Materi 6 klas XI

Sambungan materi sadurunge....

Serat wedhatama menika salah sawijine seratan anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Sri Mangkunegara IV, Raja ing Kraton Mangkunegaran Surakarta taun1853-1881.

Serat wedhatama ngandhut piwucal luhur kangge mbangun budi pekerti lan tumindak utama para mudha.

Wedhatama asale saka tembung sansekerta

'‘Wedha'‘ : ilmu pangertosan, pathokan, pakem

''Tama'‘ : becik, sae, utama, putra.

Wedhatama : Ilmu pangertosan kang utama kang dadi pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putri.


Serat Wedhatama wujude tembang kang kadhapuk saka 100 pada tembang macapat, kang kabagi ing gangsal tembang, yaiku:

1.Pangkur (14 pupuh,1 – 14)

2.Sinom (18 pupuh, 15 -32)

3.Pucung (15 pupuh, 33 – 47)

4.Gambuh (35 pupuh, 48-82)

5.Kinanthi (18 pupuh, 83-100)

Isi Serat Wédhatama yaiku ngenani falsafah panguripan, kaya dene tenggang rasa, tepa salira, kayata dadi janma kang sampurna, nglampahi agama kanthi bijak, lan dadi wong kang nduwe watak ksatria.

Serat Wedhatama pupuh Pocung pada 33 - 47

Pocung (pocong) punika tembang macapat ingkang nggambaraken manungsa ingkang sampun seda.

Sasmitane tembung pocung, kluwak.

Watakipun sakpenake dhewe, lucu, damel bungah.

Dipunginakaken kangge cangkriman / gegujengan.


GLADHEN!

Goleka serat wedhatama pupuh pocung ing internet, seraten 1 pada pupuh pocung ing kertas lan seraten tegese 1 pada wae!

Carilah serat wedhatama pupuh pocung di internet, tulislah 1 bait bagian pocung di kertas dan tulislah arti dari 1 bait itu saja!

Tuladhane tugas

Tugas dikumpulake dadi siji neng kantor guru paling ora (maksimal) dina selasa wayahe B. Jawa!