Materi 7 klas X

Pasinaon Praktik Nembang Pangkur


Sawise ngaweruhi lan nyinaoni piwulangan Tembang Macapat kala wingi, banjur saiki latian nembang macapat pupuh pangkur pelog pathet 6 sajrone Serat Wedhatama

Pangkur.flv

Mingkar-mingkur ing angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji


Gladhen!!!


Nggaweya vidheo rekaman nembang macapat pupuh pangkur sajrone Serat Wedhatama kaya tuladha ing ndhuwur, lan sajrone vidheo nggunakake format iki:

  1. Salam purwaka/pembuka (Sugeng enjing/sugeng siang....)

  2. Jeneng jangkep

  3. Kelas lan jurusan

  4. Nyuwun palilah (keparengaken kula badhe nembang/nyekar macapat pangkur pelog pathet 6)

  5. Nembang

  6. Salam wusana/penutup


lan sajrone postingan diwenehi caption/tulisan/seratan:

  1. Jeneng jangkep

  2. Kelas lan jurusan

  3. lan "Vidheo iki digawe kanggo njangkepi tugas pasinaon Basa Jawa SMK Islam Krembung".


Vidheo rekaman tembang kuwi diupload neng instagrame dhewe utawa instagrame kelas, maksimal 2 minggu nalika tatap muka. Banjur diwenehi hastag:


  1. #tembangpangkursmkislamkrembung

  2. #tembangpangkurxtkj1 (sesuai_kelas_lan_jurusan)


Aja nganti kliru hastag amerga penilaian didheleng saka 2 hastag kuwi!

Semangat sinau, sapa sing temen bakal tinemu!