Wonten ing pepanggihan punika, kita badhe ngrembag cariyos Ramayana "Anoman Duta".
Anoman iku putra Dèwi Anjani saka Hyang Pawana utawa Bathara Bayu. Sawisé lair, Anoman digawa menyang kahyangan Panglawungan déning Bathara Bayu. Sawisé cukup umur banjur dipasrahaké marang Sugriwa ing Guwa Kiskendha. Ing kéné, dhèwèké dikanthèni déning wanara kang nduwé swara éndah, ya iku Kapi Saraba.
Anoman iku paraga wayang ing carita Ramayana. Ing pedhalangan Jawa, Anoman uga katon ing Mahabharata, amarga dhèwèké tansah nunggu Dasamuka nganti akir jaman. Anoman wujudé kaya kethèk.
Anoman banjur mbéla Rama nglawan Rahwana ngrebut Dèwi Sinta. Ing lakon Anoman Obong, Anoman ngobrak-abrik Alengka lan ngobong kraton.
Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Sumber: https://caritawayang.blogspot.com/2015/04/ramayana-anoman-obong-bahasa-jawa.html
Coba tulisen tembung/ kata sing angel miturutmu! banjur digoleki artine.
Cara goleki klik ( Kamus Online Jawa ) banjur ketik tembung sing ora mbok ngerteni utawa mbok goleki artine lewat kamus basa Jawa!
Gladhen digarap neng kertas lembar kerja (download neng ngisor dhewe!). ditulis tangan banjur garapanmu difoto lan dikirim via link ing ngisor!
Ora oleh nurun kancane utawa copy paste saka internet!
Download Lembar Jawab, Klik ( http://gg.gg/LembarKerjaKls9 ) Banjur di print!
Tugas ditulis tangan ing kertas lembar kang wis diprint. Menawa uwis banjur di foto. Foto Kirim tugas, carane klik ( Upload Gladhen! )