Materi 8 klas X

Materi Tembang Sabanjure...

Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru wilangan lan guru lagu

a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)

b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

c. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.


Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat yaiku :

1. Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

2. Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

3. Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

4. Asmaradhana : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

5. Dhandhanggula: Kedadeyan saka 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a

6. Gambuh : Kedadeyan saka 5 gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

7. Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra : 12i,6a, 8i, 8a

8. Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a

9. Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

10. Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

11. Pocung : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a


Banjur materi sabanjure bisa diwaca ana neng LKS kaca/halaman 9 nganti 11 ngenani unsur padhapuke tembang macapat....

Gladhen!

Kanggo gladhen wangsulana pitakonan LKS kaca 15 nganti 16, romawi 1 nganti pitakonan pengayaan. Wangsulane dikumpulake dadi siji neng ruang guru arupa kertas lembaran. Watesane 1 minggu kudu dikumpulake ben ora tempuk karo tugas liyane.

Semangat sinau, sapa sing temen bakal tinemu!