Materi Klas XI

Geguritan

Apa tegese geguritan kuwi?

Sawijine pepethan, karangan kang awujud reroncen tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern.

(1)

Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan. Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari.

(2)

Struktur lair yaiku wujud kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan. Kanggo ngenali struktur lair geguritan, para siswa kudu ngeling-eling marang tembung, ukara, gatra, pada, lan tata panulisan kang ana ing geguritan

Struktur batin yaiku wujud geguritan kang ora kasat mripat, jenenge bae batin. Struktur batin iki diwangun dening struktur lair mau. Mulane antarane struktur lair lan struktur batin geguritan iku padha pentinge (wigatine). Kanggo nemokake isi, arti, maksud, lan tujuan panggurit bisa ditintingi saka lelorone.

(3)

Luwih jangkepe wacanen slide ing sisih tengen iki ya Cah.

Gladhen!

Wacanen teks geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakonane!

URIPKU

Dening: Apriria Berliyanti

Nglamunku sigar ing pucuk himawan

Nalika warsa mbanjiri pangarasan

Uripku Saya suwe saya ngambang I

lang ora nemu dalan

Dhuh Gusti

Paringana kula kesabaran

Kanggo nerusake panguripan

Ngalor ngidul sampun kula lakoni J

akarta Surabaya sampun kula liwati

Ora ana wangsulan sing mesthi

Ketawang endah, Januari 2014


Geguritan ing ndhuwur maeng golekana Struktur Batine, banjur ketikan wangsulane dikirim neng email ulumudd@gmail.com