Materi 6 klas X

Sambungan materi sadurunge....

Serat wedhatama menika salah sawijine seratan anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Sri Mangkunegara IV, Raja ing Kraton Mangkunegaran Surakarta taun1853-1881.

Serat wedhatama ngandhut piwucal luhur kangge mbangun budi pekerti lan tumindak utama para mudha.

Wedhatama asale saka tembung sansekerta

'‘Wedha'‘ : ilmu pangertosan, pathokan, pakem

''Tama'‘ : becik, sae, utama, putra.

Wedhatama : Ilmu pangertosan kang utama kang dadi pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putri.


Serat Wedhatama wujude tembang kang kadhapuk saka 100 pada tembang macapat, kang kabagi ing gangsal tembang, yaiku:

1.Pangkur (14 pupuh,1 – 14)

2.Sinom (18 pupuh, 15 -32)

3.Pucung (15 pupuh, 33 – 47)

4.Gambuh (35 pupuh, 48-82)

5.Kinanthi (18 pupuh, 83-100)

Isi Serat Wédhatama yaiku ngenani falsafah panguripan, kaya dene tenggang rasa, tepa salira, kayata dadi janma kang sampurna, nglampahi agama kanthi bijak, lan dadi wong kang nduwe watak ksatria.

SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR:

Pada 1-14 : Sembah Raga/Syariat

Pangkur ( mungkur) yaiku tembang macapat kang nggambarake manungsa kang wis kliwat umur lan ngungkurake kadonyan, nyimpangi bab-bab kang gawe gendra, dredhah saengga bisa nggayuh kapikan.

Watake semangat, perwira, ksatria, temen anggene ngadohi hawa nepsu, lan tansah nengenake ngibadah dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Tembang pangkur upama isi piwulang, yaiku piwulang kang inggil. Upama tresna, yaiku tresna kang pinunjul. Saka tetembangan iku banjur akeh tembang lan gegendhingan kang nggunakake tembang pangkur, antawise yaiku: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, pangkur singgah, lsp.


GLADHEN!

Goleka serat wedhatama pupuh pangkur ing internet, seraten 1 pada pupuh pangkur ing kertas lan seraten tegese 1 pada wae!

Carilah serat wedhatama pupuh pangkur di internet, tulislah 1 bait bagian pangkur di kertas dan tulislah arti dari 1 bait itu saja!

Tuladhane tugas

Tugas dikumpulake dadi siji neng kantor guru paling ora (maksimal) dina selasa wayahe B. Jawa!