Serat Wulangreh iku siji saka ewoning kasusastran Jawi kang ana. Serat Wulangreh iku ngemu 13 pupuh tembang, yaiku; Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 30 pada, Duduk Wuluh/ Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22 pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada.
Serat Wulangreh karipta dening swargi (Almarhum) Sri Susuhunan Pakubuwana IV kang jumeneng ing Keraton Surakarta Adiningrat (1788-1820). Jejuluk (gelar) jangkebe panjenengan dalem nalika jumeneng nata yaiku Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah IV.
Nalika isih timur (enom) kaparingan asma Raden Mas Subadya. Panjenengan dalem wiyos (lair) ing Surakarta tanggal 2 September 1768. Banjur jumeneng nata 29 September 1788 lan seda 2 Oktober 1820.
PADA 1
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
pesunen sarinarira,
sudanen dhahar lan guling
Tegese :
Pada ajaran/nglatih ati,
Supaya batinmu dadi pinter,
Ojo seneng mangan lan turu,
Gen iso kawujud opo sing dikarepake,
Prihatino awakmu,
Kurangono mangan lan turu
PADA 2
Dadiya laku niraku,
Cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan - sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka,
nyuda prayitaning batin
Tegese :
Supaya dadi kebiasaan,
Nyegah mangan lan turu,
Lan ojo seneng - seneng
Oleh seneng - seneng nangig sauntara wae,
Jalaran wong seneng - seneng iku ala
Marakake sudha prayitnane ati
Piwulang Tembang Kinanthi
Tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun tentrem ayem karo kaluwargane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun putrane supaya tumindak ora nalisir saka bebener.
Coba tulisen pelajaran kang isa mbok jumuk saka cakepan tembang kinanthi pada 1 lan pada 2 ing nduwur !