Materi 7 klas XI

Pasinaon Praktik Nembang Pocung


Sawise ngaweruhi lan nyinaoni piwulangan Tembang Macapat kala wingi, banjur saiki latian nembang macapat pupuh pocung slendro pathet manyura sajrone Serat Wedhatama

Sekar Pocung.flv

Ngelmu iku

Kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara


Gladhen!!!


Nggaweya vidheo rekaman nembang macapat pupuh pocung sajrone Serat Wedhatama kaya tuladha ing ndhuwur, lan sajrone vidheo nggunakake format iki:

  1. Salam purwaka/pembuka (Sugeng enjing/sugeng siang....)

  2. Jeneng jangkep

  3. Kelas lan jurusan

  4. Nyuwun palilah (keparengaken kula badhe nembang/nyekar macapat pocung slendro pathet manyura)

  5. Nembang

  6. Salam wusana/penutup


lan sajrone postingan diwenehi caption/tulisan/seratan:

  1. Jeneng jangkep

  2. Kelas lan jurusan

  3. lan "Vidheo iki digawe kanggo njangkepi tugas pasinaon Basa Jawa SMK Islam Krembung".


Vidheo rekaman tembang kuwi diupload neng instagrame dhewe utawa instagrame kelas, maksimal 2 minggu nalika tatap muka. Banjur diwenehi hastag:


  1. #tembangpocungsmkislamkrembung

  2. #tembangpocungxitkj1 (sesuai_kelas_lan_jurusan)


Aja nganti kliru hastag amerga penilaian didheleng saka 2 hastag kuwi!

Semangat sinau, sapa sing temen bakal tinemu!