Materi Klas X

Apa Tegese Artikel kuwi?

Artikel yaiku sawijine tulisan kang ngandhut opini dening penulis kanggo menehi pawarta tumrap pamaca kang nduweni sipat aktual, persuasif, argumentatif, panglipur, lan bisa kontroversial.


Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepriye artikel kasebut diwangun. Bisa kokjingglengi sawijine artikel kasusun kanthi struktur : pambuka, isi, lan dudutan. Panulise artikel kudu migatekake isine gagasan utawa ide ilmiahe. Gagasan ilmiah iku bisa disumurupi saka substansi gagasane lan alur ilmiah ing artikel kasebut.


Niteni Jinise Artikel

Jinise artikel kaperang dadi 5 kaya ing sisih kiwa iki...

Banjur saiki bukaken LKS wulangan 1, neng kono ana teks artikel kanthi irah-irahan RUSAKKE LINGKUNGAN. Wacanen teks artikel kasebut supaya bisa nambah kawruh tembung-tembung basa Jawa kang anyar.