Materi 2 klas xi

Materi Geguritan II

  1. Paugerane / aturane geguritan:

  • Ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

  • Luwih nengenake babagan isine kang menthes, apik, endah, lan becik.

  • Kanggo nambah kaendahan bisa nggunakake purwakanthi saperangan.

  • Isine pitutur, piweling, kritik/panyaruwe, protes, sindiran/pasemon, pangresah, lan liya-liyane.

2. Titikane Geguritan:

  • Ora kawengku ing pathokan

  • Migunakake tembung kang pinilih

  • Cacahe larik ora katemtokake

  • Sajak pungkasane bebas mardika

  • Ora nggunakake basa padinan (sehari-hari)

  • Arang-arang nggunakake tembung pangiket

3. Bab kang Lumrahe Kaamot ing Geguritan:

a. Wutuh (Koheren) tegese geguritan maeng kudu wutuh antarane perangan, lan unsur-unsur ing geguritan. Perangan-perangan kudu bisa nyawiji lan ana gandheng cenenge ora madheg dhewe ing pamikiran lan lelewaning ekspresi supaya bisa nduweni sesambungan batin tumrap pamaca.

b. Estetis (nilai/unsur keindahan)

c. Edukatif (nduweni nile pendhidhikan)

d. Nuwuhake rasa tresna.

Banjur, saiki wacanen bacute saka Perangane/Maceme Geguritan, awit gagrak lawas nganti gagrak anyar.

Dakkira cukup samene wae pasinaon dina iki. Tugas ana ing pasinaon minggu ngarep. Aja lali sinau kanthi tumemen lan nggatekake intruksi utawa arahan saka Bpk, lan Ibu Guru mapel lumantar website SMK Islam supaya bisa cetha anggone sinau. Muga-muga manfaat barokah. Matur nuwun.