Materi Klas XII

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Bab iki nduweni ancas utawa tujuan murih para siswa bisa migunakake basa Jawa ing parembugan saben dina, lan bisa gawe teks pacelathon kanthi migunakake basa kang trep mungguhe pranatan ing bebrayan Jawa.

Jinise Unggah-Ungguh Ragam Basa Jawa

Yen tetembungane mung awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa ngoko lugu, menawa tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ngoko alus.

Dene yen tetembungane mligi krama kagolongake basa krama. Ragam basa krama utawa basa kurmat iku basa kang nduweni drajad sadhuwure basa ngoko. Basa krama luwih alus lan nduweni surasa luwih ngajeni.

Tuladhane saperangan tembung miturut pangetrapane unggah-ungguh


Gladhen!

1) Miturut pamawasmu, gambar-gambar ing ngisor iki njelentrehake babagan apa, lan nggunakake jinise unggah-ungguh basa Jawa apa?

Pasewakan sajrone Kaprajan

Pacaturan Anak lan Ibu

Pacaturan karo kanca

2) Nggaweya teks dialog/pacaturan drama cekak nggunakake basa Jawa ngoko maksimal 1 halaman format kertas A4!

Kaloro pitakonan ing ndhuwur wangsulana arupa ketikan lan dikirimake neng email ===> ulumudd@gmail.com

Aja lali! Sawise mbukak situs sinau basa Jawa iki, wajib absen ana ing ngisor iki, cukup sapisanan wae!