Materi 2 klas xi

Materi Geguritan III

Maca Geguritan

Bab kang kudu digatekake supaya maca geguritan luwih apik

  1. cendhak dhukure swara (intonasi)

  2. dawa cendhake swara utawa cekak lanture (irama)

  3. tumuruntun lan mandhege ukara utawa tetembungan (jeda)

  4. owah gingsire pasuryan lan obahe awak (mimik lan pantomimik)

Praktek Maca Geguritan

Cak-cakan kang dudu disiyapake supaya bisa maca geguritan kanthi apik yaiku:

  • Solah bawa, patrape, obah owahe awak, gestur dhewe-dhewe

  • Olah Swara, sesambungan karo tata pangaturing napas, lan pamedhote swara

  • Penampilan, ekspresi, mimik. Nalika ukarane sedhih ya kudu sedhih, yen bagya ya kudu bagya.

  • Sambung (komunikatif) antarane pamaca lan pamirsa kudu nyawiji, ora mung maca dhewe tapi kudu bisa macakake kanthi ekspresi supaya pamirsa bisa larut/terhanyut karo geguritan kasebut

  • Sarana, apa wae kang bisa nyengkuyung anggone maca geguritan isa lagu, papan panggonan, panggung, latar wektu, dll

Saiki semaken geguritan ing ngisor iki kanthi tumemen.

Bubare ndheleng video geguritan ing ndhuwur banjur saiki nggaweya video Maca Geguritan kanthi tema bebas, bisa nggawe karangane dhewe utawa karangan geguritane wong liya, nanging kudu nggunakake basa Jawa. Durasi bebas.

Nggunakake rasukan seragam sekolah batik. lan dikumpulake arupa postingan video ing instagram kanthi hastag

#macageguritan #smkislamkrembung

Sajrone postingan diwenehi Jeneng, Kelas, Lan Jurusan.

*maksimal 2 minggu postingan wis diupload, ora oleh diprivate akun ig. luwih saka 2 minggu ora antuk biji.

Ana pitakonan mangga langsung WA kula ing Lawang Ngarep. nanging kudu diwaca lan dingerteni materi ing ndhuwur iku dhisik banjur yen ana sing kurang cetha mangga WA. Matur nuwun semangat sinau, muga Gusti Allah amberkahi...