Materi 9 klas X

Kanggo nambahi wawasan nggunakake basa Jawa, pasinaon dina iki ngrembug ngenani Paramasastra. Apa iku paramasastra bakal dirembung ing ngisor iki... mangga disinaoni kanthi tumemen.

Paramasastra iku ngèlmu tata basa lan sastra, utamané basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan “Paramasastra” kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung iki dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk saka Sansekerta. Tata basa iki katurunaké manèh déning Panini. Ing jaman Jawa anyar,Ranggawarsita uga gawé Serat Paramasastra Jawi kang umumé digunaaké saiki.(wikipedia : 16-12-2015).

Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang (jawasmp3bae : 2015) :

  • Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)

  • Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)

  • Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)

  • Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)

  • Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)

  • Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)

  • Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)

  • Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2, inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan…

Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale, tuladhane meja, pangan arit,…lsp

Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale, tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp

Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan.


Tuladhane ater-ater:

  • Ater-ater a+….

a+karya: akarya

  • Ater-ater ka+…

Ka+tabrak: katabrak

  • Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)

na+tampa: nampa

ma+pangan: mangan

ny+sapu: nyapu

ng+goring: nggoreng

  • Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)

kok+pangan: kokpangan

di+jambak: dijambak

dak+masak: dakmasak

  • Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar

sa+wengi: sawengi

pa+mudha:pamudha

pi+tutur: pitutur

pra+yoga: prayoga

pari+wara:pariwara

tar+buka:tarbuka

  • Ater-ater kuma, kapi, kami

Kuma+lamcang:kumalancang

Kapi+adreng: kapiadreng

Kami+gila:kamigilan


Tuladhane panambang:

  • Panambang ku, mu, e

Buku+ku: bukuku

Sapu+mu: sapumu

Jaran+e: jarane

  • Panambang an

Gawa+an: gawan

  • Panambang i

Suwek+i: suweki

  • Panambang a, na, ana, en

Jupuk+a: jupuka

Pangan+na: panganna

Sapu+ana: saponana

Jaga+en:jaganen

  • Panambang ake

Gambar+ake:gambarake

  • Panambang ne, ing

Bapak+ne: bapakne

Abang+ing: abanging


Tuladhane seselan:

  • Seselan in:

Cedhak +in: cinedhak

Titah+ in: tinatah

  • Seselan um:

Bagus+um: gumagus

Tindak+ um: tumindak

  • Seselan l, r:

Siwer+ l: sliwer

Kelip + r: krelip

Dakrasa samene dhisik kanggo materi tambahan ngenani Paramasastra supaya bisa nambah kaweruh lan wawasan para siswa. Pasinaon iki ora ana tugas, diganti karo sinau mandiri kanggo nyiapake UTS ana ing wektu cedhak iki.

Semangat sinau, sapa sing temen bakal tinemu!