Materi Klas X

Materi Sambungan Teks Artikel

Nintingi isine artikel??

Ukara sajrone artikel dibedakake saka rong werna, yaiku:

Gladhen! Wacanen teks artikel ing ngisor iki!


Bebayane Sampah Elektronik lan Pangolahe Indonesia

kawentar minangka bangsa kang masyarakate nyengkuyung budaya konsumtif , kalebu panggunane barang-barang elektronik , kayata: ponsel , televisi , komputer , laptop , lan liya-liyane. Saben dina ewon jenis barang elektronik diproduksi lan kaimpor.

Wondene kepriye nasibe barang-barang bekas elektronik sing wis ora digunakake, durung oleh kawigaten kang mirunggan. Banjur kepriye pangolahe sampah elektronik utawa elektronik waste utawa e - waste ing Indonesia? Kamangka kita kabeh ngerteni, manawa salah pangolahe ewaste sing akeh bahan-bahan "beracun"lan mbebayani bakal njalari kapitunan tumrap manungsa.

Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamilahe komponen kudu selektif , bener, lan pener. Ana zat-zat sing mbebayani ing sajrone komponen elektronika sing mbutuhake penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane.

Sing sapisan plastik, mligine jenis PVC, mbebayani banget awit ngandhut unsur klorin sing kita mangerteni yen barang iku mujudake zat sing paling mbebayani kanggo kesehatan. Kejaba kuwi angel ajure ing sajrone lemah butuh waktu puluhan nganti atusan tahun..

Kapindho, timbal utawa lead . Komponen iki mbebayani banget. Kaya bahan bakar bensin kinandhut TEL (tetra ethyl lead) kanggo ngunggahake nilai oktan, ing komponene ana timbal kang mbebayani tumrap kesehatan manungsa.

TV lan layar komputer tipe CRT sing nggunakake tabung kanthi bahan timbal, saiki wis wiwit ganti modhel LCD. Ananging kang dadi masalah ganti tipe LCD iku uga mbebayani amarga tipe LCD ana kandhutan komponen merkuri. Ora mung kuwi wae, ing sajrone barang elektronik mau kinandhut kadium, beryllium , lan komponen liyane kaya BFR (brominated flame retardant).

Kadium digunakake kanggo nglapisi logam, utamane wesi, waja, lan tembaga. Bisa uga kanggo nggawe batu baterai lan plastik. Resiko kad ium yen kasedhot nduweni sifat iritatif . Zat iki bisa njalari keracunan, gangguan ing sistem organ njero manungsa lan kewan.

Komponen-komponen mau yen dibuang menyang pawuhan bakal nuwuhake pencemaran lingkungan lan bisa gawe kapitunane manungsa. Awit saka iku, sampah elektronik kudu kaolah luwih dhisik kanggo ngurangi efek nega tif saka zat-zat beracun lan mbebayani banget.

Cara pangolahan kanthi metode recycling utawa daur ulang, komponen-komponen logam bisa digawe komponen anyar. Plastik bisa dikonversi dadi bahan bakar cair kaya bensin lan solar.

Saka artikel ing ndhuwur golekana Ukara Lamba lan Ukara Camboran masing-masing ukara 5 wangsulan wae, tulisen arupa ketikan banjur dikirim neng email yaulum9@gmail.com

Kanggo sing durung nggarap garapan ing ndhuwur, kudu digarap dhisik. Sing wis mari mbacutake Gladhen Wulangan Harian (pilihan ganda nganti gladhen pengayaan). Dikumpulake ing lembar kertas nalika tatap muka maksimal 1 minggu.

Cekap semono wae muga barokah manfaat...