Materi 3 Klas XI

UPACARA ADAT

Assalamualaikum... Sugeng Enjing

Upacara adat ngundhuh mantu

Upacara ngndhuh mantu utawa pangantenan adat Jawa iku salah sijine upacara sakral adat Jawa ang nduwe reroncen/urutan lan tata cara sing pakem/paten. Upacara pangantenan iki iki nglambangake patemonane antarane penganten kakung lan penganten putri neng swasana kusus lan dilambangaken dadi pasanganane Raja lan Ratu.

Acara pangantenan iki lumrahe/biyasane umum dilaksankake ing daleme panganten putri. Mula sing dadi pamangkugati yaiku wong tuwa utawa kulawarga panganten putri, nanging tetep dibantu kulawarga kakung. Reroncene/susunan upacara adat pangantenan Jawa iki seje-seje miturut dhaerah kang dilaksananine jumbuh karo kahanan ekonomi sosial kulawargane. Lumrahe reroncene kaya mangkene:

  1. Lamaran, upacara kanggo nrima kulawaga calon panganten kakung ing daleme calon panganten putri.

  2. Siraman, upacara pralambang kanggo ngresiki sukma lan batine calon panganten.

  3. Midodareni, upacara iki ngandhut teges yen bengi sadurunge acara pagantenan kabeh widodari bakal mudhun saka kahyangan kanggo aweh pangestu. panganten putri lumrahe ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi.

  4. Srah-srahan, upacara kang masrahake ubarambe lsp saka pihak panganten kakung sing bakal kanggo nyengkuyung adhicara resepsi pangantenan.

  5. Ijab kabul upacara nalika panganten kakung ngucapake prasetya bebojoan kanggo panganten putri kang disekseni karo wong akeh.

  6. Upacaa panggih, yaiku kembang mayang digawa metu saka omah lan didheleh ing prapatan cedhak omah kanggo ngusir roh jahat

  7. Upacara balang suruh, panganten putra lan putri gantian ngantem/mbalang suruh

  8. Upacara wiji dadi, panganten kakung ngicak endhog pitik nganti pecah

  9. Pupuk, Ibu panganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung tandha ikhlas dadi kulawarga

  10. Mertui,wong tuwane panganten putri methuk wong tuwane panganten kakung

  11. Sinduran, yaiku nalika lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha panganten sakloron wis dadi kulawarga

  12. Timbang bobot, panganten sakloron lungguh ing pangkonane Bapak saka panganten putri, minangka pralambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu

  13. Sungkeman, pinanganten sakloron nyuwun pangestu marang wong tuwa

  14. Kacar-kucur, nalika ubarampe dhuwit logam, beras, lan sapanunggale sing dikucurake saka pangantn putra marang pangkonane panganten putri pralambang aweh nafkah

  15. Dhahar klimah, panganten sakloron dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinanganten sakloron bisa urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

  16. Kenduren/resepsi, puncak acara pangantenan uga diarani slametan/walimahan.

  1. Saiki coba jlentrehna piwulang kang bisa dijupuk saka upacara adat ngundhuh mantu ing ndhuwur! (minimal 1 paragraf)

  2. Sebutna upacara adat Jawa kang isih lestari ing dhaerahmu dhewe-dhewe! (minimal 4)

Jawaban saka pitakonan ing ndhuwur ditulis ing lembar kertas, lan dikumpulna nalika wayah tatap muka maksimal 1 minggu.

Dakkira cukup semene wae daring dina iki, muga-muga manfaat barokah, Assalamualaikum... Sugeng Enjing