Naskah Sandiwara utawa drama yaiku karangan kang isine crita. Ing naskah sandiwara kasebut ngemot jenenge para paraga ing crita, pacelathon (dialog) kang diucapake para paraga, lan swasana panggung kang diperlokake. Kadhang kala uga dijangkepi kanthi piranti kayata sandhangane, tata lampu, lan tata swara (musik pangiring).
Supaya sandiwara (drama) kang dipentasake bisa narik kawigaten, bab kang kudu digatekake yaiku naskah sandiwarane kuwi. Naskah kudu narik kawigaten supaya piweling utawa amanat kang arep dijlentrehake bisa katampa kanthi trawaca dening para pamirsa
Naskah kang sumadya wujude nuduhake adegan. Babak kagawe saka pirang-pirang adegan. Gumantine paraga minangka tandha gumantine adegan ing sawijine prastawa.
Panulisan naskah sandiwara bisa diwiwiti kanthi prolog minangka pambuka lan epilog minangka katrangan panutuping crita.
Pacelathon utawa dialog katulis kanthi diwiwiti paraga kang ngomong utawa tumindak. Tandha titik loro minangka pamisah antarane paraga lan ukara kang diucapake.
Pituduh tumindak ditulis ing dialog kanthi diwenehi tandha kurung.
Panulisan katrangan kang nuduhake tumindak ing gumantine babak utawa adegan, bisa katulis kaya paragraf ing pungkasane dialog antarane paraga.
Nemtokake prastawa utawa kedadean ing crita kang bisa narik kawigaten, bisa nabet ing ati.
Milih lan nemtokake tema
Milih judul lan nggawe pambukaning tembung. Judul becike ora perlu dawa-dawa. Pambukaning tembung luwih apik yen asipat bombastis supaya narik kawigatene wong kang maca, lan nerusake nganti crita sabanjure.
Nggawe cengkorongan kang ngatutake konflik.
Nemtokake paraga (pelaku)
Ngrantam lakune crita kang ngandhut tetepungan (pengenalan) paraga kanthi konflik lan ngrampungake perkara (masalah).
Ngrantam kramagung lan wawancang. Kramagung yaiku printah marang paraga supaya nindakake samubarang kang ditulis minangka pituduh nglakokake sandiwara (drama). Wawancang yaiku tulisan kang ngandhut sekabehane rasa pangrasa para paraga.
Download Lembar Jawab, Klik ( Lembar Kerja Kls9 ) Banjur di print!
Tugas ditulis tangan ing kertas lembar kang wis diprint. Menawa uwis banjur di foto. Foto Kirim tugas, carane klik ( Upload Gladhen! )