ukara b) nduweni teges nyambut gawe utawa sregep olehe nyambut gawe.
c) tembung kethul nduwe teges lugu utawa sawantahe yakuwe ora landhep.
d) tembung kethul nduwe teges bodho.
Tembung adus lan kethul nang ukara a) lan c) nduwe teges sawantahe utawa kalebu tembung lugu.
Dene tembung adus keringet lan kethul uteke nang ukara b) lan d) nduwe makna ora sawantahe utawa kias, mula tembung mengkono diarani tembung entar.
Tuladha tembung entar:
Abang kupinge = jengkel
Bening atine = nyenengna
(m)balang liring = nglirik
Cagak urip = kanggonyambung kebutuhan urip
Dawa ususe = sabar
3. Tembung Tanduk
Tembung tanduk yaitu tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara m, n dan ny. Artinya adalah kata dasar yang mendapat awalan m, n, dan ny.
Ukara tanduk adalah kalimat yang predikatnya (wasesane) menggunakan kata kerja (tembung kriya) tanduk atau mendapatkan ater-ater anuswara (n-, m-, ng-, ny-) dan subjek (jejer) melakukan pekerjaan. Ukara tanduk dalam bahasa Indonesia disebut kalimat aktif.
Tembung tanduk kaperang dadi 3, yaiku:
a) Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora olèh panambang(akhiran).
Contoh: maju, ngadeg, nyapu.
b) Tembung tanduk i- kriya yaiku tembung tanduk sing olèh panambang i.
Contoh:
n+tulung+i >> nulungi,
ng+umbah+i >> ngumbahi,
ny+sapu+i >> nyaponi,
c) Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwèmèhi panambang -ké utawa -aké.
Contoh:
seleh+ ake >> nyèlèhaké,
tuduh + ake >> nuduhaké,
4. Tembung Tanggap
Tembung tanggap yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater (awalan) tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan (sisipan) –in.
Jenis jenis tembung tanggap:
a)Tanggap tripurasa yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater tripurasa
Contoh : kojupuk, dakpangan, dibalangi
b)Tanggap na yaiku tembung lingga sing oleh seselan –in
Contoh :
tulis +in >> tinulis,
tubruk + in >> tinubruk,
temu + in >> tinemu
c)Tanggap tarung yaiku tembung dwilingga sing oleh seselan –in tripurasa
Contoh :
cokot-cokot + in >> cokot-cinokot,
sawang-sawang + in >> sawang-sinawang,
d)Tanggap ka yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater ka- kanthi teges dijarak.
Contoh :
ka + obong >> kaobong,
ka + mangan >> kapangan,
ka + gendhong >> kagendhong,
ka + tulis >> katulis